Kidung Agung
8 ”Nèk misalé kowé kakangku
Sing nyusu ibuku,
Ing ngarepé wong akèh, aku bakal ngambung kowé+ nèk ketemu kowé,
Lan ora ana sing bakal ngécé aku.
Aku bakal mènèhi kowé anggur sing énak
Lan sari buah delima sing seger.
3 Tangan kiwané ndemèk sirahku,
Lan tangan tengené ndhekep aku.+
4 Wong-wong wédok ing Yérusalèm, kowé kudu nggawé sumpah,
Aja ngojok-ojoki aku bèn jatuh cinta sakdurungé wektuné.”+
5 ”Sapa kuwi sing teka saka padhang belantara,
Sing sèndhèran kekasihé?”
”Ing ngisoré wit apel, kowé tak gugah.
Ing kana, ibumu ngrasakké lara wektu nglairké kowé.
Ing kana, dhèwèké nglairké kowé lan ngrasakké lara.
6 Dèlèhna aku kaya meterai ing atimu,
Kaya meterai ing tanganmu,
Katresnan kuwi padha kuwaté karo kematian,+
Rasa setya kuwi padha kuwaté karo Kuburan.*
Kuwi kaya geni sing gedhé banget, geni saka Yah.*+
Nèk ana sing arep tuku katresnan nganggo kabèh hartané,
Kuwi* bakal diécé.”
8 ”Aku nduwé adhi wédok+
Sing durung metu payudarané.
Terus aku kudu piyé
Pas ana sing nglamar dhèwèké?”
9 ”Nèk dhèwèké témbok,
Bakal tak bangun bèntèng saka pérak.
Ning nèk dhèwèké lawang,
Bakal tak pasangi palang saka kayu aras.”*
10 ”Aku kaya témbok,
Lan payudaraku kaya menara.
Mula dhèwèké isa ndelok dhéwé
Nèk atiku tentrem.
11 Salomo nduwé kebon anggur+ ing Baal-hamon.
Dhèwèké nyéwakké kebon anggur kuwi.
Saben wong kudu mbayar sèwu dhuwit pérak kanggo buahé.
12 Salomo, simpenen waé sèwu dhuwit pérakmu kuwi,
Lan wènèhna rong atus dhuwit pérak kuwi marang sing ngopèni kebon kuwi,
Merga aku nduwé kebon anggurku dhéwé.”
13 ”Kowé sing lungguh ing kebon-kebon,+
Kanca-kanca péngin banget krungu swaramu.
Aku ya péngin krungu swaramu.”+
14 ”Ayo cepet, sayangku.