Mikha
5 ”Penduduk kutha sing diserang,
Kowé saiki mbesèti awakmu.
Mungsuh wis ngepung awaké dhéwé.+
Wong-wong nggebugi pipiné hakim Israèl nganggo tongkat.+
Ning, saka kowé bakal ana wong sing dadi penguasa ing Israèl+ sing bakal nindakké karep-Ku,
Dhèwèké wis ana kèt jaman mbiyèn, kèt mbiyèn banget.
3 Mula, Gusti Allah bakal ninggalké umaté,
Nganti wong wédok sing arep nglairké bener-bener nglairké,
Lan sedulur-seduluré lanang penguasa kuwi sing isih urip bakal bali manèh marang bangsa Israèl.
4 Penguasa kuwi bakal tumindak lan angon rakyaté nganggo kekuwatané Yéhuwah+
Lan nganggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé sing hébat.
Wong-wong kuwi bakal aman manggon ing kono.+
Kehébatané penguasa kuwi bakal nganti tekan ujung bumi.+
5 Dhèwèké bakal nggawé ayem tentrem.+
Nèk Asiria nyerang tanahé awaké dhéwé lan ngidak-idak menara sing ana bèntèngé,+
Awaké dhéwé bakal nglantik gembala pitu, malah pemimpin wolu saka antarané manungsa, kanggo nglawan Asiria.
6 Wong-wong kuwi bakal nggunakké pedhang kanggo nglawan* Asiria+
Lan nglawan tanah Nimrod+ ing perbatasané.
Pas Asiria nyerang tanahé awaké dhéwé lan ngidak-idak dhaérahé awaké dhéwé,
Penguasa kuwi bakal nylametké awaké dhéwé.+
7 Keturunané Yakub sing isih urip bakal ana ing antarané akèh wong
Kaya embun saka Yéhuwah,
Kaya udan deres sing nyirami tanduran,
Sing ora ngarep-arep manungsa
Utawa nunggu-nunggu anaké manungsa.
8 Keturunané Yakub sing isih urip bakal ana ing antarané akèh bangsa,
Ing antarané akèh wong,
Kaya singa ing antarané kéwan liar ing hutan,
Kaya singa enom ing antarané domba-domba,
Sing bakal nyerang lan nyabik-nyabik.
Ora ana sing isa nylametké mangsané.
9 Kowé bakal ngalahké mungsuh-mungsuhmu,
Lan kabèh mungsuhmu bakal dipatèni.”
10 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,
Aku bakal nyingkirké jaran-jaran lan kréta-krétamu.
11 Aku bakal ngremuk kutha-kutha ing tanahmu
Lan ngambrukké kabèh bèntèngmu.
12 Aku bakal nyingkirké ilmu gaib sing mbok gunakké,
Lan para dhukun bakal ora ana manèh.+
13 Aku bakal ngremuk patung ukiran lan tugu-tugu sucimu,*
Lan kowé ora bakal sujud manèh karo barang-barang sing mbok gawé.+
15 Aku bakal nesu banget lan ngukum
Bangsa-bangsa sing ora manut.”