PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 9
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Kaimaman

      • Harun mènèhké persembahan kanggo pelantikan (1-24)

Kaimaman 9:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

  • *

    Utawa ”para sesepuhé”.

Réferènsi Silang

  • +Km 8:35

Kaimaman 9:2

Réferènsi Silang

  • +Km 4:3

Kaimaman 9:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Km 3:1
  • +Km 2:4; 6:14
  • +Pa 29:43

Kaimaman 9:6

Réferènsi Silang

  • +Pa 16:10; 24:16; 40:34

Kaimaman 9:7

Réferènsi Silang

  • +Km 4:3
  • +Ibr 7:27
  • +Ibr 5:1-3
  • +Km 16:33

Kaimaman 9:8

Réferènsi Silang

  • +Km 4:3, 4

Kaimaman 9:9

Réferènsi Silang

  • +Ibr 9:22
  • +Km 4:7; 8:14, 15

Kaimaman 9:10

Réferènsi Silang

  • +Km 4:8-10

Kaimaman 9:11

Réferènsi Silang

  • +Km 4:11, 12; Ibr 13:11

Kaimaman 9:12

Réferènsi Silang

  • +Km 1:5

Kaimaman 9:14

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.

Kaimaman 9:16

Réferènsi Silang

  • +Km 1:3; 6:9

Kaimaman 9:17

Réferènsi Silang

  • +Km 2:1, 11, 13
  • +Pa 29:39

Kaimaman 9:18

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Km 3:1, 2

Kaimaman 9:19

Réferènsi Silang

  • +Km 3:3, 4
  • +Km 3:9, 10

Kaimaman 9:20

Réferènsi Silang

  • +Km 7:29-31

Kaimaman 9:21

Réferènsi Silang

  • +Pa 29:27, 28

Kaimaman 9:22

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Wi 6:23-27; PT 10:8; 21:5; 1Bb 23:13

Kaimaman 9:23

Réferènsi Silang

  • +2Sam 6:18; 2Bb 6:3
  • +Km 9:6

Kaimaman 9:24

Réferènsi Silang

  • +PH 6:21; 1Bb 21:26
  • +1Raj 18:38, 39; 2Bb 7:1, 3

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Km. 9:1Km 8:35
Km. 9:2Km 4:3
Km. 9:4Km 3:1
Km. 9:4Km 2:4; 6:14
Km. 9:4Pa 29:43
Km. 9:6Pa 16:10; 24:16; 40:34
Km. 9:7Km 4:3
Km. 9:7Ibr 7:27
Km. 9:7Ibr 5:1-3
Km. 9:7Km 16:33
Km. 9:8Km 4:3, 4
Km. 9:9Ibr 9:22
Km. 9:9Km 4:7; 8:14, 15
Km. 9:10Km 4:8-10
Km. 9:11Km 4:11, 12; Ibr 13:11
Km. 9:12Km 1:5
Km. 9:16Km 1:3; 6:9
Km. 9:17Km 2:1, 11, 13
Km. 9:17Pa 29:39
Km. 9:18Km 3:1, 2
Km. 9:19Km 3:3, 4
Km. 9:19Km 3:9, 10
Km. 9:20Km 7:29-31
Km. 9:21Pa 29:27, 28
Km. 9:22Wi 6:23-27; PT 10:8; 21:5; 1Bb 23:13
Km. 9:232Sam 6:18; 2Bb 6:3
Km. 9:23Km 9:6
Km. 9:24PH 6:21; 1Bb 21:26
Km. 9:241Raj 18:38, 39; 2Bb 7:1, 3
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kaimaman 9:1-24

Kaimaman

9 Ing dina kewolu,+ Musa ngundang* Harun, anak-anaké lanang Harun, lan para pemimpiné* Israèl. 2 Dhèwèké kandha marang Harun, ”Jupuken sapi enom siji kanggo persembahan dosa+ lan domba lanang siji kanggo persembahan bakaran. Kéwané kudu sing séhat. Terus, wènèhna kuwi ing ngarepé Yéhuwah. 3 Bar kuwi, kandhaa marang wong Israèl, ’Jupuken kambing lanang siji kanggo persembahan dosa. Lan jupuken sapi enom siji lan domba lanang enom siji kanggo persembahan bakaran, loro-loroné kudu sing séhat lan umuré setaun. 4 Terus, jupuken sapi lanang siji lan domba lanang siji kanggo korban kerukunan.*+ Wènèhna kuwi kabèh ing ngarepé Yéhuwah, lan wènèhna persembahan biji-bijian+ sing wis dicampur minyak, merga dina iki Yéhuwah bakal nemoni kowé.’”+

5 Mula, wong-wong padha nggawa kabèh sing dipréntahké Musa mau menyang ngarepé kémah pertemuan. Terus, kabèh wong Israèl padha nglumpuk lan ngadeg ing ngarepé Yéhuwah. 6 Musa kandha, ”Iki préntahé Yéhuwah sing kudu mbok tindakké. Yéhuwah bakal nduduhké kemuliaané marang kowé.”+ 7 Terus, Musa kandha marang Harun, ”Nyedhaka ing mézbah lan wènèhna persembahan dosa+ lan persembahan bakaranmu. Njaluka bèn dosamu+ lan dosané keluargamu diapura.+ Terus, wènèhna persembahan saka bangsa iki lan njaluka bèn dosané bangsa iki diapura+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah.”

8 Harun langsung nyedhak ing mézbah lan mbelèh sapi enom siji dadi persembahan dosa kanggo dhèwèké dhéwé.+ 9 Bar kuwi, anak-anaké lanang Harun mènèhké getihé+ sapi enom kuwi marang Harun. Harun nyelupké drijiné ing getih kuwi lan ngolèské kuwi ing sungu-sungu sing ana ing mézbah. Sisa getihé diesokké ing bagéan ngisor mézbah kuwi.+ 10 Saka sapi persembahan dosa mau, Harun njupuk gajih, ginjal, lan gajih ing atiné sapi mau, terus ngobong kuwi ing mézbah kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+ 11 Daging lan kulité diobong nganggo geni ing njaba perkémahan.+

12 Terus, Harun mbelèh korban kanggo persembahan bakaran. Anak-anaké lanang Harun mènèhké getihé korban kuwi marang Harun, bar kuwi Harun nyipratké getih kuwi ing sak ubengé mézbah.+ 13 Potongan-potongan kéwan persembahan bakaran kuwi, termasuk endhasé, diwènèhké marang Harun. Terus, Harun ngobong kuwi kabèh ing mézbah. 14 Bar kuwi, usus lan sikilé* dikumbah, terus dibakar ing ndhuwuré persembahan bakaran ing mézbah.

15 Sakwisé kuwi, Harun mènèhké persembahan dosa kanggo bangsa kuwi. Kambing sing dienggo persembahan dosa kuwi dijupuk, dibelèh, lan diwènèhké kaya persembahan dosa sing sakdurungé. 16 Bar kuwi, Harun nggawa persembahan bakaran lan mènèhké kuwi sesuai karo petunjuk soal persembahan bakaran.+

17 Terus, Harun mènèhké persembahan biji-bijian.+ Dhèwèké njupuk sak gegem saka persembahan kuwi lan ngobong kuwi ing mézbah dadi tambahan kanggo persembahan bakaran pas ésuk.+

18 Bar kuwi, Harun mbelèh sapi lanang lan domba lanang dadi korban kerukunan* kanggo bangsa kuwi. Anak-anaké lanang Harun mènèhké getihé korban kuwi marang Harun, terus Harun nyipratké getih kuwi ing sak ubengé mézbah.+ 19 Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi njupuk bagéan-bagéan sing ana gajihé saka sapi lanang kuwi,+ lan njupuk buntut sak gajihé saka domba lanang kuwi. Wong-wong kuwi ya njupuk gajih sing nèmplèk ing jeroan, ginjal, lan gajih ing atiné sapi lan domba kuwi,+ 20 terus ndèlèhké kuwi kabèh ing ndhuwur dhadhané loro kéwan korban mau. Terus, Harun ngobong kabèh gajih kuwi ing mézbah.+ 21 Ning, dhadha lan sikil tengené kéwan korban mau kudu diayun-ayun Harun ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun kaya sing dipréntahké Musa.+

22 Sakwisé kuwi, Harun ngadhep bangsa kuwi terus ngangkat tangané lan mberkahi bangsa kuwi.+ Bar kuwi, dhèwèké mènèhké persembahan dosa, persembahan bakaran, lan korban kerukunan* terus mudhun saka mézbah. 23 Akhiré, Musa lan Harun mlebu ing kémah pertemuan, terus wong loro kuwi metu lan mberkahi bangsa kuwi.+

Sakwisé kuwi, Yéhuwah nduduhké kemuliaané marang bangsa kuwi.+ 24 Yéhuwah nyebabké ana geni+ sing ngobong persembahan bakaran lan gajih-gajih sing ana ing mézbah nganti entèk. Pas ndelok kuwi, wong-wong padha sorak-sorak lan sujud.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim