Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nurut lagu ”Aja Nyingkirké”. Miktam.* Lagu sing digawé Daud wektu Saul ngongkon wong ngawasi omahé Daud merga arep matèni Daud.+
59 Oh Gusti Allahku, tulung slametna aku saka mungsuh-mungsuhku,+
Tulung lindhungi aku saka wong-wong sing nyerang aku.+
2 Slametna aku saka wong sing tumindaké jahat,
Lan slametna aku saka wong sing kejem.*
3 Oh Yéhuwah, wong-wong kuwi ngincer aku.+
Wong-wong sing kuwat nyerang aku,
Padahal aku ora nindakké kesalahan utawa dosa.+
4 Senajan aku ora nindakké kesalahan, wong-wong kuwi cepet-cepet arep nyerang aku.
Wektu aku njaluk tulung marang Njenengan, tulung cepet tumindak kanggo mbantu aku lan deloken sing ditindakké wong-wong kuwi.
5 Oh Gusti Allah Yéhuwah pemimpiné pasukan, Njenengan kuwi Gusti Allahé Israèl.+
Tulung cepet tumindak kanggo ngukum bangsa-bangsa kuwi.
Aja mesakké karo pengkhianat.+ (Sela)
6 Saben bengi,+ wong-wong kuwi bali lan péngin nangkep aku.
Wong-wong kuwi njegog kaya asu+ lan mlaku ngubengi kutha.+
7 Wong-wong kuwi ngomongké apa sing jahat.
Omongané wong-wong kuwi kaya pedhang.+
Wong-wong kuwi kandha, ”Ora ana sing ngerti nèk awaké dhéwé ngomong kaya ngéné.”+
8 Ning Njenengan, oh Yéhuwah, bakal ngécé wong-wong kuwi.+
Njenengan bakal ngrèmèhké kabèh bangsa.+
9 Gusti Allah, Njenengan kekuwatanku, aku bakal terus berharap marang Njenengan,+
10 Gusti Allah sing nresnani* aku bakal nulungi aku.+
Gusti Allah bakal nggawé aku ndelok mungsuh-mungsuhku kalah.+
11 Aja matèni wong-wong kuwi sik, bèn bangsaku ora lali karo sing wis mbok tindakké.
Nganggo kuwasa-Mu, gawénen wong-wong kuwi mlaku tanpa tujuan.
Oh Yéhuwah, tamèngku, gawénen wong-wong kuwi ilang kekuwatané.+
12 Wong-wong kuwi nggawé dosa liwat omongané.
Muga-muga wong-wong kuwi kejebak merga sifat sombongé,+
Lan merga wong-wong kuwi nyumpahi wong liya lan seneng ngapusi.
13 Singkirna wong-wong kuwi merga Njenengan nesu banget.+
Singkirna wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi ora ana manèh.
Wong-wong kuwi kudu ngerti nèk Gusti Allah mréntah Yakub lan mréntah nganti ujung bumi.+ (Sela)
14 Bèn waé saben bengi, wong-wong kuwi bali lan péngin nangkep aku.
Bèn waé wong-wong kuwi njegog kaya asu lan mlaku ngubengi kutha.+
15 Bèn waé wong-wong kuwi mlaku wira-wiri nggolèk panganan.+
Ning, aja nganti wong-wong kuwi wareg lan éntuk panggonan kanggo nginep.
16 Ning aku, aku bakal nyanyi soal kekuwatan-Mu.+
Pas isih ésuk, aku bakal seneng nyritakké soal rasa sayang-Mu.*