PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 24
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Samuèl

      • Daud dosa merga ngétung wong Israèl  (1-14)

      • Ana wong 70.000 sing mati merga wabah penyakit (15-17)

      • Daud mbangun mézbah (18-25)

        • Mènèhké korban kuwi butuh pengorbanan (24)

2 Samuèl 24:1

Réferènsi Silang

  • +2Sam 21:1
  • +1Bb 27:23, 24
  • +1Bb 21:1-3

2 Samuèl 24:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé, wong lanang sing wis cukup umur kanggo mèlu perang.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:16; 20:23
  • +PH 20:1

2 Samuèl 24:4

Réferènsi Silang

  • +Wi 1:2; 1Bb 21:4

2 Samuèl 24:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”kidulé”.

Réferènsi Silang

  • +PT 2:36; Yos 13:8, 9
  • +Wi 32:34, 35

2 Samuèl 24:6

Réferènsi Silang

  • +Wi 32:40
  • +PD 10:15; 49:13; Yos 11:8

2 Samuèl 24:7

Réferènsi Silang

  • +Yos 19:24, 29
  • +Yos 11:19
  • +PD 21:31; Yos 15:21, 28
  • +Yos 15:1

2 Samuèl 24:9

Réferènsi Silang

  • +Wi 2:32; 26:51; 1Bb 21:5, 6; 27:23

2 Samuèl 24:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”atiné”.

Réferènsi Silang

  • +1Sam 24:5; Rm 2:15
  • +2Sam 12:13
  • +Mzm 130:3; Hos 14:2; 1Yoh 1:9
  • +1Bb 21:8-13

2 Samuèl 24:11

Réferènsi Silang

  • +1Sam 22:5; 1Bb 29:29

2 Samuèl 24:12

Réferènsi Silang

  • +WB 3:12

2 Samuèl 24:13

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”diuber-uber”.

Réferènsi Silang

  • +Km 26:18, 20; 2Sam 21:1
  • +Km 26:14, 17
  • +Km 26:16

2 Samuèl 24:14

Réferènsi Silang

  • +Ibr 12:6
  • +Mzm 103:8; 119:156
  • +2Bb 28:1, 5

2 Samuèl 24:15

Réferènsi Silang

  • +Wi 16:46; 1Bb 27:24
  • +1Bb 21:14, 15
  • +2Sam 24:2

2 Samuèl 24:16

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”gela”.

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Mzm 78:38; Yér 26:19; Yl 2:13
  • +2Bb 3:1
  • +PD 10:15, 16; Yos 15:8

2 Samuèl 24:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”domba-domba iki”.

Réferènsi Silang

  • +Mzm 95:7
  • +1Bb 21:16, 17

2 Samuèl 24:18

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 21:18-23; 2Bb 3:1

2 Samuèl 24:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Wi 16:46, 47; 25:8; 2Sam 24:15

2 Samuèl 24:24

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 21:24-28

2 Samuèl 24:25

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:25; 1Bb 22:1
  • +2Sam 21:14; 2Bb 33:13

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Sam. 24:12Sam 21:1
2 Sam. 24:11Bb 27:23, 24
2 Sam. 24:11Bb 21:1-3
2 Sam. 24:22Sam 8:16; 20:23
2 Sam. 24:2PH 20:1
2 Sam. 24:4Wi 1:2; 1Bb 21:4
2 Sam. 24:5PT 2:36; Yos 13:8, 9
2 Sam. 24:5Wi 32:34, 35
2 Sam. 24:6Wi 32:40
2 Sam. 24:6PD 10:15; 49:13; Yos 11:8
2 Sam. 24:7Yos 19:24, 29
2 Sam. 24:7Yos 11:19
2 Sam. 24:7PD 21:31; Yos 15:21, 28
2 Sam. 24:7Yos 15:1
2 Sam. 24:9Wi 2:32; 26:51; 1Bb 21:5, 6; 27:23
2 Sam. 24:101Sam 24:5; Rm 2:15
2 Sam. 24:102Sam 12:13
2 Sam. 24:10Mzm 130:3; Hos 14:2; 1Yoh 1:9
2 Sam. 24:101Bb 21:8-13
2 Sam. 24:111Sam 22:5; 1Bb 29:29
2 Sam. 24:12WB 3:12
2 Sam. 24:13Km 26:18, 20; 2Sam 21:1
2 Sam. 24:13Km 26:14, 17
2 Sam. 24:13Km 26:16
2 Sam. 24:14Ibr 12:6
2 Sam. 24:14Mzm 103:8; 119:156
2 Sam. 24:142Bb 28:1, 5
2 Sam. 24:15Wi 16:46; 1Bb 27:24
2 Sam. 24:151Bb 21:14, 15
2 Sam. 24:152Sam 24:2
2 Sam. 24:16Mzm 78:38; Yér 26:19; Yl 2:13
2 Sam. 24:162Bb 3:1
2 Sam. 24:16PD 10:15, 16; Yos 15:8
2 Sam. 24:17Mzm 95:7
2 Sam. 24:171Bb 21:16, 17
2 Sam. 24:181Bb 21:18-23; 2Bb 3:1
2 Sam. 24:21Wi 16:46, 47; 25:8; 2Sam 24:15
2 Sam. 24:241Bb 21:24-28
2 Sam. 24:25Pa 20:25; 1Bb 22:1
2 Sam. 24:252Sam 21:14; 2Bb 33:13
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Samuèl 24:1-25

2 Samuèl

24 Yéhuwah nesu banget marang Israèl+ wektu ana sing ngojok-ojoki Daud, ”Kowé kudu lunga lan ngétung + wong Israèl lan Yéhuda.”+ 2 Raja ngandhani Yoab,+ pemimpin pasukan sing ana karo dhèwèké, ”Tulung lunga menyang kabèh suku Israèl saka Dan nganti tekan Béèr-syéba,+ lan kowé kudu ndaftar wong-wong,* bèn aku ngerti jumlahé.” 3 Ning Yoab ngandhani Raja, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé njenengan nggawé jumlahé wong-wong kuwi ping 100 luwih akèh. Muga-muga njenengan rajaku ndelok dhéwé soal kuwi. Ngapa kok njenengan ndadak nganti kaya ngéné iki?”

4 Ning, Raja ora gelem ngrungokké Yoab lan para pemimpin pasukan. Mula, Yoab lan para pemimpin pasukan lunga saka ngarepé Raja kanggo ndaftar wong-wong Israèl.+ 5 Wong-wong kuwi nyabrang Kali Yordan lan kémah ing Aroèr,+ ing sisih tengené* kutha sing ana ing tengah-tengahé lembah, terus padha lunga menyang dhaérahé wong Gad lan menyang Yazèr.+ 6 Sakwisé lunga menyang Giléad+ lan dhaérah Tahtim-hodsyi, wong-wong kuwi menyang Dan-yaan lan ménggok menyang Sidon.+ 7 Terus, wong-wong kuwi lunga menyang bèntèng Tirus+ lan kabèh kuthané wong Hèwi+ karo wong Kanaan. Akhiré, wong-wong kuwi tekan ing Béèr-syéba,+ ing Nègèb+ Yéhuda. 8 Sakwisé njlajahi kabèh dhaérah ing Israèl suwéné 9 sasi 20 dina, wong-wong kuwi bali menyang Yérusalèm. 9 Yoab mènèhi laporan marang Raja jumlahé wong sing kedaftar. Ana 800.000 prajurit Israèl sing senjatané pedhang, lan ana 500.000 wong Yéhuda.+

10 Ning, hati nuraniné* Daud rumangsa salah+ sakwisé ngétung jumlahé wong-wong mau. Daud kandha marang Yéhuwah, ”Aku wis nggawé dosa+ merga nindakké iki. Yéhuwah, tulung abdi-Mu iki diapura+ merga wis nggawé keputusan sing salah.”+ 11 Ésuké pas Daud tangi, Yéhuwah kandha marang Nabi Gad,+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah marang Daud, 12 ”Kowé kudu lunga lan ngomong ngéné marang Daud, ’Iki omongané Yéhuwah: ”Kowé Tak wènèhi telung pilihan. Pilihen salah siji, lan Aku bakal nindakké sing mbok pilih kuwi.”’”+ 13 Mula, Gad marani Daud lan ngandhani dhèwèké, ”Kowé péngin ana kelaparan nganti pitung taun,+ apa kowé milih mlayu dioyak-oyak* mungsuh+ telung sasi suwéné, utawa kabèh wilayahmu kena wabah penyakit suwéné telung dina?+ Pikirna tenanan jawaban sing kudu tak sampèkké marang Gusti Allah sing ngutus aku.” 14 Mula Daud kandha, ”Iki nggawé aku strès banget. Bèn waé Yéhuwah sing ngukum aku,+ merga Dhèwèké gampang mesakké.+ Aja nganti manungsa sing ngukum aku.”+

15 Terus, Yéhuwah nyebabké wabah penyakit ana ing Israèl,+ saka ésuk nganti wektu sing ditentokké. Mula ana wong 70.000 sing mati+ saka Dan nganti Béèr-syéba.+ 16 Wektu malaékat kuwi ngarahké tangané marang Yérusalèm merga arep nyerang penduduk ing kono, Yéhuwah ngrasa sedhih banget* merga bencana kuwi+ Terus, Dhèwèké kandha marang malaékat sing nggawa bencana kuwi, ”Wis cukup. Kowé kudu ngedhunké tanganmu.” Malaékaté Yéhuwah kuwi ana ing cedhaké panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Arauna+ wong Yébus.+

17 Pas ndelok malaékat sing nyerang bangsa kuwi, Daud kandha marang Yéhuwah, ”Aku sing dosa lan sing salah. Ning wong-wong iki*+ salah apa? Tulung, aku lan keluargané bapakku waé sing dihukum.”+

18 Mula, dina kuwi Gad marani Daud lan kandha, ”Kowé kudu mbangun mézbah kanggo Yéhuwah ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Arauna wong Yébus.”+ 19 Daud nuruti omongané Gad terus lunga, kaya sing dipréntahké Yéhuwah. 20 Pas Arauna ndelok ngisor lan weruh Raja teka karo abdi-abdiné, dhèwèké langsung metu lan sujud ing ngarepé Raja. 21 Arauna takon, ”Rajaku, ngapa kok njenengan mara ing panggonané abdimu iki?” Daud njawab, ”Aku arep tuku panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèkmu iki. Aku arep mbangun mézbah kanggo Yéhuwah ing kéné, bèn wabah penyakit sing nyerang bangsané awaké dhéwé kuwi mandheg.”+ 22 Ning Arauna kandha marang Daud, ”Panggonan iki kanggo njenengan waé, lan wènèhna persembahan sing apik nurut njenengan. Iki ana sapi-sapi kanggo persembahan bakaran lan ana papan kanggo nggiles biji-bijian. Kayu sing dipasang ing guluné sapi isa dienggo dadi kayu bakar. 23 Iki kabèh tak wènèhké kanggo Raja.” Terus Arauna kandha manèh, ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi njenengan.”

24 Ning Raja kandha marang Arauna, ”Ora, kabèh kuwi kudu tak tuku. Nèk ora nggawé pengorbanan, aku ora bakal mènèhké korban bakaran marang Yéhuwah Gusti Allahku.” Mula, panggonan kanggo nggiles biji-bijian* kuwi lan sapiné dituku Daud regané 50 syèkel* pérak.+ 25 Terus, Daud mbangun mézbah+ kanggo Yéhuwah. Terus, dhèwèké mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan.* Yéhuwah nuruti apa sing dijaluk bangsa kuwi,+ mula wabah sing nyerang Israèl mandheg.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim