Néhémia
12 Iki para imam lan wong Lèwi sing bali saka pembuangan bareng karo Zérubabèl+ anaké Syéaltièl+ lan Yésyua:+ Séraya, Yérémia, Ézra, 2 Amaria, Malukh, Hatus, 3 Syékania, Réhum, Mérémot, 4 Ido, Ginétoi, Abiya, 5 Miyamin, Maadia, Bilga, 6 Syémaya, Yoyarib, Yédaya, 7 Sallu, Amok, Hilkia, lan Yédaya. Kuwi kepalané para imam lan sedulur-seduluré wong-wong kuwi ing jamané Yésyua.
8 Wong-wong Lèwi yaiku Yésyua, Binui, Kadmièl,+ Syérébia, Yéhuda, lan Matania.+ Wong-wong kuwi kabèh sing mimpin nyanyian ucapan syukur. 9 Bakbukia lan Uni, sedulur-seduluré wong-wong kuwi, padha ngadeg ing sabrangé wong-wong kuwi kanggo tugas jaga.* 10 Yésyua kuwi bapaké Yoyakim, Yoyakim kuwi bapaké Èliasyib,+ lan Èliasyib kuwi bapaké Yoyada.+ 11 Yoyada kuwi bapaké Yonatan, lan Yonatan kuwi bapaké Yadua.
12 Ing jamané Yoyakim, sing dadi para imam, para pemimpin keluarga pihak bapak, yaiku Méraya saka keluargané Séraya;+ Hanania saka keluargané Yérémia; 13 Mésyulam saka keluargané Ézra;+ Yéhohanan saka keluargané Amaria; 14 Yonatan saka keluargané Malukhi; Yusuf saka keluargané Syébania; 15 Adna saka keluargané Harim;+ Hèlkai saka keluargané Mérayot; 16 Zakharia saka keluargané Ido; Mésyulam saka keluargané Ginéton; 17 Zikhri saka keluargané Abiya;+ . . . ;* saka keluargané Miniamin; Piltai saka keluargané Moadia; 18 Syamua saka keluargané Bilga;+ Yéhonatan saka keluargané Syémaya; 19 Maténai saka keluargané Yoyarib; Uzi saka keluargané Yédaya;+ 20 Kalai saka keluargané Salai; Èbèr saka keluargané Amok; 21 Hasyabia saka keluargané Hilkia; Nétanèl saka keluargané Yédaya.
22 Jenengé para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Lèwi lan para imam pas jamané Èliasyib, Yoyada, Yohanan, lan Yadua+ nganti pamréntahané Darius raja Pèrsia dicathet.
23 Jenengé para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Lèwi dicathet ing buku sejarah sing nyritakké peristiwa jaman kuwi nganti jamané Yohanan anaké Èliasyib. 24 Para kepalané wong Lèwi yaiku Hasyabia, Syérébia, lan Yésyua+ anaké Kadmièl.+ Sedulur-seduluré wong-wong kuwi ngadeg ing sabrangé wong-wong kuwi kanggo muji lan ngucap syukur manut karo préntahé Daud+ abdiné Gusti Allah sing bener. Kelompok penjaga sing siji sebelahan karo kelompok penjaga liyané. 25 Matania,+ Bakbukia, Obaja, Mésyulam, Talmon, lan Akub+ tugasé dadi penjaga gerbang+ sing njaga gudhang-gudhang ing gerbang. 26 Wong-wong kuwi nindakké tugasé pas jamané Yoyakim anaké Yésyua+ anaké Yozadak lan pas jamané Gubernur Néhémia lan Imam Ézra+ penyalin* kuwi.
27 Wektu témbok Yérusalèm diresmèkké, wong Lèwi padha diklumpukké saka akèh panggonan lan digawa menyang Yérusalèm kanggo ngrayakké peresmian kuwi karo seneng-seneng. Wong Lèwi kuwi padha nyanyi lan ngucap syukur+ karo diiringi simbal, alat musik bersenar, lan harpa. 28 Para penyanyi sing terlatih* padha ngumpul saka wilayah ing cedhaké Yordan,* saka sekitaré Yérusalèm, saka désa-désané wong Nétofa,+ 29 saka Bèt-gilgal+ lan saka padhang rumput Géba+ lan Azmawèt,+ merga para penyanyi wis mbangun désa-désa ing sekitaré Yérusalèm. 30 Para imam lan wong Lèwi padha nyucèkké dhiri lan rakyat.+ Para imam lan wong Lèwi ya padha nyucèkké gerbang-gerbang+ lan témbok-témbok.+
31 Terus aku nggawa para pemimpin Yéhuda munggah menyang ndhuwur témbok. Aku ya ngatur bèn ana rong kelompok paduan suara sing gedhé sing nyanyèkké nyanyian ucapan syukur lan saben kelompok kuwi dietutké karo sak kelompok wong. Kelompok paduan suara sing siji mlaku nengen ing ndhuwur témbok menyang Gerbang Tumpukan Awu.+ 32 Hosyaya lan setengah pemimpin Yéhuda mlaku ing mburiné kelompok paduan suara kuwi, 33 bareng karo Azaria, Ézra, Mésyulam, 34 Yéhuda, Bènyamin, Syémaya, lan Yérémia. 35 Ana manèh keturunané imam sing nyebul trompèt+ sing bareng karo wong-wong kuwi, yaiku Zakharia anaké Yonatan anaké Syémaya anaké Matania anaké Mikaya anaké Zakur anaké Asaf,+ 36 lan sedulur-seduluré yaiku Syémaya, Azarèl, Milalai, Gilalai, Maai, Nétanèl, Yéhuda, lan Hanani, sing mainké alat-alat musiké Daud+ abdiné Gusti Allah sing bener. Ézra+ penyalin* kuwi mlaku ing ngarepé wong-wong kuwi. 37 Pas tekan ing Gerbang Mata Air,+ wong-wong kuwi munggah ing Undhak-undhakan+ Kutha Daud+ ngliwati tanjakan ing témbok sing ana ing ndhuwuré Istana Daud nganti tekan Gerbang Banyu+ ing sisih wétan.
38 Kelompok paduan suara sijiné sing nyanyèkké nyanyian ucapan syukur mlaku ngiwa, lan aku ngetutké kelompok kuwi bareng karo sebagéan wong liyané ing ndhuwur témbok ngliwati Menara Pemanggang+ nganti tekan Témbok Amba,+ 39 terus aku munggah ngliwati Gerbang Éfraim+ tekan Gerbang Kota Tua,+ Gerbang Iwak,+ Menara Hananèl,+ Menara Méa, lan terus tekan Gerbang Domba.+ Bar kuwi, aku mandheg ing Gerbang Penjaga.
40 Akhiré, rong kelompok paduan suara sing nyanyèkké nyanyian ucapan syukur kuwi ngadeg ing ngarep omahé Gusti Allah sing bener. Aku lan setengahé para pejabat sing bareng karo aku ya ngadeg ing kono. 41 Ing kono ya ana para imam sing nyebul trompèt, yaiku Èliakim, Maaséya, Miniamin, Mikaya, Èlioénai, Zakharia, lan Hanania, 42 Maaséya, Syémaya, Èléazar, Uzi, Yéhohanan, Malkhiya, Élam, lan Èzèr. Para penyanyi padha nyanyi banter banget karo diawasi Izrahia.
43 Ing dina kuwi, wong-wong padha seneng-seneng+ lan mènèhké akèh korban, merga Gusti Allah sing bener nggawé wong-wong kuwi seneng banget.+ Wong-wong wédok lan anak-anak ya padha seneng, nganti swara sorak-sorak ing Yérusalèm krungu tekan adoh.+
44 Ing dina kuwi, ana wong-wong sing ditugaské ngawasi gudhang-gudhang+ kanggo nyimpen sumbangan,+ hasil panèn pertama,+ lan sepersepuluhan.+ Wong-wong kuwi kudu nglumpukké jatahé para imam lan wong Lèwi saka ladhang ing kutha-kutha, terus kuwi dilebokké ing gudhang-gudhang, persis kaya sing dipréntahké ing Hukum.+ Penduduk Yéhuda padha seneng nindakké iki, merga para imam lan wong Lèwi+ padha nglayani ing bait. 45 Wong-wong kuwi mulai nindakké tugas saka Gusti Allahé lan nindakké kewajiban kanggo nyucèkké sak kabèhé. Para penyanyi lan penjaga gerbang ya nindakké kuwi sesuai karo préntahé Daud lan Salomo anaké. 46 Kèt jaman mbiyèn, yaiku jamané Daud lan Asaf, ana wong-wong sing mimpin para penyanyi lan ana nyanyian kanggo muji lan ngucap syukur marang Gusti Allah.+ 47 Ing jamané Zérubabèl+ lan jamané Néhémia, kabèh wong Israèl mènèhi jatah marang para penyanyi+ lan penjaga gerbang+ sesuai karo kebutuhané saben dina. Wong-wong kuwi ya misahké jatahé wong Lèwi, terus wong Lèwi+ misahké jatahé kanggo keturunané Harun.