PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Zakharia 11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Zakharia

      • Akibat nèk nolak gembala saka Gusti Allah (1-17)

        • ”Engonen domba-domba sing arep dibelèh” (4)

        • Tongkat loro: Apikan lan Persatuan (7)

        • Upah gembala: 30 dhuwit pérak (12)

        • Dhuwit kuwi diuncalké ing panggonan kanggo nyimpen harta (13)

Zakharia 11:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Basa Inggrisé oak.

Zakharia 11:4

Réferènsi Silang

  • +Yèh 34:8

Zakharia 11:5

Réferènsi Silang

  • +Yèh 22:25
  • +Néh 5:8
  • +Yèh 34:2, 4

Zakharia 11:7

Réferènsi Silang

  • +Za 11:4
  • +Za 11:10, 14

Zakharia 11:10

Réferènsi Silang

  • +Za 11:7

Zakharia 11:12

Réferènsi Silang

  • +Mat 26:14, 15; 27:9; Mrk 14:10, 11

Zakharia 11:13

Réferènsi Silang

  • +Pa 21:32
  • +Mat 27:5, 6; Kis 1:18

Zakharia 11:14

Réferènsi Silang

  • +Za 11:7
  • +1Raj 12:19, 20; Yèh 37:16

Zakharia 11:15

Réferènsi Silang

  • +Yèh 34:2, 4

Zakharia 11:16

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”lan nyabut kukuné”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 23:2; Yèh 34:6; Mat 9:36
  • +Yèh 34:21
  • +PD 31:38
  • +Yèh 34:3, 10

Zakharia 11:17

Réferènsi Silang

  • +Yér 23:1; Mat 23:13
  • +Yoh 10:12

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Za. 11:4Yèh 34:8
Za. 11:5Yèh 22:25
Za. 11:5Néh 5:8
Za. 11:5Yèh 34:2, 4
Za. 11:7Za 11:4
Za. 11:7Za 11:10, 14
Za. 11:10Za 11:7
Za. 11:12Mat 26:14, 15; 27:9; Mrk 14:10, 11
Za. 11:13Pa 21:32
Za. 11:13Mat 27:5, 6; Kis 1:18
Za. 11:14Za 11:7
Za. 11:141Raj 12:19, 20; Yèh 37:16
Za. 11:15Yèh 34:2, 4
Za. 11:16Yér 23:2; Yèh 34:6; Mat 9:36
Za. 11:16Yèh 34:21
Za. 11:16PD 31:38
Za. 11:16Yèh 34:3, 10
Za. 11:17Yér 23:1; Mat 23:13
Za. 11:17Yoh 10:12
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Zakharia 11:1-17

Zakharia

11 ”Hé Lébanon, bukaken lawang-lawangmu

Bèn geni ngobong wit-wit arasmu.

 2 Hé wit juniper, nangisa sing banter merga wit aras wis ambruk,

Wit sing gedhé banget wis dihancurké.

Hé wit-wit sing gedhé banget* ing Basyan, nangisa sing banter

Merga hutan sing rimbun wis ora ana manèh.

 3 Rungokna! Para gembala nangis banter banget

Merga kemuliaané wis ilang.

Rungokna! Singa-singa enom nyuwara banter

Merga semak belukar ing sepanjang Kali Yordan wis hancur.

4 ”Yéhuwah Gusti Allahku kandha, ’Engonen domba-domba sing arep dibelèh.+ 5 Wong sing tuku padha mbelèh domba-domba kuwi,+ ning dianggep ora salah. Sing ngedol+ domba-domba kuwi kandha, ”Muga-muga Yéhuwah dipuji merga aku bakal sugih.” Gembalané ya ora mesakké karo domba-domba kuwi.’+

6 ”Yéhuwah kandha, ’Aku ora bakal mesakké manèh karo penduduk tanah iki. Aku bakal nggawé saben wong ditindhes kancané lan rajané dhéwé. Wong-wong kuwi bakal ngremuk tanah iki, lan Aku ora bakal mbébaské sapa waé saka kekuasaané wong-wong kuwi.’”

7 Aku mulai ngengon domba-domba sing arep dibelèh kuwi.+ Hé domba-domba sing ditindhes, aku nindakké kuwi kanggo kowé. Dadi, aku njupuk tongkat loro. Sing siji disebut Apikan, lan sing sijiné Persatuan.+ Terus, aku mulai ngengon domba-domba kuwi. 8 Ing wektu sesasi, ana gembala telu sing tak pecat merga aku wis ora sabar manèh karo para gembala kuwi. Para gembala kuwi ya sengit karo aku. 9 Terus aku kandha, ”Aku ora bakal angon kowé manèh. Sing arep mati ya wis bèn mati. Sing wis ora ana ya wis bèn ora ana. Sing isih urip bèn waé mangan daging domba liyané.” 10 Mula, aku njupuk tongkat sing disebut Apikan,+ terus tak tugel, bèn perjanjianku karo bangsaku batal. 11 Dadi, perjanjian kuwi dibatalké ing dina kuwi. Pas ndelok aku nindakké kuwi, domba-domba sing ditindhes mau ngerti nèk iki omongané Yéhuwah.

12 Terus, aku kandha marang wong-wong, ”Nèk kowé gelem, wènèhana upahku. Ning nèk ora gelem, ya ora usah.” Wong-wong kuwi mbayar upahku 30 dhuwit pérak.+

13 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Uncalna dhuwit kuwi ing panggonan kanggo nyimpen harta. Aku dibayar nganggo dhuwit sing sithik banget.”+ Mula, 30 dhuwit pérak kuwi tak uncalké ing panggonan kanggo nyimpen harta ing omahé Yéhuwah.+

14 Terus, aku nugel tongkat sing disebut Persatuan,+ bèn Yéhuda lan Israèl ora seduluran manèh.+

15 Yéhuwah kandha marang aku, ”Jupuken peralatan duwèké gembala sing ora ana gunané.+ 16 Bakal ana gembala sing ngopèni tanah iki. Dhèwèké ora bakal ngopèni domba sing arep mati,+ domba cilik sing kesasar ora bakal digolèki, domba sing luka ora bakal ditambani,+ lan domba sing séhat ora dipakani. Malah, dhèwèké mangan domba sing lemu+ lan nyiksa* domba-domba kuwi.+

17 Cilaka tenan gembala sing ora ana gunané kuwi,+ sing ora ngopèni domba-dombané.+

Lengen lan mripaté tengen bakal diserang pedhang.

Lengené bakal lumpuh,

Lan mripaté tengen bakal wuta.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim