PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 40
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Nébuzaradan mbébaské Yérémia (1-6)

      • Gédalia diangkat kanggo mréntah Yéhuda (7-12)

      • Siasat kanggo matèni Gédalia (13-16)

Yérémia 40:1

Réferènsi Silang

  • +Yér 39:9; 52:12, 13
  • +Yos 18:21, 25

Yérémia 40:3

Réferènsi Silang

  • +Yér 50:7

Yérémia 40:4

Réferènsi Silang

  • +Yér 39:11, 12

Yérémia 40:5

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:22; Yér 39:13, 14; 41:2
  • +2Raj 22:12, 13; Yér 26:24
  • +2Raj 22:8

Yérémia 40:6

Réferènsi Silang

  • +PH 20:1; 1Raj 15:22

Yérémia 40:7

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:22; Yér 39:10

Yérémia 40:8

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:23
  • +2Raj 25:25
  • +Yér 41:11, 16; 43:2
  • +Yér 42:1, 2

Yérémia 40:9

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:24; Yér 27:11

Yérémia 40:10

Réferènsi Silang

  • +Yér 39:10

Yérémia 40:14

Réferènsi Silang

  • +Yér 41:10
  • +Yér 41:2

Yérémia 40:16

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:22

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 40:1Yér 39:9; 52:12, 13
Yér. 40:1Yos 18:21, 25
Yér. 40:3Yér 50:7
Yér. 40:4Yér 39:11, 12
Yér. 40:52Raj 25:22; Yér 39:13, 14; 41:2
Yér. 40:52Raj 22:12, 13; Yér 26:24
Yér. 40:52Raj 22:8
Yér. 40:6PH 20:1; 1Raj 15:22
Yér. 40:72Raj 25:22; Yér 39:10
Yér. 40:82Raj 25:23
Yér. 40:82Raj 25:25
Yér. 40:8Yér 41:11, 16; 43:2
Yér. 40:8Yér 42:1, 2
Yér. 40:92Raj 25:24; Yér 27:11
Yér. 40:10Yér 39:10
Yér. 40:14Yér 41:10
Yér. 40:14Yér 41:2
Yér. 40:162Raj 25:22
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 40:1-16

Yérémia

40 Yéhuwah ngomong marang Yérémia sakwisé Nébuzaradan+ kepala pengawal mbébaské Yérémia ing Rama.+ Pas digawa mrono, tangané Yérémia diborgol lan dhèwèké ana ing antarané kabèh wong Yérusalèm lan Yéhuda sing arep digawa menyang Babilon kanggo didadèkké tawanan. 2 Terus, kepala pengawal kuwi nggawa Yérémia minggir lan kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahmu wis ngramalké nèk panggonan iki bakal kena bencana. 3 Yéhuwah ya wis nggawé kuwi kelakon kaya sing Dhèwèké omongké, merga bangsamu wis dosa marang Yéhuwah lan ora manut omongané. Kuwi sebabé kowé kabèh ngalami iki.+ 4 Saiki, borgolmu bakal tak uculi, lan kowé tak bébaské. Nèk kowé gelem mèlu aku menyang Babilon, ayo mèlu. Kowé bakal tak jaga. Ning, nèk kowé ora gelem mèlu aku menyang Babilon, ya ora apa-apa. Deloken kabèh wilayah ing tanah iki sing ana ing ngarepmu. Kowé bébas manggon ing endi waé ing tanah iki.”+

5 Ning sakdurungé Yérémia mutuské arep bali apa lunga, Nébuzaradan kandha, ”Balia marang Gédalia+ anaké Ahikam+ anaké Syafan+ sing wis dilantik raja Babilon kanggo mréntah kutha-kutha Yéhuda. Manggona ing kono bareng karo dhèwèké lan rakyat liyané, utawa lungaa ing endi waé sing mbok péngini.”

Terus, kepala pengawal kuwi mènèhi Yérémia panganan lan hadiah. Bar kuwi, Yérémia diejarké lunga. 6 Mula, Yérémia marani Gédalia anaké Ahikam ing Mizpa.+ Yérémia manggon karo dhèwèké lan wong-wong sing isih ana ing tanah kuwi.

7 Bar kuwi, para pemimpin pasukan ing kabèh wilayah ing tanah kuwi lan anak buahé krungu nèk raja Babilon wis ngangkat Gédalia anaké Ahikam kanggo mréntah Yéhuda lan kanggo ngurusi wong mlarat sing ora ditawan ing Babilon, embuh kuwi lanang, wédok, utawa bocah-bocah.+ 8 Terus, para pemimpin pasukan kuwi padha nemoni Gédalia ing Mizpa.+ Wong-wong kuwi yaiku Ismaèl+ anaké Nétania, Yohanan+ lan Yonatan anak-anaké Karéah, Séraya anaké Tanhumèt, anak-anaké Éfai wong Nétofa, lan Yézania+ anaké wong Maakat, bareng karo kabèh pasukané. 9 Gédalia anaké Ahikam anaké Syafan sumpah marang wong-wong kuwi lan pasukané. Gédalia kandha, ”Aja wedi dadi abdiné wong Khaldéa. Manggona ing tanah iki. Kowé kudu nglayani raja Babilon, lan kowé bakal aman.+ 10 Nèk aku, aku bakal tetep manggon ing Mizpa bèn isa dadi wakilmu ing ngarepé wong Khaldéa sing bakal teka manèh. Ning kowé, klumpukna anggur, buah musim panas, lan minyak, terus simpenen ing wadhah. Manggona ing kutha-kutha sing wis mbok rebut.”+

11 Kabèh wong Yahudi sing ana ing Moab, Ammon, Édom, lan dhaérah-dhaérah liyané ya krungu nèk raja Babilon wis ngijinké sebagéan rakyat tetep manggon ing Yéhuda. Wong-wong kuwi ya krungu nèk Raja wis ngangkat Gédalia anaké Ahikam anaké Syafan kanggo mréntah wong-wong kuwi. 12 Mula, kabèh wong Yahudi sing wis mencar ing akèh panggonan mulai padha bali menyang Yéhuda, menyang panggonané Gédalia ing Mizpa. Wong-wong kuwi padha nglumpukké akèh banget anggur lan buah musim panas.

13 Yohanan anaké Karéah lan para pemimpin pasukan ing kabèh wilayah ing tanah kuwi padha marani Gédalia ing Mizpa. 14 Wong-wong kuwi kandha, ”Njenengan ngerti ora nèk Baalis rajané wong Ammon+ wis ngongkon Ismaèl anaké Nétania bèn matèni njenengan?”+ Ning Gédalia anaké Ahikam ora percaya.

15 Terus, Yohanan anaké Karéah meneng-meneng ngandhani Gédalia ing Mizpa, ”Aku arep lunga matèni Ismaèl anaké Nétania. Ora ana sing bakal ngerti. Ngapa kok dhèwèké kudu matèni njenengan? Ngapa kok kabèh wong Yéhuda sing wis ngumpul karo njenengan dadi mencar-mencar, lan wong Yéhuda sing isih urip padha mati kabèh?” 16 Ning, Gédalia+ anaké Ahikam kandha marang Yohanan anaké Karéah, ”Aja, sing mbok omongké soal Ismaèl kuwi ora bener.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim