Mazmur
136 Ucapna syukur marang Yéhuwah merga Dhèwèké apikan.+
2 Ucapna syukur marang Gusti Allah sing luwih unggul timbang kabèh allah liyané,+
Merga katresnané ana saklawasé.
3 Ucapna syukur marang Gusti sing luwih unggul timbang kabèh gusti liyané,
Merga katresnané ana saklawasé.
6 Dhèwèké ndèlèhké bumi ing ndhuwuré banyu,+
Merga katresnané ana saklawasé.
7 Dhèwèké nggawé cahaya ing langit,+
Merga katresnané ana saklawasé.
8 Dhèwèké nggawé matahari kanggo madhangi pas awan,+
Merga katresnané ana saklawasé.
9 Dhèwèké nggawé bulan lan bintang kanggo madhangi pas bengi,+
Merga katresnané ana saklawasé.
10 Dhèwèké matèni kabèh anak pertama ing Mesir,+
Merga katresnané ana saklawasé.
11 Dhèwèké nggawa wong Israèl metu saka Mesir,+
Merga katresnané ana saklawasé,
12 Nganggo kuwasa+ lan kekuwatané sing gedhé,
Merga katresnané ana saklawasé.
13 Dhèwèké mbelah Laut Merah dadi loro,+
Merga katresnané ana saklawasé.
14 Dhèwèké nggawé wong Israèl nyabrang ing tengah-tengahé,+
Merga katresnané ana saklawasé.
15 Dhèwèké nggawé Firaun lan pasukané kleleb ing Laut Merah,+
Merga katresnané ana saklawasé.
16 Dhèwèké nuntun umaté ngliwati padhang belantara,+
Merga katresnané ana saklawasé.
17 Dhèwèké ngalahké raja-raja sing hébat,+
Merga katresnané ana saklawasé.
18 Dhèwèké matèni raja-raja sing kuwat,
Merga katresnané ana saklawasé,
19 Sihon+ rajané wong Amori,
Merga katresnané ana saklawasé,
20 Lan Og+ raja Basyan,
Merga katresnané ana saklawasé.
21 Dhèwèké mènèhké tanahé raja-raja kuwi dadi warisan,+
Merga katresnané ana saklawasé,
22 Warisan kanggo Israèl umaté,
Merga katresnané ana saklawasé.
24 Dhèwèké bola-bali mbébaské awaké dhéwé saka mungsuh,+
Merga katresnané ana saklawasé.
25 Dhèwèké mènèhi pangan kanggo kabèh makhluk hidup,+
Merga katresnané ana saklawasé.
26 Ucapna syukur marang Gusti Allah sing nguwasani swarga,
Merga katresnané ana saklawasé.