Wahyu
9 Malaékat sing kelima nyebul trompèté.+ Terus, aku ndelok ana bintang sing tiba saka langit ing bumi. Dhèwèké* diwènèhi kunci kanggo mbukak jurang sing jero banget.*+ 2 Sakwisé dhèwèké mbukak jurang sing jero banget* kuwi, ana asap sing metu saka jurang kuwi, kaya asap saka tungku sing gedhé. Asap kuwi nggawé matahari lan udara dadi peteng.+ 3 Saka asap kuwi, ana akèh walang sing metu ing bumi.+ Walang-walang kuwi diwènèhi kuwasa sing padha kaya kuwasa sing diduwèni kalajengking ing bumi. 4 Walang-walang kuwi dipréntahké bèn ora ngrusak suket-suket, tanduran, utawa wit-witan apa waé ing bumi. Walang-walang kuwi mung éntuk nyerang wong-wong sing ing bathuké ora ana meterainé Gusti Allah.+
5 Walang-walang kuwi diwènèhi kuwasa kanggo nyiksa wong-wong kuwi limang sasi suwéné, ning wong-wong kuwi ora olèh dipatèni. Wong-wong kuwi bakal kesiksa kaya nèk dientup kalajengking.+ 6 Saking larané, wektu kuwi wong-wong dadi péngin mati lan nggolèk-nggolèk cara bèn isa mati, ning tetep ora isa.
7 Walang-walang kuwi bentuké kaya jaran sing disiapké kanggo perang,+ lan ing endhasé ana kaya mahkota emas. Wajahé walang-walang kuwi kaya wajahé manungsa, 8 ning rambuté kaya rambuté wong wédok. Untuné walang-walang kuwi kaya untu singa.+ 9 Walang-walang kuwi nganggo tutup dhadha kaya tutup dhadha saka wesi, lan swara sayapé pas mabur kaya swarané kréta-kréta jaran sing arep perang.+ 10 Ing buntuté walang-walang kuwi, ana entup kaya entupé kalajengking. Ya ing buntuté kuwi ana kuwasa kanggo nyiksa wong-wong limang sasi suwéné.+ 11 Walang-walang kuwi nduwé raja, yaiku malaékat sing njaga jurang sing jero banget.*+ Jenengé raja kuwi ing basa Ibrani yaiku Abadon* lan ing basa Yunani yaiku Apolion.*
12 Cilaka sing pertama wis liwat. Isih ana cilaka loro+ manèh sing bakal teka.
13 Malaékat sing keenem+ nyebul trompèté.+ Terus, aku krungu swara saka sungu-sunguné mézbah emas*+ sing ana ing ngarepé Gusti Allah. 14 Swara kuwi kandha marang malaékat sing keenem, ”Bébasna malaékat papat sing ditahan ing cedhaké kali gedhé Éfrat kuwi.”+ 15 Malaékat papat kuwi wis disiapké kanggo jam, dina, sasi, lan taun sing wis ditentokké. Malaékat-malaékat kuwi dibébaské kanggo matèni seperteluné manungsa.
16 Aku krungu jumlahé tentara sing numpak jaran ana 200 yuta.* 17 Ing wahyu sing tak delok kuwi, jaran lan sing numpak jaran kuwi kaya ngéné: Sing numpak nganggo tutup dhadha wernané abang mbranang, biru tuwa, lan kuning. Endhasé jaran kuwi kaya endhasé singa,+ lan saka cangkemé metu geni, asap, lan belérang. 18 Seperteluné manungsa dipatèni nganggo bencana telu, yaiku geni, asap, lan belérang, sing metu saka cangkemé jaran-jaran kuwi. 19 Kuwasané jaran-jaran kuwi ana ing cangkemé lan ing buntuté. Buntuté jaran-jaran kuwi kaya ula sing nduwé endhas, lan nganggo buntuté kuwi, jaran-jaran kuwi nyilakani wong-wong.
20 Ning, wong-wong sing ora mati merga bencana-bencana kuwi tetep ora mertobat saka kelakuané. Wong-wong kuwi tetep nyembah roh-roh jahat lan brahala-brahala saka emas, pérak, tembaga, watu, lan kayu. Padahal, brahala-brahala kuwi ora isa ndelok, ngrungokké, utawa mlaku.+ 21 Wong-wong kuwi ya malah terus-terusan matèni, nindakké spiritisme,* nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* lan nyolong.