Yosua
20 Terus Yéhuwah kandha marang Yosua, 2 ”Kandhanana wong Israèl, ’Pilihen kutha-kutha perlindungan+ sing tau Tak omongké marang kowé liwat Musa, 3 supaya wong sing ora sengaja matèni wong isa mlayu mrana. Kutha-kutha kuwi bakal dadi kutha perlindungan saka wong sing nduwé hak kanggo mbales.+ 4 Pembunuh kudu mlayu menyang salah siji kutha+ mau lan ngadeg ing gerbang kutha.+ Terus, dhèwèké kudu njelaské masalahé marang para pemimpin* kutha kuwi. Para pemimpin kutha kuwi kudu nampa dhèwèké lan mènèhi panggonan bèn dhèwèké isa manggon ing kono. 5 Nèk wong sing nduwé hak kanggo mbales ngoyak* pembunuh mau, para pemimpin kuwi ora éntuk nyerahké wong mau marang wong sing nduwé hak kanggo mbales merga wong mau matèni tanpa sengaja, dudu merga sengit.+ 6 Pembunuh mau kudu tetep ing kutha kuwi nganti dhèwèké diadili ing ngarepé jemaat+ lan tetep manggon ing kono nganti imam agung sing ana wektu kuwi mati.+ Sakwisé kuwi, pembunuh mau olèh bali menyang kutha asalé lan mulih menyang omahé.’”+
7 Mula, wong Israèl milih* kutha-kutha iki: Kèdès+ ing Galiléa ing dhaérah pegunungan Naftali; Syikhèm+ ing dhaérah pegunungan Éfraim; lan Kiriat-arba,+ yaiku Hébron ing dhaérah pegunungan Yéhuda. 8 Ing dhaérah sisih wétané Kali Yordan, cedhaké Yérikho, wong Israèl milih Bèzèr+ ing padhang belantara ing dataran tinggi ing dhaérahé suku Rubèn; Ramot+ ing Giléad ing dhaérahé suku Gad; lan Golan+ ing Basyan ing dhaérahé suku Manasyé.+
9 Kuwi kutha-kutha sing ditentokké kanggo kabèh wong Israèl lan penduduk asing sing manggon ing antarané wong Israèl. Sapa waé sing ora sengaja matèni wong isa mlayu mrana.+ Wong mau ora bakal dipatèni karo wong sing nduwé hak kanggo mbales sakdurungé diadili ing ngarepé jemaat.+