Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nganggo ”Kembang Lili”. Kanggo ngélingké wong-wong. Lagu sing digawé Asaf.+
80 Oh Gembalané Israèl, tulung rungokna.
Njenengan sing nuntun Yusuf kaya nggiring ternak.+
2 Duduhna kekuwatan-Mu+
Ing ngarepé Éfraim, Bènyamin, lan Manasyé.
Tulung slametna aku.+
3 Oh Gusti Allah, gawénen keadaanku kaya mbiyèn manèh.+
Muga-muga Njenengan apikan karo aku bèn aku isa slamet.+
4 Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan, nganti kapan Njenengan nesu karo umat-Mu lan ora gelem ngrungokké dongané?+
5 Umat-Mu mbok gawé nangis terus, lan tangisan kuwi dadi kaya panganané saben dina.
Njenengan nggawé umat-Mu ngombé air mata sing akèh banget.
6 Njenengan meneng waé wektu tangga-tanggaku rebutan ngalahké aku.
Mungsuhku terus-terusan ngécé aku sak senengé dhéwé.+
7 Oh Gusti Allah pemimpiné pasukan, gawénen keadaanku kaya mbiyèn manèh.
Muga-muga Njenengan apikan karo aku bèn aku isa slamet.+
8 Njenengan nggawa umat-Mu metu saka Mesir kaya nyabut wit anggur.+
Terus, Njenengan ngusir bangsa-bangsa saka tanahé lan nandur wit anggur kuwi ing kono.+
9 Njenengan nyedhiakké panggonan kanggo nandur wit kuwi
Bèn akaré thukul lan tekan endi-endi ing tanah kuwi.+
10 Bayangané wit kuwi nutupi gunung-gunung,
Lan cabang-cabangé nutupi wit arasé Gusti Allah.
11 Cabang-cabangé tekan laut,
Lan tunasé tekan Kali Éfrat.+
12 Ngapa kok Njenengan ngambrukké témbok watu ing kebon anggur kuwi?+
Wong-wong sing liwat dadi isa methik buahé.+
13 Kabèh kuwi dirusak karo babi hutan,
Lan dipangan karo kéwan liar ing padhang.+
14 Oh Gusti Allah pemimpiné pasukan, tulung umat-Mu diberkahi manèh.*
Tulung Njenengan ndelok saka swarga.
Tulung Njenengan nggatèkké anak lanang* sing mbok kuwatké kanggo kepentingan-Mu.+
16 Wit anggur kuwi dikethok lan diobong.+
Umat-Mu mati merga Njenengan nesu karo umat-Mu.*
17 Muga-muga Njenengan ndhukung wong sing ana ing sisih tengen-Mu,
Yaiku anaké manungsa sing mbok kuwatké kanggo kepentingan-Mu,+
18 Bèn aku ora ninggalké Njenengan.
Tulung slametna aku bèn aku tetep urip, supaya aku isa muji jeneng-Mu.
19 Oh Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan, gawénen keadaanku kaya mbiyèn manèh.
Muga-muga Njenengan apikan karo aku bèn aku isa slamet.+