Hoséa
14 ”Oh Israèl, mertobata marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+
Kesalahanmu wis nggawé kowé tiba.
2 Mertobata marang Yéhuwah, lan kandhaa marang Dhèwèké,
’Tulung apuranen kesalahanku.+
Tampanen apa sing apik saka aku, lan aku bakal muji Njenengan.
Muga-muga pujian saka lambéku+ dadi kaya sapi enom sing tak wènèhké dadi korban marang Njenengan.
3 Asiria ora isa nylametké aku.+
Aku ora bakal ngendelké jaran-jaran+ sing dienggo perang.
Gawéan tanganku ora bakal tak anggep manèh dadi Gusti Allahku
Merga Njenengan kuwi Gusti Allah sing nduwé rasa mesakké marang anak yatim.’+
4 Aku bakal nambani wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal setya manèh.+
5 Aku bakal dadi kaya embun pas ésuk kanggo Israèl.
Wong-wong kuwi bakal mekar kaya kembang lili,
Lan akaré bakal jero banget kaya wit-wit ing Lébanon.
6 Cabang-cabangé bakal saya akèh.
Kuwi bakal apik banget kaya wit zaitun,
Wanginé kaya wit-wit ing Lébanon.
7 Wong-wong kuwi bakal Tak lindhungi manèh.
Wong-wong kuwi bakal nandur biji-bijian, lan wong-wong kuwi bakal metu tunasé kaya wit anggur.+
Aku bakal dadi terkenal kaya minuman anggur ing Lébanon.
8 Éfraim bakal kandha, ’Apa gunané brahala-brahala kuwi kanggo aku?’+
Aku bakal ngrungokké lan njaga dhèwèké.+
Aku bakal dadi kaya wit juniper sing rimbun,
Kaya wit sing bakal mènèhi kowé buah.”
9 Muga-muga wong sing wicaksana isa ngerti soal iki.
Muga-muga wong sing pinter isa paham.
Dalan-dalané Yéhuwah kuwi lurus,+
Wong sing bener bakal mlaku ing kono.
Ning, wong sing nindakké dosa bakal tiba ing kono.