PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Maléakhi 3
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Maléakhi

      • Gusti sing bener teka kanggo ngresiki baité (1-5)

        • Utusan kanggo perjanjian (1)

      • Dikongkon bali marang Yéhuwah (6-12)

        • Yéhuwah ora berubah (6)

        • ”Padha balia marang Aku, lan Aku bakal bali marang kowé” (7)

        • ’Gawanen kabèh sepersepuluhan, lan Yéhuwah bakal ngesokké berkah’ (10)

      • Wong sing bener lan wong sing jahat (13-18)

        • Ing ngarepé Gusti Allah, ana buku kanggo nyathet jenengé wong-wong sing diéling-éling (16)

        • Bédané wong sing bener lan sing jahat (18)

Maléakhi 3:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”ngosongké”.

Réferènsi Silang

  • +Mat 3:1-3; 11:7, 10; Mrk 1:2-4; Luk 1:76; Yoh 1:6, 23; 3:28
  • +Mzm 11:4

Maléakhi 3:2

Réferènsi Silang

  • +Yés 1:25; Yér 2:22

Maléakhi 3:3

Réferènsi Silang

  • +Mzm 66:10; WB 25:4; Za 13:9

Maléakhi 3:4

Réferènsi Silang

  • +2Bb 7:1

Maléakhi 3:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”yatim piatu”.

  • *

    Utawa ”sing nglanggar hak-haké”.

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +PT 18:10, 12
  • +Pa 20:7
  • +WB 14:31; Yak 5:4
  • +PT 24:17; Yés 1:17; Yak 1:27
  • +Pa 23:9; Za 7:10

Maléakhi 3:6

Réferènsi Silang

  • +Yés 43:10; 46:4; Yak 1:17

Maléakhi 3:7

Réferènsi Silang

  • +PT 9:7; Kis 7:51
  • +Yér 3:12; Za 1:3; Yak 4:8

Maléakhi 3:9

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”Kowé ngutuk Aku nganggo kutukan”.

Maléakhi 3:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”menyang gudhang”.

Réferènsi Silang

  • +Km 27:30; PT 14:28
  • +2Bb 31:11; Néh 12:44; 13:10
  • +PT 28:12
  • +Km 26:10; 2Bb 31:10; WB 3:9, 10

Maléakhi 3:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé wabah serangga.

Réferènsi Silang

  • +PT 11:14; Za 8:12

Maléakhi 3:12

Réferènsi Silang

  • +Yés 61:9

Maléakhi 3:13

Réferènsi Silang

  • +Mal 1:6

Maléakhi 3:14

Réferènsi Silang

  • +Ayb 21:14, 15; Mzm 73:13, 14; Yés 58:3; Zéf 1:12

Maléakhi 3:15

Réferènsi Silang

  • +Yér 12:1

Maléakhi 3:16

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Utawa mungkin ”ngajèni”.

Réferènsi Silang

  • +Mzm 56:8; 69:28
  • +Yés 26:8

Maléakhi 3:17

Réferènsi Silang

  • +Yér 31:33
  • +Yés 62:3; 1Ptr 2:9
  • +Mzm 103:13

Maléakhi 3:18

Réferènsi Silang

  • +Mzm 58:10, 11

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Mal. 3:1Mat 3:1-3; 11:7, 10; Mrk 1:2-4; Luk 1:76; Yoh 1:6, 23; 3:28
Mal. 3:1Mzm 11:4
Mal. 3:2Yés 1:25; Yér 2:22
Mal. 3:3Mzm 66:10; WB 25:4; Za 13:9
Mal. 3:42Bb 7:1
Mal. 3:5PT 18:10, 12
Mal. 3:5Pa 20:7
Mal. 3:5WB 14:31; Yak 5:4
Mal. 3:5PT 24:17; Yés 1:17; Yak 1:27
Mal. 3:5Pa 23:9; Za 7:10
Mal. 3:6Yés 43:10; 46:4; Yak 1:17
Mal. 3:7PT 9:7; Kis 7:51
Mal. 3:7Yér 3:12; Za 1:3; Yak 4:8
Mal. 3:10Km 27:30; PT 14:28
Mal. 3:102Bb 31:11; Néh 12:44; 13:10
Mal. 3:10PT 28:12
Mal. 3:10Km 26:10; 2Bb 31:10; WB 3:9, 10
Mal. 3:11PT 11:14; Za 8:12
Mal. 3:12Yés 61:9
Mal. 3:13Mal 1:6
Mal. 3:14Ayb 21:14, 15; Mzm 73:13, 14; Yés 58:3; Zéf 1:12
Mal. 3:15Yér 12:1
Mal. 3:16Mzm 56:8; 69:28
Mal. 3:16Yés 26:8
Mal. 3:17Yér 31:33
Mal. 3:17Yés 62:3; 1Ptr 2:9
Mal. 3:17Mzm 103:13
Mal. 3:18Mzm 58:10, 11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Maléakhi 3:1-18

Maléakhi

3 ”Aku ngirim utusan-Ku, lan dhèwèké bakal nyiapké* dalan kanggo Aku.+ Terus ujug-ujug, Gusti sing bener, sing mbok golèki, bakal teka ing baité.+ Utusan kanggo perjanjian, sing wis mbok tunggu-tunggu, ya bakal teka. Dhèwèké mesthi bakal teka,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

2 ”Ning sapa sing bakal siap pas dhèwèké teka, lan sapa sing bakal isa tetep ngadeg pas dhèwèké teka? Sebab dhèwèké bakal dadi kaya geni sing nggawé logam dadi murni lan kaya sabun+ sing nggawé klambi dadi resik. 3 Dhèwèké bakal nggawé resik anak-anaké lanang Lèwi kaya wong sing lungguh kanggo nggawé pérak dadi murni lan resik.+ Wong-wong kuwi bakal digawé murni kaya emas lan pérak. Mula, wong-wong kuwi bakal dadi wong sing bener sing mènèhké persembahan marang Yéhuwah. 4 Persembahan saka Yéhuda lan Yérusalèm bakal bener-bener nggawé Yéhuwah seneng kaya jaman mbiyèn.+

5 ”Aku bakal teka kanggo ngadili kowé. Aku bakal langsung ngadili wong-wong sing nggunakké ilmu gaib,+ wong sing laku jina, wong sing nggawé sumpah palsu,+ wong sing ngapusi buruh upahan,+ wong sing ngapusi randha lan anak yatim,*+ lan wong sing ora gelem mbantu* wong asing.+ Wong-wong kuwi ora wedi karo* Aku,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

6 ”Aku iki Yéhuwah. Aku ora berubah.+ Kowé kuwi keturunané Yakub. Kuwi sebabé kowé isih urip. 7 Kèt jaman nènèk moyangmu, kowé wis nyimpang lan ora manut karo peraturan-Ku.+ Padha balia marang Aku, lan Aku bakal bali marang kowé,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

Ning kowé takon, ”Lha ngapa aku kudu bali?”

8 ”Apa ana manungsa sing ngrampok Gusti Allah? Ning kowé ngrampok Aku.”

Terus kowé takon, ”Kok isa aku ngrampok Njenengan?”

”Kuwi merga kowé ora mènèhi sepersepuluhan lan sumbangan. 9 Kowé kuwi wong-wong sing dikutuk,* merga kowé ngrampok Aku. Kabèh wong saka bangsamu padha nindakké kuwi. 10 Gawanen kabèh sepersepuluhan menyang bait*+ bèn ana panganan ing omah-Ku.+ Ujinen Aku lan deloken, Aku mesthi bakal mbukak pintu-pintu air ing langit kanggo kowé+ lan ngesokké berkah kaya udan nganti ora ana manèh sing kekurangan,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

11 ”Aku bakal ngusir hama.* Kuwi ora bakal ngrusak hasil tanahmu, lan kebon anggurmu mesthi bakal ngetokké buah,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

12 ”Kabèh bangsa bakal kandha nèk kowé bahagia+ merga tanahmu bakal dadi tanah sing nyenengké,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

13 ”Omonganmu soal Aku kuwi bener-bener kurang ajar,” kandhané Yéhuwah.

Terus kowé takon, ”Mémangé aku ngomong apa soal Njenengan?”+

14 ”Kowé kandha, ’Percuma nglayani Gusti Allah.+ Apa gunané nindakké kewajibané awaké dhéwé marang Dhèwèké? Apa gunané nduduhké marang Yéhuwah pemimpiné pasukan nèk awaké dhéwé sedhih merga dosa-dosané awaké dhéwé? 15 Wong sing bahagia kuwi kan wong sing lancang, ta? Wong sing berhasil kuwi kan wong sing nindakké kejahatan, ta?+ Wong-wong kuwi wani nguji Gusti Allah lan ora diapak-apakké.’”

16 Wektu kuwi, wong-wong sing wedi marang* Yéhuwah bakal omong-omongan, saben wong karo kancané, lan Yéhuwah terus ngrungokké tenanan wong-wong kuwi. Ing ngarepé Dhèwèké, ana buku kanggo nyathet jenengé wong-wong sing diéling-éling,+ yaiku wong-wong sing wedi marang* Yéhuwah lan sing mikirké* jenengé.+

17 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.+ Wektu kuwi, Aku bakal ndadèkké wong-wong kuwi duwèk-Ku sing istiméwa.+ Aku bakal mesakké wong-wong kuwi kaya bapak sing mesakké anak-anaké sing manut.+ 18 Kowé bakal ndelok manèh bédané wong sing bener lan sing jahat,+ bédané wong sing nglayani lan sing ora nglayani Gusti Allah.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim