Yérémia
49 Iki sing diomongké Yéhuwah soal wong Ammon:+
”Apa Israèl ora nduwé anak?
Utawa apa dhèwèké ora nduwé ahli waris?
Ngapa kok Malkam*+ ngrebut Gad?+
Ngapa kok wong-wong sing nyembah dhèwèké manggon ing kutha-kutha Israèl?”
2 ”Yéhuwah kandha, ’Bakal tekan wektuné,
Aku bakal nyebabké ana swara sing nduduhké nèk ana perang nglawan Raba,+ kuthané wong Ammon.+
Dhèwèké bakal dadi tumpukan reruntuhan sing telantar,
Lan kutha-kutha ing sekitaré bakal diobong.’
’Israèl bakal ngrebut manèh tanah sing wis direbut wong Ammon,’+ kandhané Yéhuwah.
3 ’Hé penduduk Hésbon, nangisa sing banter merga Ai wis dihancurké.
Hé penduduk kutha-kutha ing sekitaré Raba, padha mbengoka.
Padha nganggoa kain goni.
Nangisa sing banter, lan mlayua ing antarané kandhang-kandhang domba*
Merga Malkam bakal ditawan bareng karo para imam lan para pemimpin+ sing nglayani dhèwèké.
4 Hé penduduk sing ora setya, ngapa kok kowé nyombongké lembah-lembahmu,
Yaiku lembah-lembahmu sing subur?
Kowé ngendelké hartamu lan kandha, ”Sapa sing wani nglawan aku?”’”
5 ”Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, kandha, ’Aku bakal nggawé kowé ngalami apa sing medèni,
Lan kuwi asalé saka kabèh sing ana ing sekitarmu.
Kowé bakal kesebar ing endi-endi,
Lan ora bakal ana sing nglumpukké wong-wong sing mlayu.’”
6 ”’Ning bar kuwi, Aku bakal nglumpukké wong-wong Ammon sing ditawan,’ kandhané Yéhuwah.”
7 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan soal Édom:
”Apa kawicaksanan* wis ora ana manèh ing Téman?+
Apa wong-wong sing nduwé pemahaman wis ora isa mènèhi naséhat sing apik?
Apa kawicaksanané wis ora ana gunané?
8 Mlayua! Balia!
Hé penduduk Dédan,+ ndhelika ing guwa-guwa,
Sebab Aku bakal nggawé Ésau ngalami bencana pas Aku ngukum dhèwèké.
9 Nèk kowé diparani wong sing manèn anggur,
Mesthi kan ana buah anggur sing ditinggal, ta?
Nèk bengi-bengi kowé diparani maling,
Wong-wong kuwi kan mung njupuk apa sing dikarepké waé, ta?+
10 Ning, Aku bakal nggawé Ésau wuda.
Aku bakal nduduhké panggonan-panggonan sing dienggo ndhelik Ésau,
Nganti dhèwèké ora isa ndhelik manèh.
Anak-anaké, sedulur-seduluré, lan tangga-tanggané bakal disingkirké,+
Lan dhèwèké ora bakal ana manèh.+
11 Tinggalen anak-anak yatimmu.
Aku bakal ngopèni wong-wong kuwi,
Lan randha-randhamu bakal percaya marang Aku.”
12 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Bangsa-bangsa sing ora Tak kongkon ngombé saka gelas sing nglambangké rasa nesu-Ku waé padha ngombé kuwi, mosok kowé babar blas ora Tak hukum? Kowé mesthi bakal dihukum, lan kuwi kudu mbok ombé.”+
13 Yéhuwah kandha, ”Aku wis tenanan sumpah* nèk Bozra bakal dadi panggonan sing medèni.+ Dhèwèké bakal dirèmèhké, dihancurké, dikutuk, lan kabèh kuthané bakal dadi reruntuhan kanggo saklawasé.”+
14 Aku krungu berita saka Yéhuwah,
Ana wong sing wis diutus marang bangsa-bangsa. Utusan kuwi kandha,
”Nglumpuka, lan majua nyerang Édom.
Kowé kudu siap-siap perang.”+
15 ”Aku wis nggawé kowé dirèmèhké bangsa-bangsa,
Disepèlèkké wong-wong.+
16 Hé kowé sing manggon ing tebing watu
Lan ing bukit sing paling dhuwur,
Kowé nggawé wong-wong dadi wedi karo kowé,
Lan atimu ya sombong, mula kowé dadi kapusan.
Senajan kowé nggawé susuh ing panggonan sing dhuwur kaya elang,
Aku bakal nibakké kowé saka kana,” kandhané Yéhuwah.
17 ”Édom bakal dadi panggonan sing medèni.+ Saben wong sing liwat ing kono bakal wedi ndelok kuwi lan ngécé* merga bencana sing dialami. 18 Ora bakal ana sing manggon ing kono,+ kaya Sodom lan Gomora lan kutha-kutha ing sekitaré sing wis dihancurké,”+ kandhané Yéhuwah.
19 ”Kaya singa sing metu saka semak belukar+ ing sepanjang Kali Yordan, bakal ana wong sing metu lan nyerang padhang rumput Édom sing aman. Ning wektu kuwi, Aku bakal nggawé wong Édom mlayu saka tanahé. Terus, Aku bakal nglantik wong sing wis Tak pilih kanggo mimpin Édom, sebab sapa sing kaya Aku? Sapa sing bakal nantang Aku? Apa ana gembala sing isa ngadhepi Aku?+ 20 Mula, rungokna keputusané Yéhuwah soal Édom lan apa sing wis Dhèwèké pikirké soal penduduk Téman:+
Anak-anak domba mesthi bakal disèrèt lan dipatèni.
Panggonané bakal digawé telantar merga tumindaké wong-wong kuwi.+
21 Pas Édom disingkirké, swarané bakal nggawé bumi goncang.
Bakal ana swara bengok-bengok.
Swarané bakal krungu nganti tekan Laut Merah.+
22 Kaya elang, mungsuhé bakal munggah lan nyamber mangsané+
Lan ngegarké sayapé kanggo nyamber Bozra.+
Wektu kuwi, para pejuang Édom bakal sengsara kaya wong wédok sing arep nglairké.”
23 Iki berita soal Damaskus:+
”Hamat+ lan Arpad wis digawé isin
Merga penduduk ing kono wis krungu laporan èlèk.
Atiné wong-wong kuwi wedi.
Wong-wong dadi kaya laut sing ora isa tenang.
24 Penduduk Damaskus wis padha wedi.
Wong-wong kuwi arep mlayu, ning bingung banget.
Wong-wong kuwi sengsara lan kelaran kaya wong wédok sing arep nglairké.
25 Ngapa kutha sing dipuji-puji lan kutha sing mbiyèn penduduké bahagia kuwi isih dienggoni?
26 Cah-cah lanangé bakal mati ing lapangan-lapangané,
Lan kabèh tentarané bakal dipatèni dina kuwi,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
27 ”Témboké Damaskus bakal Tak obong,
Lan geniné bakal ngobong nganti entèk menara-menara sing ana bèntèngé duwèké Bèn-hadad.”+
28 Iki sing diomongké Yéhuwah soal Kédar+ lan kerajaan-kerajaan Hazor sing wis dikalahké Nébukhadnézar* raja Babilon:
”Lungaa, munggaha menyang Kédar,
Lan patènana wong-wong sing manggon ing Wétan.
29 Kémah-kémah, kambing, lan dombané bakal dirampas,
Termasuk kain-kain kémahé lan kabèh barangé.
Unta-untané bakal digawa lunga,
Lan wong-wong padha mbengok, ’Ing endi-endi keadaané medèni banget.’”
30 Yéhuwah kandha, ”Mlayua! Lungaa sing adoh.
Hé penduduk Hazor, ndhelika ing guwa-guwa,
Sebab Nébukhadnézar* raja Babilon wis nggawé taktik kanggo nyerang kowé,
Lan dhèwèké wis nggawé rencana kanggo ngalahké kowé.”
31 Yéhuwah kandha, ”Majua, serangen bangsa sing uripé tenang lan sing manggon aman kuwi.”
”Dhèwèké ora nduwé lawang utawa palang, lan dhèwèké manggon dhéwé.
32 Unta-untané bakal dirampas.
Ternak-ternaké sing akèh bakal dijarah.
Wong-wong sing nyukur rambut ing pelipisé nganti entèk+ bakal Tak sebar ing endi-endi.*
Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kena bencana saka ngendi-endi,” kandhané Yéhuwah.
33 ”Hazor bakal dadi panggonané asu liar,
Ditelantarké saklawasé.
Ora bakal ana sing manggon ing kana.”
34 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Nabi Yérémia soal Élam+ ing awal pamréntahané Zédékia+ raja Yéhuda: 35 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha ngéné, ’Busur panahé Élam,+ yaiku senjata utamané wong-wong kuwi, bakal Tak tugel. 36 Aku bakal nyerang Élam nganggo angin saka ngendi-endi.* Wong-wong kuwi bakal Tak sebar tekan ngendi-endi.* Wong Élam sing kesebar kuwi bakal lunga menyang kabèh bangsa.’”
37 ”Aku bakal nggawé wong Élam wedi karo mungsuh-mungsuhé lan wedi karo wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi. Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kena bencana, yaiku rasa nesu-Ku sing medèni,” kandhané Yéhuwah. ”Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuh nyerang wong-wong kuwi nganti wong-wong kuwi musnah.”
38 ”Aku bakal ngedegké takhta-Ku ing Élam.+ Aku bakal nyingkirké raja-raja lan para pemimpiné,” kandhané Yéhuwah.
39 ”Ning pas dina-dina terakhir, Aku bakal nglumpukké wong Élam sing ditawan,” kandhané Yéhuwah.