Yosua
17 Iki hasil undhi+ kanggo suku Manasyé,+ anak pertamané Yusuf.+ Merga Makhir+ anak pertamané Manasyé lan bapaké Giléad kuwi pejuang, mula Makhir éntuk tanah Giléad lan Basyan.+ 2 Lan ana hasil undhi kanggo keturunané Manasyé liyané nurut keluargané, yaiku kanggo anak-anaké lanang Abi-èzèr,+ Hèlèk, Asrièl, Syikhèm, Hèfèr, lan Syémida. Kuwi wong-wong lanang keturunané Manasyé anaké Yusuf nurut keluargané.+ 3 Ning, Zéloféhad+ anaké Hèfèr, anaké Giléad, anaké Makhir, anaké Manasyé mung nduwé anak wédok, ora nduwé anak lanang. Jenengé yaiku Mahla, Noa, Hogla, Milka, lan Tirza. 4 Mula, cah-cah wédok kuwi ngadhep Imam Èléazar,+ Yosua anaké Nun, lan para pemimpin, terus kandha, ”Yéhuwah sing mréntahké Musa kanggo mènèhi aku tanah warisan ing antarané sedulur-sedulurku.”+ Mula, kaya sing dipréntahké Yéhuwah, anak-anaké Zéloféhad kuwi diwènèhi tanah warisan ing antarané sedulur-seduluré bapaké.+
5 Sakliyané tanah Giléad lan Basyan sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, ana manèh sepuluh bagéan tanah sing diwènèhké marang Manasyé.+ 6 Wong-wong Manasyé nampa bagéan tanah kuwi merga anak-anak wédok saka suku Manasyé ya nampa tanah warisan kaya anak-anak lanang. Tanah Giléad ya wis dadi duwèké keturunané Manasyé sing liyané.
7 Batas dhaérahé Manasyé yaiku saka Asyèr tekan Mikhmétat,+ ing ngarepé Syikhèm,+ lan terus ngidul* menyang dhaérahé penduduk Èn-Tapua. 8 Dhaérah Tapua+ dadi duwèké Manasyé, ning kutha Tapua sing ana ing batas dhaérahé Manasyé kuwi duwèké keturunané Éfraim. 9 Batas dhaérah kuwi terus mudhun ngidul menyang Lembah* Kanah. Ing kana, ana kutha-kuthané wong Éfraim ing antarané kutha-kuthané Manasyé.+ Batas dhaérahé Manasyé ana ing sisih lor lembah kuwi, terus mentog ing laut.+ 10 Sing sisih kidul kuwi duwèké Éfraim, sing sisih lor duwèké Manasyé, lan batasé yaiku laut.+ Nèk ngalor, wong-wong kuwi* tekan dhaérahé Asyèr, lan nèk ngétan tekan dhaérahé Isakhar.
11 Iki kutha-kutha sing diwènèhké marang Manasyé ing dhaérah Isakhar lan Asyèr termasuk penduduké lan kutha-kutha ing sekitaré: Bèt-syéan, Ibléam,+ Dor,+ Èn-dor,+ Taanakh,+ lan Mégido. Telu dhaérah perbukitan kuwi dadi duwèké suku Manasyé.
12 Ning, keturunané Manasyé ora isa ngrebut kutha-kutha iki, lan wong Kanaan meksa manggon ing tanah iki.+ 13 Sakwisé wong Israèl saya kuwat, wong Israèl ngongkon wong Kanaan kerja paksa,+ ning ora ngusir kabèh wong kuwi.*+
14 Keturunané Yusuf kandha marang Yosua, ”Ngapa kok aku lan sedulur-sedulurku iki* mung diwènèhi sak bagéan tanah?*+ Padahal jumlahku akèh banget merga Yéhuwah wis mberkahi aku nganti saiki.”+ 15 Yosua njawab, ”Nèk jumlahmu pancèn akèh, lungaa lan babatana hutan sing ana ing dhaérahé wong Pèriz+ lan Réfaim,+ terus manggona ing kana merga dhaérah pegunungan Éfraim+ pancèn terlalu sempit kanggo kowé.” 16 Terus keturunané Yusuf kandha, ”Dhaérah pegunungan kuwi ora cukup kanggo aku. Wong Kanaan sing manggon ing dhaérah lembah padha nduwé kréta perang+ sing ana sabit wesiné.* Kuwi termasuk wong-wong Bèt-syéan+ lan kutha-kutha ing sekitaré lan wong-wong ing Lembah Yizréèl.”+ 17 Mula, Yosua kandha marang keturunané Yusuf, yaiku marang Éfraim lan Manasyé, ”Jumlahmu kuwi akèh banget lan kowé ya kuwat. Kowé ora mung bakal éntuk sak bagéan,+ 18 ning kabèh dhaérah pegunungan ya bakal dadi duwèkmu.+ Senajan wujudé isih hutan, kuwi isa mbok babati lan mbok dadèkké batas dhaérahmu. Kowé bakal ngusir wong Kanaan, senajan wong-wong kuwi kuwat lan nduwé kréta perang sing ana sabit wesiné.”*+