1 Korintus
16 Saiki, aku péngin ngomongké soal nglumpukké sumbangan kanggo wong-wong suci.+ Kowé isa manut karo petunjuk sing wis tak wènèhké marang jemaat-jemaat ing Galatia. 2 Dina pertama saben minggu, saben wong ing antaramu kudu nyisihké dhuwit menurut kesanggupané dhéwé-dhéwé. Dadi, kowé ora perlu nglumpukké dhuwit manèh wektu aku teka. 3 Sakwisé aku tekan kana, aku bakal ngongkon sedulur-sedulur lanang nggawa sumbangan sing wis réla mbok wènèhké ing Yérusalèm. Sing tak kongkon kuwi sedulur-sedulur sing wis mbok setujui, kaya sing mbok tulis ing suratmu.+ 4 Tapi, nèk kétoké luwih apik aku mrana, aku bakal mèlu mrana bareng sedulur-sedulur kuwi.
5 Aku arep lunga ing Makédonia. Sakwisé lunga ing Makédonia,+ aku bakal marani kowé. 6 Aku bakal manggon rada suwé karo kowé, mungkin nganti musim dingin rampung. Sakwisé kuwi, kowé isa ngancani aku nganti sebagéan perjalananku. 7 Aku ora péngin mung mampir thok. Nèk Yéhuwah* ngéntukké, aku péngin manggon rada suwé karo kowé.+ 8 Saiki, aku bakal tetep ing Éfésus+ nganti Perayaan Péntakosta, 9 merga ana kesempatan sing gedhé* kanggo ngrampungi gawéan nginjilku.+ Ning, ana akèh sing nentang.
10 Pas Timotius+ teka, tulung kowé kerja sama karo dhèwèké bèn dhèwèké ora wedi, merga dhèwèké nyambut gawé kanggo Yéhuwah,*+ padha kaya aku. 11 Mula, aja nganti ana sing ngrèmèhké dhèwèké. Tulung dhèwèké dibantu bèn dhèwèké isa slamet wektu neruské perjalanané lan isa teka marani aku, merga aku lan sedulur-sedulur liyané wis ngentèni dhèwèké.
12 Saiki, aku péngin ngomongké soal Apolos+ seduluré awaké dhéwé. Aku wis njaluk tenanan marang dhèwèké bèn marani kowé bareng sedulur-sedulur liyané. Ning, dhèwèké durung gelem teka saiki. Dhèwèké bakal teka pas ana kesempatan.
13 Kowé kudu tetep sadhar,+ nduwé iman sing kuwat,+ kendel,+ lan kuwat.+ 14 Kowé kudu nindakké apa waé nganggo katresnan.+
15 Kowé ngerti nèk kabèh wong sing ana ing omahé Stéfanas kuwi murid-murid sing pertama ing Akhaya, lan wong-wong kuwi terus siap nglayani wong-wong suci. Mula sedulur-sedulur, iki sing tak jaluk saka kowé: 16 Kowé kudu terus manut karo wong-wong sing kaya ngono lan karo kabèh wong sing wis kerja sama lan kerja keras.+ 17 Aku seneng banget merga Stéfanas,+ Fortunatus, lan Akhaikus teka. Wong-wong kuwi wis akèh mbantu aku wektu kowé ora ana ing kéné. 18 Wong-wong kuwi wis nyemangati aku lan kowé. Mula, kowé kudu ngajèni wong-wong sing kaya ngono.
19 Jemaat-jemaat ing Asia ngirim salam kanggo kowé. Akuila lan Priska,* bareng karo jemaat sing ngibadah ing omahé,+ ya ngirim salam sing tulus kanggo kowé, merga kowé padha-padha muridé Gusti. 20 Kabèh sedulur titip salam kanggo kowé. Kowé kudu ramah lan apikan karo sedulur liyané.*
21 Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé.
22 Nèk ana wong sing ora nresnani Gusti, wong kuwi pantes dikutuk. Gustiku, muga-muga njenengan ndang teka. 23 Muga-muga Gusti Yésus apikan banget karo kowé. 24 Aku nresnani kowé sing dadi murid-muridé Kristus Yésus.