Yosua
15 Tanah bagéané*+ suku Yéhuda nurut keluargané yaiku saka batas dhaérahé wong Édom,+ Padhang Belantara Zin, nganti tekan Nègèb bagéan paling kidul. 2 Batas sing sisih kidul dimulai saka ujung Laut Garam,*+ yaiku saka teluk sing madhep ngidul. 3 Batas kuwi isih ngidul manèh tekan Tanjakan Akrabim,+ terus tekan Zin, bar kuwi saka kidul munggah ing Kadès-barnéa,+ Hézron, Adar, lan ménggok tekan Karka. 4 Batasé isih terus tekan Azmon+ nganti tekan Lembah* Mesir+ lan mentog ing Laut Besar.* Kuwi batas sing sisih kidul.
5 Batas sing sisih wétan yaiku Laut Garam* nganti tekan Kali Yordan bagéan paling kidul. Batas paling lor yaiku teluk ing Laut Garam, ing Kali Yordan bagéan paling kidul.+ 6 Batasé munggah manèh tekan Bèt-hogla+ ngliwati bagéan loré Bèt-araba,+ terus munggah tekan Watu Bohan.+ Bohan kuwi keturunané Rubèn. 7 Terus, batasé munggah ing Débir ing Lembah Akhor+ lan ménggok ngalor menyang Gilgal+ sing madhep Tanjakan Adumim ing sisih kidulé lembah.* Saka kono, batasé isih terus tekan Mata Air Èn-syèmès+ lan mentog ing Èn-rogèl.+ 8 Batas kuwi munggah ing Lembah Putra Hinom+ menyang lèrèngé wong Yébus+ ing sisih kidul, yaiku Yérusalèm.+ Batasé isih munggah manèh tekan puncak gunung sing madhep Lembah Hinom ing sisih kulon. Gunung kuwi ana ing bagéan paling lor Lembah Réfaim. 9 Saka puncak gunung kuwi, batasé isih terus menyang arah Mata Air Néftoa+ nganti tekan kutha-kutha ing Gunung Éfron. Batasé isih terus tekan Baala, yaiku Kiriat-yéarim.+ 10 Saka Baala, batas kuwi ménggok ngulon ing arah Gunung Séir, tekan lèrèng Gunung Yéarim ing lor, yaiku Khésalon, terus mudhun menyang Bèt-syèmès+ lan terus tekan Timna.+ 11 Batasé isih terus tekan arah lor ing lèrèng Ékron,+ terus ing Syikéron, terus ing Gunung Baala, terus ing Yabnéèl, nganti mentog ing laut.
12 Batas sisih kulon wilayahé suku Yéhuda kuwi Laut Besar*+ lan pantainé. Kuwi batas-batas ing sak ubengé tanah sing diwènèhké marang keturunané Yéhuda nurut keluargané.
13 Kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Yosua, Yosua mènèhi Kalèb+ anaké Yéfuné tanah ing dhaérah keturunané Yéhuda, yaiku Kiriat-arba (Arba kuwi bapaké Anak), utawa Hébron.+ 14 Mula, Kalèb ngusir telu keturunané Anak+ saka kono, yaiku Syésyai, Ahiman, lan Talmai.+ Wong-wong kuwi keturunané Anak. 15 Saka kono, Yosua lunga lan nyerang penduduk Débir.+ (Mbiyèn Débir kuwi jenengé Kiriat-sèfèr.) 16 Terus Kalèb kandha, ”Wong sing ngalahké lan ngrebut Kiriat-sèfèr bakal tak dadèkké bojoné Akhsa anakku wédok.” 17 Otnièl+ anaké Kénaz,+ adhiné Kalèb, ngrebut kutha kuwi. Mula, Kalèb mènèhké Akhsa+ anaké dadi bojoné Otnièl. 18 Wektu perjalanan mulih, Akhsa meksa Otnièl supaya njaluk ladhang saka bapaké.* Terus, Akhsa mudhun saka keledainé.* Kalèb takon, ”Kowé péngin apa?”+ 19 Akhsa njawab, ”Tulung wènèhana aku hadiah kanggo tandha nèk njenengan mberkahi aku. Bapak wis mènèhi aku tanah ing sisih kidul.* Saiki tulung aku ya diwènèhi Gulot-maim.”* Mula, Kalèb mènèhké Gulot Ndhuwur lan Gulot Ngisor.
20 Iki tanah warisané suku Yéhuda nurut keluargané.
21 Kutha-kutha sing ana ing ujung dhaérahé suku Yéhuda nganti batas dhaérahé wong Édom+ ing kidul yaiku: Kabzéèl, Èdèr, Yagur, 22 Kina, Dimona, Adada, 23 Kèdès, Hazor, Itnan, 24 Zif, Tèlèm, Béalot, 25 Hazor-hadata, lan Kèriot-hézron yaiku Hazor, 26 Amam, Syéma, Molada,+ 27 Hazar-gadah, Hésmon, Bèt-pèlèt,+ 28 Hazar-syual, Béèr-syéba,+ Biziotia, 29 Baala, Iim, Èzèm, 30 Èltolad, Khèsil, Horma,+ 31 Ziklag,+ Madmana, Sansana, 32 Lébaot, Syilhim, Ain, lan Rimon.+ Kabèh jumlahé ana 29 kutha karo désa-désané.
33 Kutha-kutha ing Syéféla+ yaiku: Èstaol, Zora,+ Asna, 34 Zanoa, Èn-ganim, Tapua, Énam, 35 Yarmut, Adulam,+ Sokoh, Azéka,+ 36 Syaaraim,+ Aditaim, Gédéra lan Gédérotaim.* Kabèh jumlahé ana 14 kutha karo désa-désané.
37 Zénan, Hadasya, Migdal-gad, 38 Diléan, Mizpé, Yoktéèl, 39 Lakhis,+ Bozkat, Églon, 40 Kabon, Lahmam, Khitlis, 41 Gédérot, Bèt-dagon, Naama, lan Makéda.+ Kabèh jumlahé ana 16 kutha karo désa-désané.
42 Libna,+ Ètèr, Asyan,+ 43 Ifta, Asna, Nèzib, 44 Kéila, Akhzib, lan Marésyah. Kabèh jumlahé ana 9 kutha karo désa-désané.
45 Ékron lan kutha-kutha ing sekitaré lan désa-désané, 46 saka Ékron ngulon, kabèh sing ana ing cedhaké Asdod lan désa-désané.
47 Asdod,+ kutha-kutha ing sekitaré lan désa-désané; Gaza,+ kutha-kutha ing sekitaré karo désa-désané, terus mudhun ing Lembah* Mesir, Laut Besar,* lan pesisiré.+
48 Ing dhaérah pegunungan: Syamir, Yatir,+ Sokoh, 49 Dana, Kiriat-sana yaiku Débir, 50 Anab, Èstémo,+ Anim, 51 Gosyèn,+ Holon, lan Gilo.+ Kabèh jumlahé ana 11 kutha karo désa-désané.
52 Arab, Duma, Ésyan, 53 Yanim, Bèt-tapua, Aféka, 54 Humta, Kiriat-arba yaiku Hébron,+ lan Zior. Kabèh jumlahé ana 9 kutha karo désa-désané.
55 Maon,+ Karmèl, Zif,+ Yuta, 56 Yizréèl, Yokdéam, Zanoa, 57 Kayin, Gibéah, lan Timna.+ Kabèh jumlahé ana 10 kutha karo désa-désané.
58 Halhul, Bèt-zur, Gédor, 59 Maarat, Bèt-anot, lan Èltékon. Kabèh jumlahé ana 6 kutha karo désa-désané.
60 Kiriat-baal yaiku Kiriat-yéarim,+ lan Raba. Kabèh jumlahé ana 2 kutha karo désa-désané.
61 Ing padhang belantara: Bèt-araba,+ Midin, Sekaka, 62 Nibsyan, Kutha Garam, lan Èn-gèdi.+ Kabèh jumlahé ana 6 kutha karo désa-désané.
63 Ning, wong-wong lanang Yéhuda ora isa ngusir+ wong Yébus+ sing manggon ing Yérusalèm.+ Mula, wong Yébus terus manggon bareng wong Yéhuda ing Yérusalèm nganti saiki.