Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud.
13 Oh Yéhuwah, nganti kapan Njenengan lali karo aku? Nganti saklawasé?
Nganti kapan Njenengan ninggalké aku?*+
2 Nganti kapan aku terus kuwatir
Lan ngrasa sedhih saben dina?
Nganti kapan mungsuhku ngalahké aku?+
3 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, deloken aku lan jawaben aku.
Gawénen aku kuwat manèh bèn aku ora mati,*
4 Bèn mungsuhku ora ngomong, ”Aku wis ngalahké dhèwèké.”
Aja nganti mungsuhku seneng merga aku kalah.+
5 Ning, aku percaya nèk Njenengan nresnani* aku.+
Atiku bakal seneng wektu Njenengan nylametké aku.+
6 Aku bakal nyanyi kanggo Yéhuwah, merga Dhèwèké wis apikan banget karo aku.*+