PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 36
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Yérémia ndhéktékké kata-kata bèn ditulis ing gulungan (1-7)

      • Barukh macakké gulungan kuwi (8-19)

      • Yéhoyakim ngobong gulungan kuwi (20-26)

      • Beritané ditulis manèh ing gulungan liyané (27-32)

Yérémia 36:1

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:36; Yér 25:1

Yérémia 36:2

Réferènsi Silang

  • +Yér 4:16; 32:30
  • +Yér 1:5; 25:9
  • +Yér 1:1, 2; 25:3

Yérémia 36:3

Réferènsi Silang

  • +Yés 55:7; Yèh 33:11; Mi 7:18

Yérémia 36:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 32:12; 45:2-5
  • +Yér 45:1

Yérémia 36:8

Réferènsi Silang

  • +Yér 7:1, 2

Yérémia 36:9

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:36
  • +2Bb 20:2, 3; Èst 4:15, 16

Yérémia 36:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”ruang makané”.

  • *

    Utawa ”penulis”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 36:25
  • +2Raj 22:8; 2Bb 34:20, 21; Yér 26:24; 39:13, 14; Yèh 8:11
  • +Yér 26:10

Yérémia 36:12

Réferènsi Silang

  • +Yér 36:20
  • +Yér 36:25
  • +2Raj 22:14; Yér 26:22

Yérémia 36:19

Réferènsi Silang

  • +Yér 36:26

Yérémia 36:21

Réferènsi Silang

  • +Yér 36:14

Yérémia 36:22

Cathetan Ngisor

  • *

    Pertengahan November nganti pertengahan Desember. Deloken Lamp. B15.

Yérémia 36:25

Réferènsi Silang

  • +2Raj 24:8
  • +Yér 36:12
  • +Yér 36:10

Yérémia 36:26

Réferènsi Silang

  • +Yér 1:19

Yérémia 36:27

Réferènsi Silang

  • +Yér 36:2

Yérémia 36:28

Réferènsi Silang

  • +Yér 36:23

Yérémia 36:29

Réferènsi Silang

  • +Yér 25:8, 9

Yérémia 36:30

Réferènsi Silang

  • +2Raj 24:6, 8, 15; 2Bb 36:9, 10; Yér 22:24, 30
  • +Yér 22:18, 19

Yérémia 36:31

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”benihé”.

Réferènsi Silang

  • +PT 28:15; Yér 19:15
  • +2Bb 36:15, 16

Yérémia 36:32

Réferènsi Silang

  • +Yér 36:2, 4
  • +Yér 36:23

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 36:12Raj 23:36; Yér 25:1
Yér. 36:2Yér 4:16; 32:30
Yér. 36:2Yér 1:5; 25:9
Yér. 36:2Yér 1:1, 2; 25:3
Yér. 36:3Yés 55:7; Yèh 33:11; Mi 7:18
Yér. 36:4Yér 32:12; 45:2-5
Yér. 36:4Yér 45:1
Yér. 36:8Yér 7:1, 2
Yér. 36:92Raj 23:36
Yér. 36:92Bb 20:2, 3; Èst 4:15, 16
Yér. 36:10Yér 36:25
Yér. 36:102Raj 22:8; 2Bb 34:20, 21; Yér 26:24; 39:13, 14; Yèh 8:11
Yér. 36:10Yér 26:10
Yér. 36:12Yér 36:20
Yér. 36:12Yér 36:25
Yér. 36:122Raj 22:14; Yér 26:22
Yér. 36:19Yér 36:26
Yér. 36:21Yér 36:14
Yér. 36:252Raj 24:8
Yér. 36:25Yér 36:12
Yér. 36:25Yér 36:10
Yér. 36:26Yér 1:19
Yér. 36:27Yér 36:2
Yér. 36:28Yér 36:23
Yér. 36:29Yér 25:8, 9
Yér. 36:302Raj 24:6, 8, 15; 2Bb 36:9, 10; Yér 22:24, 30
Yér. 36:30Yér 22:18, 19
Yér. 36:31PT 28:15; Yér 19:15
Yér. 36:312Bb 36:15, 16
Yér. 36:32Yér 36:2, 4
Yér. 36:32Yér 36:23
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 36:1-32

Yérémia

36 Ing taun kepapat pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia, raja Yéhuda, Yéhuwah kandha marang Yérémia, 2 ”Jupuken gulungan, lan tulisen kabèh sing wis tau Tak omongké marang kowé soal Israèl, Yéhuda,+ lan kabèh bangsa.+ Tulisen kabèh omongan-Ku kèt dina pertama Aku ngomong marang kowé pas jamané Yosia nganti saiki.+ 3 Sapa ngerti wong Yéhuda ora nindakké manèh apa sing jahat pas wong-wong kuwi krungu soal kabèh bencana sing arep Tak wènèhké marang wong-wong kuwi, supaya Aku isa ngapura kesalahan lan dosané wong-wong kuwi.”+

4 Terus Yérémia ngundang* Barukh+ anaké Néria. Yérémia ndhékté Barukh kabèh sing wis diomongké Yéhuwah marang Yérémia, lan Barukh nulis kuwi ing gulungan mau.+ 5 Bar kuwi, Yérémia mréntahké Barukh, ”Aku ora diijinké mlebu ing omahé Yéhuwah, 6 mula kowé sing kudu mlebu mrana lan macakké omongané Yéhuwah sing wis tak dhékté lan sing wis mbok tulis ing gulungan mau. Wacakna kuwi ing omahé Yéhuwah pas dina pasa ing ngarepé kabèh wong sing teka, termasuk kabèh wong Yéhuda sing teka saka kutha-kutha liya. 7 Sapa ngerti wong-wong kuwi bakal ndonga marang Yéhuwah bèn dimesakké lan saben wong ora nindakké manèh apa sing jahat, merga Yéhuwah wis ngomong nèk Dhèwèké nesu banget marang bangsa iki.”

8 Mula, Barukh anaké Néria nindakké kabèh sing dipréntahké Nabi Yérémia. Barukh macakké kabèh omongané Yéhuwah saka gulungan mau ing omahé Yéhuwah.+

9 Ing taun kelima pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia, raja Yéhuda, ing sasi kesanga, kabèh penduduk Yérusalèm lan kabèh rakyat saka kutha-kutha Yéhuda padha teka menyang Yérusalèm. Ana pengumuman nèk kabèh wong kudu pasa ing ngarepé Yéhuwah.+ 10 Terus, Barukh macakké gulungan sing isiné omongané Yérémia mau marang kabèh rakyat ing omahé Yéhuwah, ing ruangané* Gémaria+ anaké Syafan+ penyalin* kuwi, yaiku ing halaman ndhuwur, ing ngarepé gerbang anyar omahé Yéhuwah.+

11 Pas Mikaya anaké Gémaria anaké Syafan krungu kabèh sing diomongké Yéhuwah ing gulungan kuwi, 12 dhèwèké lunga menyang istanané raja, menyang ruangané sekretaris. Kabèh pejabat lagi padha lungguh ing kana, yaiku Èlisyama+ sekretaris kuwi, Délaya anaké Syémaya, Èlnatan+ anaké Akhbor,+ Gémaria anaké Syafan, Zédékia anaké Hanania, lan kabèh pejabat liyané. 13 Mikaya ngandhani para pejabat kuwi soal kabèh sing dhèwèké rungokké pas Barukh macakké gulungan kuwi marang rakyat.

14 Terus, kabèh pejabat kuwi ngutus Yéhudi anaké Nétania anaké Syélémia anaké Kusyi marani Barukh lan kandha, ”Maraa lan gawanen gulungan sing mbok wacakké marang rakyat.” Bar kuwi, Barukh anaké Néria marani para pejabat kuwi karo nggawa gulungan mau. 15 Para pejabat kuwi kandha, ”Lungguha ing kéné, lan wacakna kuwi.” Mula, Barukh macakké gulungan mau marang wong-wong kuwi.

16 Bar krungu kabèh omongan kuwi, para pejabat kuwi langsung wedi lan padha delok-delokan, terus ngomong marang Barukh, ”Awaké dhéwé kudu ngandhani Raja soal iki.” 17 Para pejabat kuwi nakoni Barukh, ”Saka ngendi kowé ngerti kabèh omongan iki? Apa Yérémia ndhékté kowé?” 18 Barukh njawab, ”Ya, Yérémia sing ndhékté aku, terus kuwi tak tulis ing gulungan iki nganggo tinta.” 19 Para pejabat kuwi kandha marang Barukh, ”Kowé lan Yérémia kudu ndhelik. Aja nganti ana sing ngerti kowé ing endi.”+

20 Terus, para pejabat kuwi nyimpen gulungan mau ing ruangané Èlisyama sekretaris kuwi lan nemoni Raja ing halaman, terus ngandhani Raja soal kabèh isiné gulungan mau.

21 Raja ngutus Yéhudi+ njupuk gulungan mau. Mula, Yéhudi njupuk gulungan mau saka ruangané Èlisyama sekretaris kuwi lan macakké marang Raja lan kabèh pejabat sing ngadeg ing cedhaké Raja. 22 Wektu kuwi bulan kesanga* lan Raja lagi ana ing omah musim dinginé. Ing ngarepé ana tungku sing ana geniné bèn awaké anget. 23 Saben Yéhudi rampung macakké telu utawa patang kolom, Raja ngethok bagéan kuwi nganggo pisauné sekretaris, terus dibuwang ing tungku mau nganti kabèh gulungan mau entèk kobong. 24 Raja lan abdi-abdiné sing krungu kabèh omongan kuwi ora padha wedi lan ora nyuwèk klambiné. 25 Senajan Èlnatan,+ Délaya,+ lan Gémaria+ wis njaluk bèn Raja ora ngobong gulungan mau, Raja ora gelem ngrungokké. 26 Sakwisé kuwi, Raja mréntahké Yérahméèl anaké raja, Séraya anaké Azrièl, lan Syélémia anaké Abdéèl bèn nangkep Barukh sekretaris kuwi lan nangkep Nabi Yérémia. Ning, Yéhuwah ndhelikké wong loro kuwi.+

27 Sakwisé Raja ngobong gulungan sing didhékté Yérémia marang Barukh,+ Yéhuwah kandha manèh marang Yérémia, 28 ”Jupuken gulungan liya, lan tulisen kabèh omongan sing ana ing gulungan sing pertama, sing wis diobong Yéhoyakim raja Yéhuda.+ 29 Terus, kandhanana Yéhoyakim raja Yéhuda, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kowé wis ngobong gulungan kuwi lan kandha, ’Ngapa kok kowé nulis nèk raja Babilon mesthi bakal teka, terus ngremuk tanah iki lan nyingkirké kabèh wong lan kéwané?’+ 30 Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah soal Yéhoyakim raja Yéhuda: ’Ora ana keturunané sing bakal lungguh ing takhtané Daud.+ Mayaté bakal dijarké kepanasen pas awan lan kadhemen pas bengi.+ 31 Aku bakal ngukum dhèwèké, keturunané,* lan para abdiné merga kesalahané wong-wong kuwi. Aku bakal mènèhi bencana marang wong-wong kuwi, marang penduduk Yérusalèm, lan marang wong Yéhuda kaya sing wis Tak omongké,+ merga wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké Aku.’”’”+

32 Bar kuwi, Yérémia njupuk gulungan liya, terus mènèhké kuwi marang Barukh anaké Néria sekretaris kuwi.+ Terus Yérémia ndhékté Barukh, lan Barukh nulis kabèh sing diomongké Yérémia, yaiku kabèh sing ditulis ing gulungan sing diobong Yéhoyakim raja Yéhuda.+ Ana manèh kata-kata liyané sing kaya ngono sing ditambahké ing gulungan kuwi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim