Yérémia
24 Terus, Yéhuwah nduduhké marang aku rong kranjang buah ara sing didèlèhké ing ngarep baité Yéhuwah. Kuwi ditindakké sakwisé Yékonia*+ anaké Yéhoyakim,+ yaiku raja Yéhuda, para pejabat Yéhuda, para pengrajin logam,* lan para pengrajin liyané digawa Nébukhadnézar* raja Babilon saka Yérusalèm menyang Babilon+ kanggo didadèkké tawanan. 2 Kranjang sing siji isiné buah-buah ara sing apik banget, kaya buah ara pertama. Kranjang sing sijiné isiné buah-buah ara sing èlèk banget, saking èlèké nganti ora isa dipangan.
3 Terus Yéhuwah takon marang aku, ”Kowé ndelok apa Yérémia?” Aku njawab, ”Buah ara. Sing apik, apik banget. Ning, sing èlèk, èlèk banget nganti ora isa dipangan.”+
4 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang aku, 5 ”Aku, Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl, kandha, ’Para tawanan Yéhuda sing wis Tak usir saka panggonan iki menyang tanahé wong Khaldéa bakal Tak anggep apik kaya buah ara sing apik. 6 Aku bakal nggatèkké wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi isa Tak berkahi. Aku ya bakal nggawé wong-wong kuwi bali manèh menyang tanah iki.+ Aku bakal mbangun wong-wong kuwi lan ora bakal Tak rubuhké. Aku bakal nandur wong-wong kuwi lan ora bakal Tak cabut.+ 7 Aku bakal nggawé atiné wong-wong kuwi padha péngin kenal Aku, yaiku nèk Aku iki Yéhuwah.+ Wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé,+ merga wong-wong kuwi bakal saktulusé ati+ mertobat marang Aku.
8 ”’Ning, soal buah ara sing èlèk banget nganti ora isa dipangan,+ iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kanggoku, ya kaya ngono kuwi Zédékia+ raja Yéhuda, para pejabaté, wong Yérusalèm sing isih urip ing tanah iki, lan wong-wong sing manggon ing Mesir.+ 9 Aku bakal nggawé wong-wong saka kabèh bangsa ing bumi+ dadi wedi pas ngerti bencana sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi. Ing endi waé wong-wong kuwi Tak pencarké,+ kabèh wong liyané bakal ngrèmèhké wong-wong kuwi, nggawé puisi sing ngécé wong-wong kuwi, ngrendhahké wong-wong kuwi, lan ngutuk+ wong-wong kuwi. 10 Aku bakal ngukum wong-wong kuwi nganggo pedhang,+ kelaparan, lan wabah penyakit,+ nganti wong-wong kuwi mati kabèh ing tanah sing wis Tak wènèhké marang wong-wong kuwi lan nènèk moyangé.”’”