Mazmur
Lagu kanggo dina Sabat.
92 Oh Gusti Allah sing Mahaluhur, aku seneng banget isa ngucap syukur marang Yéhuwah+
Lan nyanyi lagu pujian* kanggo jeneng-Mu.
2 Pas ésuk, aku seneng banget nyritakké soal katresnan-Mu,*+
Lan pas bengi, aku seneng banget nyritakké soal kesetiaan-Mu
3 Nganggo iringan harpa sing gedhé
Lan harpa sing swarané merdu.+
4 Oh Yéhuwah, kabèh sing Njenengan tindakké nggawé aku seneng.
Kabèh sing Njenengan tindakké nggawé aku sorak-sorak merga seneng.
5 Oh Yéhuwah, kabèh sing Njenengan tindakké kuwi luar biasa.+
6 Wong sing ora isa nalar ora bakal ngerti soal kuwi.
Wong sing bodho ora isa paham soal iki:+
7 Senajan wong jahat saya akèh kaya suket sing thukul
Lan wong sing nindakké kejahatan saya makmur,
Ning akhiré wong-wong kuwi bakal disingkirké saklawasé.+
8 Tapi Njenengan bakal diluhurké saklawasé, oh Yéhuwah.
9 Oh Yéhuwah, deloken pas mungsuh-mungsuh-Mu kalah.
Mungsuh-mungsuh-Mu mesthi bakal mati.
Kabèh wong sing nindakké kejahatan bakal kocar-kacir.+
10 Ning, Njenengan nggawé aku kuwat kaya banthèng.
Kulitku bakal tak olèsi minyak sing anyar+ bèn lembab.
11 Aku bakal ndelok mungsuh-mungsuhku kalah.+
Aku bakal krungu nèk wong jahat sing nyerang aku dikalahké.
12 Ning, wong sing bener bakal saya makmur kaya wit palem sing subur
Lan dadi saya gedhé kaya wit aras Lébanon.+
13 Wong kuwi kaya wit sing ditandur ing omahé Yéhuwah
Lan dadi subur ing halaman omahé Gusti Allahé awaké dhéwé.+
14 Senajan wis tuwa,* wit kuwi tetep metu buahé.+
Dhèwèké kuwi gunung watuku,+ lan Dhèwèké ora tau nindakké sing ora adil.