PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 49:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”Kowé Yéhuda,+ kowé bakal dipuji karo kakang adhimu.+ Kowé bakal ngalahké mungsuhmu.*+ Anak-anaké lanang bapakmu bakal mbungkuk ing ngarepmu.+

  • Purwaning Dumadi 49:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Tongkat kerajaan ora bakal dijupuk saka Yéhuda,+ lan tongkat pamréntahan ana ing antarané sikilé, nganti Syilo* teka,+ lan kabèh wong bakal manut karo dhèwèké.*+

  • Wilangan 2:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 ”Kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Yéhuda bakal kémah ing sisih wétan, ing arah matahari terbit, nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné suku Yéhuda yaiku Nahsyon+ anaké Aminadab.

  • Wilangan 10:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Sing pertama mangkat yaiku kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Yéhuda nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné kelompok kuwi yaiku Nahsyon+ anaké Aminadab.

  • Para Hakim 1:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 1 Sakwisé Yosua mati,+ wong Israèl* takon marang Yéhuwah,+ ”Saka antarané bangsaku, sapa dhisik sing bakal maju nglawan wong Kanaan?” 2 Yéhuwah njawab, ”Suku Yéhuda dhisik.+ Aku bakal nyerahké* tanah kuwi marang dhèwèké.”

  • Mazmur 60:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Giléad lan Manasyé kuwi duwèk-Ku,+

      Lan Éfraim kuwi tutup sirah-Ku saka wesi.

      Yéhuda kuwi tongkat pamréntahan-Ku.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim