PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wulang Bebasan 26
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Wulang Bebasan

    • PERIBAHASANÉ SALOMO SING DITULIS PARA ABDINÉ RAJA HIZKIA (25:1–29:27)

Wulang Bebasan 26:1

Réferènsi Silang

  • +WB 30:21, 22; Pkh 10:7

Wulang Bebasan 26:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”Kutukan sing ora pantes mesthi ora bakal kelakon, kaya manuk sing lunga ngedoh lan manuk walèt sing mabur”.

Wulang Bebasan 26:3

Réferènsi Silang

  • +Mzm 32:9
  • +WB 27:22

Wulang Bebasan 26:5

Réferènsi Silang

  • +Mat 21:23-25

Wulang Bebasan 26:7

Réferènsi Silang

  • +WB 17:7

Wulang Bebasan 26:8

Réferènsi Silang

  • +WB 19:10; 26:1

Wulang Bebasan 26:11

Réferènsi Silang

  • +2Ptr 2:22

Wulang Bebasan 26:12

Réferènsi Silang

  • +WB 12:15; 1Kor 3:18; 8:2

Wulang Bebasan 26:13

Réferènsi Silang

  • +WB 22:13

Wulang Bebasan 26:14

Réferènsi Silang

  • +WB 6:9; 19:15; 24:33, 34

Wulang Bebasan 26:15

Réferènsi Silang

  • +WB 19:24

Wulang Bebasan 26:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”mèlu-mèlu”.

Réferènsi Silang

  • +1Tés 4:11; 1Ptr 4:15

Wulang Bebasan 26:19

Réferènsi Silang

  • +WB 15:21

Wulang Bebasan 26:20

Réferènsi Silang

  • +WB 22:10; Yak 3:6

Wulang Bebasan 26:21

Réferènsi Silang

  • +WB 3:30; 16:28; 17:14

Wulang Bebasan 26:22

Réferènsi Silang

  • +WB 18:8

Wulang Bebasan 26:23

Réferènsi Silang

  • +2Sam 20:9, 10

Wulang Bebasan 26:25

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Merga atiné njijiki banget”.

Wulang Bebasan 26:27

Réferènsi Silang

  • +Èst 7:10; Mzm 9:15; WB 28:10; Pkh 10:8

Wulang Bebasan 26:28

Réferènsi Silang

  • +WB 29:5

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

WB. 26:1WB 30:21, 22; Pkh 10:7
WB. 26:3Mzm 32:9
WB. 26:3WB 27:22
WB. 26:5Mat 21:23-25
WB. 26:7WB 17:7
WB. 26:8WB 19:10; 26:1
WB. 26:112Ptr 2:22
WB. 26:12WB 12:15; 1Kor 3:18; 8:2
WB. 26:13WB 22:13
WB. 26:14WB 6:9; 19:15; 24:33, 34
WB. 26:15WB 19:24
WB. 26:171Tés 4:11; 1Ptr 4:15
WB. 26:19WB 15:21
WB. 26:20WB 22:10; Yak 3:6
WB. 26:21WB 3:30; 16:28; 17:14
WB. 26:22WB 18:8
WB. 26:232Sam 20:9, 10
WB. 26:27Èst 7:10; Mzm 9:15; WB 28:10; Pkh 10:8
WB. 26:28WB 29:5
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Wulang Bebasan 26:1-28

Wulang Bebasan

26 Wong bodho kuduné ora diajèni,+

Kaya salju sing kuduné ora ana pas musim panas, lan kaya udan sing kuduné ora ana pas musim panèn.

 2 Wong sing kena kutukan kuwi mesthi ana sebabé,

Kaya manuk sing lunga ngedoh lan manuk walèt sing mabur mesthi ya ana sebabé.*

 3 Pecut kuwi kanggo jaran, tali kuwi kanggo keledai,+

Lan tongkat kuwi kanggo nggebug gegeré wong bodho.+

 4 Wektu njawab wong bodho, aja kaya wong bodho,

Bèn kowé ora dadi kaya dhèwèké.

 5 Wektu njawab wong bodho, kowé kudu mbuktèkké nèk dhèwèké bodho,

Bèn dhèwèké ora mikir nèk dhèwèké wicaksana.+

 6 Mènèhi tugas marang wong bodho kuwi

Kaya wong sing nyilakani dhèwèké dhéwé lan nggawé sikilé dadi pincang.

 7 Peribahasané wong bodho kuwi+

Kaya sikilé wong cacad sing pincang.

 8 Mènèhi pujian marang wong bodho kuwi+

Kaya nalèni watu sing arep dibalangké.

 9 Peribahasané wong bodho kuwi

Kaya semak berduri ing tangané wong mabuk.

10 Wong sing ndadèkké wong bodho utawa wong liwat dadi pegawéné kuwi

Kaya wong sing manah sapa waé sak karepé dhéwé.

11 Wong bodho mbalèni manèh tumindaké sing ora ana gunané,+

Kaya asu sing mangan manèh apa sing wis dimuntahké.

12 Apa kowé tau ndelok wong sing rumangsa wicaksana?+

Luwih gampang mbantu wong bodho timbang mbantu dhèwèké.

13 Wong sing kesèd ngomong, ”Ana singa ing dalan,

Ana singa ing tengah dalan.”+

14 Wong kesèd mbolak-mbalikké awaké ing panggonané turu,+

Kaya lawang sing terus-terusan mbukak nutup.

15 Wong sing kesèd mung ndèlèhké tangané ing mangkok,

Ning saking kesèdé, dhèwèké wegah nglebokké panganan ing cangkemé.+

16 Wong kesèd mikir nèk dhèwèké luwih wicaksana

Timbang wong pitu sing jawabané wicaksana.

17 Wong sing pas lagi liwat, terus nesu* wektu ndelok wong liya padu+ kuwi

Kaya wong sing nyekel kupingé asu.

18 Kaya wong édan sing némbakké panah geni lan tombak sing isa matèni wong liya,

19 Ya kaya ngono kuwi wong sing ngapusi wong liya, terus ngomong, ”Aku mung guyon.”+

20 Nèk ora ana kayu, geniné mati.

Nèk ora ana wong sing mitnah, wong sing padu dadi ora padu manèh.+

21 Wong sing seneng padu nggawé masalah,+

Kaya areng lan kayu sing nggawé geni dadi murub.

22 Omongané wong sing mitnah kuwi kaya panganan sing énak.

Kuwi langsung dieleg lan mlebu ing weteng.+

23 Omongan sing nyenengké saka wong sing nduwé niat jahat kuwi+

Kaya pecahan tanah liat sing dilapisi pérak.

24 Wong sing sengit karo wong liya nutup-nutupi rasa sengité nganggo omongané,

Ning atiné nyimpen rencana kanggo ngapusi.

25 Senajan dhèwèké ramah, aja percaya karo dhèwèké,

Merga ing atiné ana pitu pikiran jahat.*

26 Senajan wong kuwi ngapusi kanggo nutup-nutupi rasa sengité,

Kejahatané bakal kétok ing ngarepé kabèh wong.

27 Wong sing nggali lubang bakal tiba ing lubang kuwi,

Lan wong sing ngglindhingké watu bakal kelindhes watu kuwi.+

28 Wong sing ngapusi sengit karo wong sing dilarani,

Lan wong sing seneng nyanjung-nyanjung nyebabké wong liya dadi cilaka.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim