PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Kaimaman

      • Kéwan sing haram lan ora haram (1-47)

Kaimaman 11:2

Réferènsi Silang

  • +PT 14:4-6; Yèh 4:14

Kaimaman 11:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé kéwan sing ngunyah manèh panganan sing wis dieleg.

Kaimaman 11:4

Réferènsi Silang

  • +PT 14:7, 8

Kaimaman 11:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Kéwan kaya marmut sing gedhé, ora nduwé buntut, lan manggon ing tebing watu.

Réferènsi Silang

  • +WB 30:26

Kaimaman 11:7

Réferènsi Silang

  • +Yés 65:4; 66:3, 17

Kaimaman 11:8

Réferènsi Silang

  • +Kis 10:14

Kaimaman 11:9

Réferènsi Silang

  • +PT 14:9, 10

Kaimaman 11:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Kuwi maksudé kéwan-kéwan cilik sing uripé nggrombol.

Kaimaman 11:11

Réferènsi Silang

  • +PT 14:3

Kaimaman 11:13

Réferènsi Silang

  • +Ayb 39:27, 30
  • +PT 14:12-19

Kaimaman 11:22

Réferènsi Silang

  • +Mat 3:4; Mrk 1:6

Kaimaman 11:24

Réferènsi Silang

  • +Km 14:46, 47; 15:8; 17:15; 22:4-6

Kaimaman 11:25

Réferènsi Silang

  • +Km 14:2, 8; 15:2, 5; Wi 19:10

Kaimaman 11:26

Réferènsi Silang

  • +PT 14:7, 8

Kaimaman 11:27

Cathetan Ngisor

  • *

    Misalé singa, beruang, lan serigala.

Kaimaman 11:28

Réferènsi Silang

  • +Km 17:15, 16
  • +Km 5:2

Kaimaman 11:29

Réferènsi Silang

  • +Yés 66:17

Kaimaman 11:31

Réferènsi Silang

  • +PT 14:19
  • +Km 11:24; 22:4, 5

Kaimaman 11:33

Réferènsi Silang

  • +Km 15:12

Kaimaman 11:36

Cathetan Ngisor

  • *

    Yaiku lubang kanggo nampung banyu.

Kaimaman 11:39

Réferènsi Silang

  • +Km 11:23, 24; Wi 19:11, 16

Kaimaman 11:40

Réferènsi Silang

  • +Km 17:15; 22:3, 8; PT 14:21; Yèh 4:14; 44:31

Kaimaman 11:41

Réferènsi Silang

  • +Km 11:21

Kaimaman 11:42

Réferènsi Silang

  • +PT 14:3

Kaimaman 11:43

Réferènsi Silang

  • +Km 20:25

Kaimaman 11:44

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:2
  • +Pa 19:6; Km 19:2; PT 14:2; 1Tés 4:7
  • +1Ptr 1:15, 16; Why 4:8

Kaimaman 11:45

Réferènsi Silang

  • +Pa 6:7; 29:46; Hos 11:1
  • +Pa 22:31; Wi 15:40; PT 7:6
  • +Km 20:7, 26; Yos 24:19; 1Sam 2:2

Kaimaman 11:47

Réferènsi Silang

  • +Km 20:25; Yèh 44:23

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Km. 11:2PT 14:4-6; Yèh 4:14
Km. 11:4PT 14:7, 8
Km. 11:5WB 30:26
Km. 11:7Yés 65:4; 66:3, 17
Km. 11:8Kis 10:14
Km. 11:9PT 14:9, 10
Km. 11:11PT 14:3
Km. 11:13Ayb 39:27, 30
Km. 11:13PT 14:12-19
Km. 11:22Mat 3:4; Mrk 1:6
Km. 11:24Km 14:46, 47; 15:8; 17:15; 22:4-6
Km. 11:25Km 14:2, 8; 15:2, 5; Wi 19:10
Km. 11:26PT 14:7, 8
Km. 11:28Km 17:15, 16
Km. 11:28Km 5:2
Km. 11:29Yés 66:17
Km. 11:31PT 14:19
Km. 11:31Km 11:24; 22:4, 5
Km. 11:33Km 15:12
Km. 11:39Km 11:23, 24; Wi 19:11, 16
Km. 11:40Km 17:15; 22:3, 8; PT 14:21; Yèh 4:14; 44:31
Km. 11:41Km 11:21
Km. 11:42PT 14:3
Km. 11:43Km 20:25
Km. 11:44Pa 20:2
Km. 11:44Pa 19:6; Km 19:2; PT 14:2; 1Tés 4:7
Km. 11:441Ptr 1:15, 16; Why 4:8
Km. 11:45Pa 6:7; 29:46; Hos 11:1
Km. 11:45Pa 22:31; Wi 15:40; PT 7:6
Km. 11:45Km 20:7, 26; Yos 24:19; 1Sam 2:2
Km. 11:47Km 20:25; Yèh 44:23
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
  • 38
  • 39
  • 40
  • 41
  • 42
  • 43
  • 44
  • 45
  • 46
  • 47
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kaimaman 11:1-47

Kaimaman

11 Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 2 ”Wong Israèl kandhanana ngéné, ’Iki kéwan ing darat sing éntuk mbok pangan:+ 3 Kabèh kéwan sing memamah biak* lan sing kukuné mbelah lan ana celahé.

4 ”’Ning, kowé ora éntuk mangan kéwan sing mung memamah biak utawa kéwan sing mung kukuné mbelah. Sing pertama yaiku unta. Senajan unta kuwi memamah biak, ning kukuné ora mbelah. Mula unta kuwi haram.+ 5 Kowé ya ora éntuk mangan hiraks.*+ Senajan hiraks kuwi memamah biak, ning kukuné ora mbelah. Mula hiraks kuwi haram. 6 Kowé ya ora éntuk mangan kelinci. Senajan kelinci kuwi memamah biak, ning kukuné ora mbelah. Mula kelinci kuwi haram. 7 Kowé ya ora éntuk mangan babi.+ Senajan babi kuwi kukuné mbelah lan ana celahé, ning babi ora memamah biak. Mula babi kuwi haram. 8 Kowé ora éntuk mangan dagingé utawa ndemèk bathangé. Kuwi kabèh haram.+

9 ”’Saka antarané kéwan sing urip ing banyu, embuh kuwi ing laut utawa kali, sing éntuk mbok pangan+ yaiku kéwan sing nduwé sisik lan sirip. 10 Ning, kéwan apa waé ing laut lan ing kali, termasuk kabèh kéwan cilik liyané* lan kabèh makhluk hidup liyané sing urip ing banyu, sing ora nduwé sisik lan sirip, kuwi kabèh njijiki. 11 Kuwi kabèh kudu mbok anggep njijiki. Dagingé aja mbok pangan lan bathangé ya kudu mbok anggep njijiki.+ 12 Kabèh sing urip ing banyu sing ora nduwé sisik lan sirip kuwi njijiki.

13 ”’Saka antarané kéwan sing mabur sing kudu mbok anggep njijiki lan ora éntuk mbok pangan, yaiku elang,+ elang laut, manuk bangkai hitam,+ 14 elang mérah, saben jenis elang hitam, 15 saben jenis gagak, 16 manuk unta, burung hantu, camar, kabèh jenis manuk alap-alap, 17 burung hantu cilik, manuk pecuk padi, burung hantu sing kupingé dawa, 18 angsa, manuk pelikan, manuk bangkai, 19 bangau, kabèh jenis manuk kuntul, manuk hupo, lan kelélawar. 20 Saben serangga sing nduwé sayap lan isa mlaku kuwi kudu mbok anggep njijiki.

21 ”’Saka antarané serangga sing nduwé sayap lan sing isa mlaku, sing éntuk mbok pangan mung serangga sing nduwé sikil dawa loro kanggo mlumpat ing lemah, 22 yaiku kabèh jenis jangkrik, walang sing isa dipangan,+ lan walang liyané. 23 Sakliyané kéwan-kéwan kuwi, kabèh serangga sing nduwé sayap lan isa mlaku kuwi kudu mbok anggep njijiki. 24 Serangga-serangga kuwi isa nggawé kowé najis. Wong sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 25 Sapa waé sing nggawa bathangé kudu ngumbah klambiné,+ lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.

26 ”’Kabèh kéwan ing darat sing kukuné mbelah ning ora ana celahé lan sing ora memamah biak kuwi haram. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis.+ 27 Saka antarané kéwan sikil papat sing mlaku nganggo tlapakané* kuwi haram. Wong sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 28 Wong sing nggawa bathangé kudu ngumbah klambiné,+ lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ Kabèh kéwan kuwi haram.

29 ”’Kéwan-kéwan cilik ing darat sing uripé nggrombol kuwi haram, yaiku tikus tanah, tikus,+ saben jenis kadal, 30 tekèk, kadal gedhé, salamander, kadal pasir, lan bunglon. 31 Kabèh kéwan kuwi haram.+ Wong sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+

32 ”’Apa waé sing ketiban bathang kéwan mau bakal dadi najis, embuh kuwi klambi, kulit, kain goni, utawa barang-barang sing digawé saka kayu. Apa waé barangé, kuwi kudu dikumbah nganggo banyu lan bakal tetep najis nganti matahari terbenam. Bar kuwi, barang mau ora najis manèh. 33 Nèk sing ketiban kuwi wadhah saka tanah liat, wadhah kuwi kudu dihancurké. Kabèh sing ana ing njeroné wadhah kuwi bakal dadi najis.+ 34 Panganan apa waé sing kena banyu saka wadhah kuwi bakal dadi najis. Minuman apa waé sing ana ing wadhah kuwi bakal dadi najis. 35 Apa waé sing ketiban bathang kéwan mau bakal dadi najis. Embuh kuwi oven utawa kompor cilik, kuwi kudu dihancurké. Kuwi kabèh najis lan bakal tetep najis. 36 Ning, mata air utawa sumur* ora dadi najis senajan ana bathang sing tiba ing kono. Tapi, nèk ana wong sing nyingkirké bathang kuwi, wong mau bakal dadi najis. 37 Nèk bathang kuwi tiba ing benih sing arep disebar, benih kuwi ora najis. 38 Ning, nèk ana bagéan saka bathang kuwi sing tiba ing benih sing lagi direndhem sakdurungé disebar, benih kuwi najis.

39 ”’Nèk ana kéwan darat sing mati, yaiku kéwan sing éntuk mbok pangan, kabèh sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 40 Sapa waé sing mangan bathang kuwi kudu ngumbah klambiné, lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ Sapa waé sing nggawa bathang kuwi kudu ngumbah klambiné, lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 41 Kabèh kéwan cilik sing haram kuwi najis.+ Kuwi kabèh ora éntuk dipangan. 42 Kowé ora éntuk mangan kéwan cilik apa waé sing merayap nganggo wetengé, sing mlaku nganggo sikil papat, lan sing sikilé akèh, merga kabèh kéwan kuwi kudu mbok anggep njijiki.+ 43 Aja nggawé awakmu dadi njijiki merga kéwan-kéwan cilik kuwi. Aja nggawé awakmu dadi najis merga kuwi kabèh.+ 44 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Kowé kudu tetep resik lan suci+ merga Aku suci.+ Aja nggawé awakmu dadi najis merga kéwan-kéwan cilik kuwi. 45 Aku, Yéhuwah, sing nggawa kowé metu saka Mesir kanggo nduduhké nèk Aku kuwi Gusti Allahmu.+ Kowé kudu suci+ merga Aku suci.+

46 ”’Kuwi hukum soal kéwan darat, kéwan sing mabur, kéwan sing urip ing banyu, lan kéwan cilik ing darat, 47 supaya kowé isa mbédakké endi sing najis lan sing ora najis, endi sing éntuk dipangan lan sing ora éntuk dipangan.’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim