Mazmur
113 Pujinen Yah.*
Hé kowé para abdiné Yéhuwah, pujinen Dhèwèké.
Pujinen jenengé Yéhuwah.
2 Muga-muga jenengé Yéhuwah dipuji
Saka saiki nganti saklawasé.+
4 Yéhuwah kuwi luwih unggul timbang kabèh bangsa.+
Kemuliaané luwih dhuwur timbang langit.+
6 Dhèwèké mbungkuk bèn isa ndelok langit lan bumi.+
7 Dhèwèké mbébaské wong cilik saka kesusahané,*
Dhèwèké mbébaské wong mlarat saka kesusahané,*+
8 Bèn wong kuwi lungguh karo para bangsawan,
Yaiku para bangsawan sing ana ing antarané umaté.
9 Dhèwèké nggawé wong wédok sing mandhul nduwé anak.*+
Lan nggawé wong wédok kuwi dadi ibu sing bahagia ing omahé.
Pujinen Yah.*