PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 49:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Tongkat kerajaan ora bakal dijupuk saka Yéhuda,+ lan tongkat pamréntahan ana ing antarané sikilé, nganti Syilo* teka,+ lan kabèh wong bakal manut karo dhèwèké.*+

  • 1 Babad 5:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Senajan Yéhuda+ luwih unggul timbang sedulur-seduluré lan wong sing dadi pemimpin bakal metu saka dhèwèké,+ ning hak dadi anak pertama kuwi duwèké Yusuf.

  • Yésaya 9:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Ana bocah sing wis lair kanggo awaké dhéwé.+

      Ana bocah lanang sing wis diwènèhké marang awaké dhéwé.

      Bocah kuwi bakal nduwé hak kanggo mréntah.+

      Dhèwèké bakal disebut Penaséhat sing hébat,+ Gusti sing kuwat,+ Bapak sing ana saklawasé, lan Pemimpin sing nggawé rukun lan tentrem.

  • Matius 2:4-6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Bar kuwi, Raja Hérodès ngumpulké para imam kepala lan para ahli Taurat, terus takon ing endi Kristus* bakal lair. 5 Para imam kepala lan para ahli Taurat kuwi njawab, ”Ing Bètlehèm+ ing Yudéa, merga ana nabi sing nulis, 6 ’Bètlehèm ing Yéhuda, kowé kuwi dudu kutha sing ora penting kanggoné para penguasa Yéhuda, merga saka kowé bakal ana wong sing dadi penguasa sing bakal angon umat-Ku Israèl.’”+

  • Lukas 1:32, 33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Dhèwèké bakal dadi wong sing penting+ lan bakal disebut Anaké Sing Mahaluhur.+ Gusti Allah Yéhuwah* bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé.*+ 33 Dhèwèké bakal dadi rajané keturunané Yakub nganti saklawasé, lan pamréntahané* bakal ana sakterusé.”+

  • Lukas 2:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Dina iki, ing kuthané Daud,+ wis lair wong sing bakal nylametké kowé.+ Dhèwèké kuwi Kristus lan Gusti.+

  • Yohanes 7:42
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 Kitab Suci kan kandha nèk Kristus kuwi keturunané Daud+ lan asalé saka Bètlehèm,+ yaiku désa asalé Daud.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim