Mazmur
95 Ayo sorak-sorak kanggo Yéhuwah.
Ayo sorak-sorak lan muji gunung watu sing nylametké awaké dhéwé.+
2 Ayo mara ing ngarepé* karo ngucap syukur.+
Ayo nyanyi lan sorak-sorak kanggo Dhèwèké.
3 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing hébat,
Raja sing hébat ngungkuli allah-allah liyané.+
4 Bumi sing jero banget
Lan gunung sing dhuwur kuwi duwèké Gusti Allah.+
6 Ayo awaké dhéwé sujud lan nyembah Gusti Allah.
Ayo awaké dhéwé sujud ing ngarepé Yéhuwah sing nyiptakké awaké dhéwé.+
7 Dhèwèké kuwi Gusti Allahé awaké dhéwé,
Lan awaké dhéwé iki umaté.
Awaké dhéwé kaya domba sing diangon karo Dhèwèké.+
Dina iki, muga-muga kowé ngrungokké swarané Gusti Allah iki,+
9 Wektu kuwi nènèk moyangmu ora percaya karo Aku.+
Wong-wong kuwi nglawan Aku senajan wis ndelok tumindak-Ku.+
10 Saksuwéné 40 taun, Aku sengit banget karo wong-wong kuwi, lan Aku ngomong,
’Wong-wong kuwi terus-terusan ndableg nuruti karepé dhéwé
Lan wis ora manut karo préntah-préntah-Ku.’
11 Mula Aku nesu lan nggawé sumpah,
’Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku.’”+