Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud.
14 Wong bodho mbatin,
”Yéhuwah kuwi ora ana.”+
Tumindaké wong kuwi jahat lan disengiti Gusti Allah.
Ora ana sing tumindaké apik.+
2 Saka swarga, Yéhuwah ndelok manungsa ing bumi
Merga péngin ngerti sapa sing nduwé pemahaman lan sing nggolèk tuntunané Yéhuwah.+
3 Kabèh manungsa ora nindakké sing bener manèh.+
Kabèh wong kuwi jahat.
Ora ana sing tumindaké apik,
Ora ana babar blas.
4 Apa wong jahat ora nduwé pengetahuan
Nganti gampang banget nindhes umaté Gusti Allah kaya nèk mangan roti
Lan ora njaluk tuntunané Yéhuwah?
6 Wong jahat ngupaya ngrusak rencanané wong cilik,
Ning Yéhuwah nglindhungi wong cilik kuwi.+
7 Muga-muga sing nylametké Israèl teka saka Zion.+
Muga-muga Yakub seneng, muga-muga Israèl seneng
Wektu Yéhuwah ngumpulké manèh umaté sing ditawan.