Yérémia
16 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Kowé aja nikah lan aja nduwé anak lanang utawa wédok ing tanah iki. 3 Iki sing diomongké Yéhuwah soal anak lanang lan anak wédok sing lair ing tanah iki, lan soal ibu lan bapaké cah-cah kuwi: 4 ’Wong-wong kuwi bakal mati merga penyakit,+ ning ora bakal ditangisi utawa dikubur. Wong-wong kuwi bakal dadi kaya pupuk ing lemah.+ Wong-wong kuwi bakal mati merga dipatèni nganggo pedhang lan merga kelaparan.+ Mayaté bakal dipangan manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi.’
5 Iki sing diomongké Yéhuwah,
’Aja mlebu ing rumah duka.
Aja mèlu nangis utawa ngrasa mesakké.’+
’Kuwi merga Aku ora bakal mènèhi wong-wong kuwi kedamaian manèh,’ kandhané Yéhuwah,
’Aku ya ora bakal nduduhké katresnan-Ku sing langgeng* utawa ngrasa mesakké.+
6 Embuh kuwi wong penting utawa wong biasa, kabèh bakal mati ing tanah iki.
Wong-wong kuwi ora bakal dikubur.
Ora ana sing bakal nangisi wong-wong kuwi.
Ora ana sing bakal mbesèti awaké utawa nyukur rambuté nganti gundhul* kanggo wong-wong kuwi.
7 Ora ana sing bakal nyedhiakké panganan kanggo wong sing lagi berkabung
Bèn isa menghibur wong-wong kuwi merga ditinggal mati.
Ora ana sing bakal mènèhi sak gelas anggur
Bèn isa menghibur wong-wong kuwi merga ditinggal mati bapaké utawa ibuné.
8 Aja mlebu ing omahé wong sing lagi pésta.
Aja lungguh terus mèlu mangan lan ngombé bareng wong-wong kuwi.’
9 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Aku bakal ngendhegké swarané wong seneng-seneng, swarané mantèn lanang, lan swarané mantèn wédok ing panggonan iki.+ Kowé bakal ndelok iki kelakon ing jamanmu.’
10 ”Wektu kowé nyampèkké omongan iki marang bangsa kuwi, wong-wong kuwi bakal takon, ’Ngapa kok Yéhuwah ngomong soal kabèh bencana sing medèni iki? Apa salah lan dosaku marang Yéhuwah Gusti Allahku?’+ 11 Jawaben ngéné, ’”Kuwi merga nènèk moyangmu wis ninggalké Aku,”+ kandhané Yéhuwah. ”Wong-wong kuwi bola-bali nyembah, nglayani, lan sujud marang allah-allah liya.+ Wong-wong kuwi padha ninggalké Aku lan ora nindakké hukum-Ku.+ 12 Kelakuanmu malah luwih èlèk timbang nènèk moyangmu.+ Kuduné kowé manut karo Aku, ning kowé malah padha ndableg nuruti atimu sing jahat.+ 13 Mula, kowé bakal Tak buwang saka tanah iki menyang tanah liya sing ora mbok kenal lan ora dikenal nènèk moyangmu.+ Ing kana, kowé bakal nglayani allah-allah liya awan lan bengi,+ merga Aku babar blas ora bakal mesakké kowé.”’
14 ”Yéhuwah kandha, ’Bakal tekan wektuné wong-wong kuwi ora bakal kandha manèh, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing nggawa wong Israèl metu saka Mesir.”+ 15 Ning wong-wong kuwi bakal kandha, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing nggawa wong Israèl metu saka tanah lor lan saka tanah panggonané wong Israèl disebar.” Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanahé, sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangé.’+
16 Yéhuwah kandha, ’Aku bakal ngongkon akèh nelayan
Bèn padha nangkep umat-Ku.
Bar kuwi, Aku bakal ngongkon akèh pemburu
Bèn padha mburu umat-Ku ing saben gunung, ing saben bukit,
Lan ing celah-celahé tebing watu.
17 Kuwi merga Aku ndelok kabèh sing ditindakké wong-wong kuwi.
Wong-wong kuwi ora isa ndhelik saka Aku.
Kesalahané ya ora isa didhelikké saka Aku.
18 Sakdurungé nggawa wong-wong kuwi bali, Aku bakal ngukum wong-wong kuwi merga kesalahan lan dosané,+
Sebab wong-wong kuwi wis nggawé najis tanah-Ku nganggo brahala-brahalané sing njijiki lan ora ana nyawané.
Tanah-Ku wis dikebaki nganggo perkara-perkara sing njijiki.’”+
19 Oh Yéhuwah, kekuwatan lan bèntèngku,
Sing dadi panggonanku ndhelik pas susah,+
Bangsa-bangsa saka ujung-ujung bumi bakal teka marang Njenengan
Lan bakal kandha, ”Nènèk moyangku diwènèhi warisan brahala-brahala*
Sing ora ana gunané, ora berharga, lan ora ana manfaaté.”+
20 Apa manungsa isa nggawé allah-allah?
Kabèh sing digawé wong-wong kuwi dudu allah sing bener.+
21 ”Mula, Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngerti.
Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngerti kuwasa-Ku lan kekuwatan-Ku,
Lan wong-wong kuwi bakal ngerti nèk jeneng-Ku kuwi Yéhuwah.”