PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 3
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Pangandharing Torèt

      • Menang nglawan Og raja Basyan (1-7)

      • Mbagi tanah ing wétané Kali Yordan (8-20)

      • Yosua dikandhani bèn aja wedi (21, 22)

      • Musa ora éntuk mlebu ing tanah kuwi (23-29)

Pangandharing Torèt 3:1

Réferènsi Silang

  • +Wi 21:33-35

Pangandharing Torèt 3:4

Réferènsi Silang

  • +Wi 32:33; PT 29:7, 8; Yos 13:29, 30

Pangandharing Torèt 3:6

Réferènsi Silang

  • +Km 27:29
  • +Km 18:25

Pangandharing Torèt 3:8

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Wadi Arnon”.

Réferènsi Silang

  • +Wi 32:33
  • +Yos 12:1, 2

Pangandharing Torèt 3:10

Réferènsi Silang

  • +Wi 21:33

Pangandharing Torèt 3:11

Cathetan Ngisor

  • *

    1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Pangandharing Torèt 3:12

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Wadi Arnon”.

Réferènsi Silang

  • +Wi 32:34
  • +Wi 32:33

Pangandharing Torèt 3:13

Réferènsi Silang

  • +Wi 32:39; Yos 13:29-31; 1Bb 5:23

Pangandharing Torèt 3:14

Cathetan Ngisor

  • *

    Artiné ”Désa-Désa Perkémahané Yair”.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 2:22
  • +PT 3:4
  • +Yos 13:13
  • +Wi 32:40, 41

Pangandharing Torèt 3:15

Réferènsi Silang

  • +Wi 32:39; Yos 17:1

Pangandharing Torèt 3:16

Réferènsi Silang

  • +Wi 32:33; Yos 22:9

Pangandharing Torèt 3:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, Laut Mati.

Réferènsi Silang

  • +Wi 34:11, 12

Pangandharing Torèt 3:18

Réferènsi Silang

  • +Wi 32:20-22

Pangandharing Torèt 3:20

Réferènsi Silang

  • +Yos 1:14, 15; 22:4, 8

Pangandharing Torèt 3:21

Réferènsi Silang

  • +Wi 11:28; 14:30; 27:18
  • +Yos 10:25

Pangandharing Torèt 3:22

Réferènsi Silang

  • +Pa 14:14; 15:3; PT 1:30; 20:4; Yos 10:42

Pangandharing Torèt 3:24

Réferènsi Silang

  • +Pa 15:16; PT 11:2
  • +Pa 15:11; 2Sam 7:22; 1Raj 8:23; Mzm 86:8; Yér 10:6, 7

Pangandharing Torèt 3:25

Réferènsi Silang

  • +Pa 3:8; PT 1:7; 11:11, 12

Pangandharing Torèt 3:26

Réferènsi Silang

  • +Wi 20:12; 27:13, 14; PT 4:21; Mzm 106:32

Pangandharing Torèt 3:27

Réferènsi Silang

  • +Wi 27:12
  • +PT 34:1, 4

Pangandharing Torèt 3:28

Réferènsi Silang

  • +Wi 27:18-20; PT 1:38; 31:7
  • +Yos 1:1, 2

Pangandharing Torèt 3:29

Réferènsi Silang

  • +PT 4:45, 46; 34:5, 6

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

PT. 3:1Wi 21:33-35
PT. 3:4Wi 32:33; PT 29:7, 8; Yos 13:29, 30
PT. 3:6Km 27:29
PT. 3:6Km 18:25
PT. 3:8Wi 32:33
PT. 3:8Yos 12:1, 2
PT. 3:10Wi 21:33
PT. 3:12Wi 32:34
PT. 3:12Wi 32:33
PT. 3:13Wi 32:39; Yos 13:29-31; 1Bb 5:23
PT. 3:141Bb 2:22
PT. 3:14PT 3:4
PT. 3:14Yos 13:13
PT. 3:14Wi 32:40, 41
PT. 3:15Wi 32:39; Yos 17:1
PT. 3:16Wi 32:33; Yos 22:9
PT. 3:17Wi 34:11, 12
PT. 3:18Wi 32:20-22
PT. 3:20Yos 1:14, 15; 22:4, 8
PT. 3:21Wi 11:28; 14:30; 27:18
PT. 3:21Yos 10:25
PT. 3:22Pa 14:14; 15:3; PT 1:30; 20:4; Yos 10:42
PT. 3:24Pa 15:16; PT 11:2
PT. 3:24Pa 15:11; 2Sam 7:22; 1Raj 8:23; Mzm 86:8; Yér 10:6, 7
PT. 3:25Pa 3:8; PT 1:7; 11:11, 12
PT. 3:26Wi 20:12; 27:13, 14; PT 4:21; Mzm 106:32
PT. 3:27Wi 27:12
PT. 3:27PT 34:1, 4
PT. 3:28Wi 27:18-20; PT 1:38; 31:7
PT. 3:28Yos 1:1, 2
PT. 3:29PT 4:45, 46; 34:5, 6
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Pangandharing Torèt 3:1-29

Pangandharing Torèt

3 ”Terus, awaké dhéwé mbalik lan lunga ngliwati dalan menyang Basyan. Og raja Basyan lan kabèh pasukané arep perang nglawan awaké dhéwé ing Èdrèi.+ 2 Mula Yéhuwah kandha karo aku, ’Aja wedi karo dhèwèké, merga Aku bakal mènèhké dhèwèké, pasukané, lan tanahé marang kowé. Kowé bakal ngalahké Og, kaya kowé ngalahké Sihon rajané wong Amori sing manggon ing Hésbon.’ 3 Mula, Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé mènèhké Og raja Basyan marang awaké dhéwé, terus awaké dhéwé nyerang dhèwèké nganti ora ana pasukané sing slamet. 4 Awaké dhéwé ngrebut kabèh kuthané. Ora ana sing kliwatan. Kabèh ana 60 kutha ing wilayah Argob, kerajaané Og ing Basyan.+ 5 Kabèh kutha kuwi nduwé témbok sing dhuwur, gerbang, palang, lan nduwé akèh kutha-kutha cilik. 6 Ning, awaké dhéwé ngremuk kabèh kutha kuwi,+ kaya awaké dhéwé ngremuk kabèh kuthané Sihon raja Hésbon. Awaké dhéwé ngremuk kabèh kutha. Kabèh wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah dipatèni.+ 7 Awaké dhéwé ya njarah ternak lan barang-barang ing kutha kuwi.

8 ”Terus, awaké dhéwé ngrebut tanahé loro raja Amori+ sing ana ing wilayah Kali Yordan, saka Lembah Arnon* nganti tekan Hèrmon+ 9 (wong Sidon nyebut gunung kuwi Sirion, lan wong Amori nyebut gunung kuwi Sénir). 10 Awaké dhéwé ya ngrebut kabèh kutha ing dataran tinggi, kabèh wilayah Giléad, lan kabèh wilayah Basyan nganti tekan Saléka lan Édréi,+ yaiku kutha-kutha ing kerajaané Og ing Basyan. 11 Og raja Basyan kuwi wong Réfaim terakhir sing isih urip. Tandhu jenazahé digawé saka wesi, lan kuwi isih ana ing Raba, kuthané wong Ammon. Dawané 9 hasta* lan ambané 4 hasta, sesuai karo ukuran hasta umumé. 12 Wektu kuwi, awaké dhéwé ngrebut tanah saka dhaérah Aroèr+ sing ana ing pinggiré Lembah Arnon* lan setengahé wilayah pegunungan Giléad. Aku mènèhké kutha-kutha kuwi marang suku Rubèn lan suku Gad.+ 13 Wilayah Giléad sing liyané lan kabèh wilayah Basyan kerajaané Og wis tak wènèhké marang setengahé suku Manasyé.+ Kabèh wilayah Argob, sing ana ing Basyan, mbiyèn disebut tanahé wong Réfaim.

14 ”Yair+ anaké Manasyé ngrebut kabèh wilayah Argob+ nganti tekan batas dhaérahé wong Gésyur lan wong Maakat.+ Dhèwèké njenengi désa-désa ing Basyan nganggo jenengé dhéwé, yaiku Hawot-yair,*+ nganti dina iki. 15 Aku wis mènèhké Giléad marang Makhir.+ 16 Aku wis mènèhké wilayah saka Giléad tekan Lembah Arnon marang suku Rubèn lan suku Gad,+ lan batasé yaiku tengah-tengahé lembah kuwi nganti tekan Yabok, yaiku lembah sing dadi batas dhaérahé wong Ammon. 17 Aku ya mènèhké Araba, Kali Yordan, lan dhaérah perbatasan, saka Khinèrèt tekan Laut Araba, yaiku Laut Garam,* ing ngisor lèrèng Pisga ing arah wétan.+

18 ”Terus aku mènèhi kowé préntah iki, ’Yéhuwah Gusti Allahmu wis mènèhi kowé tanah iki bèn mbok rebut. Kabèh wong lanang sing kendel bakal siap-siap kanggo perang lan nyabrang ing ngarepé sedulur-sedulurmu, yaiku wong Israèl.+ 19 Mung bojomu, anak-anakmu, lan ternakmu (aku ngerti nèk kowé nduwé ternak sing akèh banget) sing bakal tetep manggon ing kutha-kutha sing tak wènèhké marang kowé, 20 nganti Yéhuwah mènèhi sedulur-sedulurmu urip sing tentrem, kaya sing wis ditindakké marang kowé. Wong-wong kuwi ya bakal ngrebut tanah sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang wong-wong kuwi ing sabrangé Kali Yordan. Terus, kowé bakal bali menyang tanahmu dhéwé-dhéwé sing wis tak wènèhké marang kowé.’+

21 ”Wektu kuwi, aku mènèhi préntah iki marang Yosua,+ ’Kowé wis ndelok dhéwé apa sing ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu marang raja loro iki. Yéhuwah ya bakal nindakké kuwi marang kabèh kerajaan sing bakal mbok tekani.+ 22 Aja wedi karo wong-wong kuwi, merga Yéhuwah Gusti Allahmu sing bakal perang kanggo kowé.’+

23 ”Wektu kuwi, aku njaluk marang Yéhuwah, 24 ’Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, Njenengan wis nduduhké kuwasa lan kekuwatan-Mu sing gedhé+ marang abdi-Mu iki. Ora ana allah liyané ing langit lan bumi sing tumindaké hébat kaya Njenengan.+ 25 Tulung aku éntuk nyabrang lan ndelok tanah sing apik sing ana ing sabrangé Kali Yordan kuwi, yaiku Lébanon lan wilayah pegunungan sing apik kuwi.’+ 26 Ning, Yéhuwah isih nesu karo aku merga kowé,+ lan Dhèwèké ora gelem ngrungokké aku. Yéhuwah malah kandha karo aku, ’Wis cukup! Aja ngomongké iki manèh. 27 Munggaha menyang puncak Pisga,+ lan deloken ing arah lor, kidul, wétan, lan kulon. Deloken tenanan tanah kuwi, merga kowé ora bakal nyabrang Kali Yordan iki.+ 28 Yosua kudu mbok dadèkké pemimpin,+ terus kudu mbok semangati lan mbok kuwatké, merga dhèwèké sing bakal nyabrang+ ing ngarepé bangsa iki lan sing bakal mimpin bangsa iki menyang tanah sing mbok delok kuwi bèn bangsa iki isa manggon ing kono.’ 29 Kabèh iki kelakon wektu awaké dhéwé isih manggon ing lembah sing ana ing ngarepé Bèt-péor.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim