PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 10
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Kaimaman

      • Yéhuwah matèni Nadab lan Abihu nganggo geni (1-7)

      • Peraturan kanggo para imam soal mangan lan ngombé (8-20)

Kaimaman 10:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”geni”.

Réferènsi Silang

  • +Pa 6:23; 1Bb 24:2
  • +Pa 30:34, 35; Km 16:12
  • +Pa 30:9; Km 10:9; 16:1, 2

Kaimaman 10:2

Réferènsi Silang

  • +Wi 16:35
  • +Wi 26:61

Kaimaman 10:3

Réferènsi Silang

  • +Pa 19:22

Kaimaman 10:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

Réferènsi Silang

  • +Pa 6:18

Kaimaman 10:6

Réferènsi Silang

  • +Km 21:10

Kaimaman 10:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken ctn. ing Pa 25:6.

Réferènsi Silang

  • +Pa 28:41; Km 8:12; 21:11, 12

Kaimaman 10:9

Réferènsi Silang

  • +Yèh 44:21

Kaimaman 10:10

Réferènsi Silang

  • +Yèh 44:23

Kaimaman 10:11

Réferènsi Silang

  • +PT 33:10; 2Bb 17:8, 9; Néh 8:7, 8; Mal 2:7

Kaimaman 10:12

Réferènsi Silang

  • +Km 6:14, 16
  • +Km 21:22

Kaimaman 10:13

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé halaman kémah pertemuan.

Réferènsi Silang

  • +Km 6:26; Wi 18:10

Kaimaman 10:14

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé halaman kémah pertemuan.

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Pa 29:26-28; Km 7:31, 34; 9:21
  • +Km 22:13; Wi 18:11

Kaimaman 10:15

Réferènsi Silang

  • +1Kor 9:13

Kaimaman 10:16

Réferènsi Silang

  • +Km 9:3, 15

Kaimaman 10:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé halaman kémah pertemuan.

Réferènsi Silang

  • +Km 6:25, 26; Yèh 44:29

Kaimaman 10:18

Réferènsi Silang

  • +Km 6:29, 30

Kaimaman 10:19

Réferènsi Silang

  • +Km 9:8, 12

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Km. 10:1Pa 6:23; 1Bb 24:2
Km. 10:1Pa 30:34, 35; Km 16:12
Km. 10:1Pa 30:9; Km 10:9; 16:1, 2
Km. 10:2Wi 16:35
Km. 10:2Wi 26:61
Km. 10:3Pa 19:22
Km. 10:4Pa 6:18
Km. 10:6Km 21:10
Km. 10:7Pa 28:41; Km 8:12; 21:11, 12
Km. 10:9Yèh 44:21
Km. 10:10Yèh 44:23
Km. 10:11PT 33:10; 2Bb 17:8, 9; Néh 8:7, 8; Mal 2:7
Km. 10:12Km 6:14, 16
Km. 10:12Km 21:22
Km. 10:13Km 6:26; Wi 18:10
Km. 10:14Pa 29:26-28; Km 7:31, 34; 9:21
Km. 10:14Km 22:13; Wi 18:11
Km. 10:151Kor 9:13
Km. 10:16Km 9:3, 15
Km. 10:17Km 6:25, 26; Yèh 44:29
Km. 10:18Km 6:29, 30
Km. 10:19Km 9:8, 12
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kaimaman 10:1-20

Kaimaman

10 Bar kuwi, loro anaké lanang Harun, yaiku Nadab lan Abihu,+ njupuk wadhah dupa, terus diisèni bara lan diwènèhi dupa.+ Ing ngarepé Yéhuwah, wong loro kuwi mènèhké persembahan* sing ora sesuai karo hukum lan ora dipréntahké Gusti Allah.+ 2 Mula, ana geni saka Yéhuwah sing ngobong wong loro+ kuwi nganti mati ing ngarepé Yéhuwah.+ 3 Terus, Musa kandha marang Harun, ”Yéhuwah kandha ngéné, ’Wong sing ana ing cedhakku+ kudu éling nèk Aku iki suci, lan bangsa kuwi kudu mulyakké Aku.’” Harun mung meneng waé.

4 Mula, Musa ngundang* Misyaèl lan Èlzafan, anaké Uzièl,+ pakliké Harun. Musa kandha marang wong loro kuwi, ”Mrénéa, mayaté sedulur-sedulurmu iki gotongen metu saka halaman panggonan suci menyang njaba perkémahan.” 5 Mula, wong loro kuwi mara lan nggotong mayat loro sing isih nganggo jubah imam kuwi menyang njaba perkémahan, kaya préntahé Musa.

6 Terus, Musa kandha marang Harun lan anak-anaké lanang sing liyané, yaiku Èléazar lan Itamar, ”Aja nganti rambutmu ora mbok urus lan aja nyuwèk klambimu+ supaya kowé ora mati, lan Gusti Allah ora nesu karo kabèh wong Israèl. Sedulur-sedulurmu, yaiku kabèh wong Israèl, bakal nangisi wong loro sing dipatèni Yéhuwah nganggo geni mau. 7 Tetepa ana ing cedhak lawang kémah pertemuan bèn kowé ora mati merga sirahmu wis diesoki minyak suci* saka Yéhuwah.”+ Wong-wong kuwi nindakké sing diomongké Musa.

8 Terus, Yéhuwah kandha marang Harun, 9 ”Kowé lan anak-anakmu lanang aja ngombé anggur utawa minuman keras wektu mlebu ing kémah pertemuan+ bèn kowé ora mati. Kowé lan anak-anakmu lanang kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé. 10 Peraturan kuwi digawé kanggo mbédakké apa sing suci karo sing ora suci lan apa sing najis karo sing ora najis.+ 11 Kuwi ya kanggo mulang wong Israèl soal kabèh préntah sing diwènèhké Yéhuwah liwat Musa.”+

12 Terus, Musa kandha marang Harun lan marang anak-anaké lanang Harun sing isih urip, yaiku Èléazar lan Itamar, ”Saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah, jupuken sisa persembahan biji-bijian lan panggangen kuwi dadi roti tanpa ragi. Bar kuwi, panganen roti kuwi ing cedhak mézbah+ merga sisa persembahan biji-bijian kuwi suci banget.+ 13 Kuwi kudu mbok pangan ing panggonan sing suci*+ merga kuwi jatahmu lan jatahé keturunanmu saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Kuwi sing dipréntahké Gusti Allah marang aku. 14 Kowé, anak-anakmu lanang, lan anak-anakmu wédok kudu mangan bagéan dhadha saka persembahan sing diayun-ayun lan sikil, yaiku bagéan sing suci, ing panggonan sing suci.*+ Kuwi kabèh jatahmu lan jatahé anak-anakmu+ lanang saka korban kerukunan* sing diwènèhké wong Israèl. 15 Wong Israèl kudu nggawa sikil, yaiku bagéan sing suci, dhadha saka persembahan sing diayun-ayun, lan gajih saka persembahan sing diobong nganggo geni, kanggo diayun-ayunké ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun. Dhadha lan sikil kuwi dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu nganti sakterusé,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah.”

16 Bar kuwi, Musa nggolèki kambing sing dienggo persembahan dosa,+ ning jebulé kuwi wis diobong kabèh nganti entèk. Musa dadi nesu karo Èléazar lan Itamar, yaiku anak-anaké Harun sing isih urip. Musa kandha, 17 ”Ngapa daging persembahan dosa kuwi ora mbok pangan ing panggonan sing suci?*+ Daging kuwi suci banget. Kuwi wis diwènèhké Gusti Allah marang kowé supaya kowé isa tanggung jawab kanggo dosané bangsa kuwi, lan supaya dosané bangsa kuwi diapura Yéhuwah. 18 Getih persembahan kuwi ora digawa mlebu ing ruang suci.+ Mula, kowé kudu mangan daging persembahan kuwi ing halaman kémah pertemuan, kaya sing dipréntahké Gusti Allah marang aku.” 19 Harun kandha marang Musa, ”Wong-wong wis mènèhké persembahan dosa lan persembahan bakaran ing ngarepé Yéhuwah.+ Ning, aku ora isa mangan daging persembahan kuwi. Kowé dhéwé ngerti apa sing tak alami dina iki. Nèk aku mangan persembahan dosa kuwi, apa kuwi bakal nyenengké Yéhuwah?” 20 Pas krungu kuwi, Musa isa maklum.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim