Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Lagu iki kudu diiringi alat musik bersenar. Lagu sing digawé Daud.
4 Oh Gusti Allahku sing bener,+ tulung jawab aku wektu aku ngomong.
Tulung bantu aku ngatasi masalahku.
Tulung mesakké aku lan rungokna dongaku.
2 Hé manungsa, nganti kapan kowé ngrèmèhké aku?
Nganti kapan kowé nggolèki apa sing palsu lan seneng karo apa sing ora ana gunané? (Sela)
3 Kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah ngajèni umaté sing setya.*
Yéhuwah bakal ngrungokké wektu aku ngomong karo Dhèwèké.
4 Wektu kowé nesu, aja nggawé dosa.+
Sing arep mbok omongké dibatin waé ing panggonanmu turu, lan menenga waé. (Sela)
5 Kowé kudu tulus wektu mènèhké persembahan marang Gusti Allah,
Lan kowé kudu percaya marang Yéhuwah.+
6 Akèh sing ngomong, ”Sapa sing bakal nggawé awaké dhéwé makmur?”
Oh Yéhuwah, muga-muga Njenengan apikan karo aku.+
7 Njenengan nggawé aku luwih bahagia
Timbang wong sing nduwé biji-bijian lan anggur sing akèh.