PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 25
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Pangandharing Torèt

      • Ora éntuk digebugi luwih saka ping 40 (1-3)

      • Aja nutupi cangkemé sapi sing lagi ngidak-idak biji-bijian (4)

      • Nikah karo mbakyu ipar (5-10)

      • Bagéan sing ora éntuk dicekel wektu gelut (11, 12)

      • Jujur wektu nimbang lan naker (13-16)

      • Kudu matèni wong Amalèk (17-19)

Pangandharing Torèt 25:1

Réferènsi Silang

  • +PT 16:18; 17:8, 9; 19:16, 17
  • +Pa 23:6; 2Bb 19:6; WB 17:15; 31:9

Pangandharing Torèt 25:2

Réferènsi Silang

  • +WB 10:13; 20:30; 26:3; Luk 12:48; Ibr 2:2

Pangandharing Torèt 25:3

Réferènsi Silang

  • +2Kor 11:24

Pangandharing Torèt 25:4

Réferènsi Silang

  • +WB 12:10; 1Kor 9:9; 1Tim 5:18

Pangandharing Torèt 25:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé manggon ing wilayah sing padha.

  • *

    Utawa ”kakangé”.

Réferènsi Silang

  • +PD 38:7, 8; Rut 4:5; Mrk 12:19

Pangandharing Torèt 25:6

Réferènsi Silang

  • +PD 38:9; Rut 4:10, 17
  • +Wi 27:1, 4

Pangandharing Torèt 25:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”para sesepuh”.

  • *

    Utawa ”Kakangé”.

Pangandharing Torèt 25:8

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

Pangandharing Torèt 25:9

Réferènsi Silang

  • +Rut 4:7

Pangandharing Torèt 25:13

Réferènsi Silang

  • +WB 11:1; 20:10; Mi 6:11

Pangandharing Torèt 25:14

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”sak éfa lan sak éfa”. Deloken Lamp. B14.

Réferènsi Silang

  • +Km 19:36

Pangandharing Torèt 25:15

Réferènsi Silang

  • +PT 4:40

Pangandharing Torèt 25:16

Réferènsi Silang

  • +Km 19:35

Pangandharing Torèt 25:17

Réferènsi Silang

  • +Pa 17:8; Wi 24:20

Pangandharing Torèt 25:19

Réferènsi Silang

  • +Yos 22:4
  • +Pa 17:14; 1Sam 14:47, 48; 15:1-3; 1Bb 4:42, 43

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

PT. 25:1PT 16:18; 17:8, 9; 19:16, 17
PT. 25:1Pa 23:6; 2Bb 19:6; WB 17:15; 31:9
PT. 25:2WB 10:13; 20:30; 26:3; Luk 12:48; Ibr 2:2
PT. 25:32Kor 11:24
PT. 25:4WB 12:10; 1Kor 9:9; 1Tim 5:18
PT. 25:5PD 38:7, 8; Rut 4:5; Mrk 12:19
PT. 25:6PD 38:9; Rut 4:10, 17
PT. 25:6Wi 27:1, 4
PT. 25:9Rut 4:7
PT. 25:13WB 11:1; 20:10; Mi 6:11
PT. 25:14Km 19:36
PT. 25:15PT 4:40
PT. 25:16Km 19:35
PT. 25:17Pa 17:8; Wi 24:20
PT. 25:19Yos 22:4
PT. 25:19Pa 17:14; 1Sam 14:47, 48; 15:1-3; 1Bb 4:42, 43
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Pangandharing Torèt 25:1-19

Pangandharing Torèt

25 ”Nèk ana wong sing padu, wong-wong kuwi kudu nemoni para hakim,+ terus para hakim kuwi bakal ngadili lan nentokké sapa sing bener lan sing salah.+ 2 Nèk wong sing jahat kuwi kudu digebugi,+ hakim bakal ngongkon wong kuwi mengkurep ing lemah, terus dhèwèké kudu digebugi ing ngarepé hakim kuwi. Akèhé dhèwèké digebugi kudu sesuai karo kejahatané. 3 Dhèwèké éntuk digebugi nganti ping 40,+ ning ora éntuk luwih saka kuwi. Nèk luwih saka 40, kuwi bakal nggawé dhèwèké direndhahké ing ngarepmu.

4 ”Aja nutupi cangkemé sapi sing lagi ngidak-idak biji-bijian.+

5 ”Nèk ana kakang adhi manggon bareng,* terus salah sijiné mati sakdurungé nduwé anak, bojoné wong lanang sing mati kuwi ora éntuk nikah karo wong sing dudu keluargané sing lanang. Adhiné* wong lanang sing mati kuwi kudu nikah karo bojoné kakangé. Dhèwèké kudu nindakké kewajibané dadi ipar lan nikah karo wong wédok kuwi.+ 6 Anak pertama sing bakal dilairké wong wédok kuwi bakal dianggep dadi anaké wong lanang sing wis mati mau,+ bèn jenengé wong lanang kuwi ora dihapus saka Israèl.+

7 ”Nèk wong lanang kuwi ora gelem nikah karo mbakyu iparé, wong wédok kuwi kudu nemoni para pemimpin* ing gerbang kutha lan kandha, ’Adhiné* bojoku ora gelem neruské jenengé kakangé ing Israèl. Dhèwèké ora gelem nindakké kewajibané dadi ipar lan ora gelem nikah karo aku.’ 8 Para pemimpin ing kutha kuwi kudu ngundang* wong lanang kuwi lan omongan karo dhèwèké. Nèk wong lanang kuwi tetep kandha, ’Aku ora gelem nikah karo mbakyu iparku,’ 9 wong wédok kuwi kudu nyedhaki adhi iparé ing ngarepé para pemimpin kuwi, nyopot sandhalé adhi iparé,+ terus ngidoni rainé lan kandha, ’Iki sing kudu ditindakké marang wong lanang sing ora gelem neruské keturunané kakangé.’ 10 Sakwisé kuwi, keluargané wong lanang kuwi ing Israèl bakal disebut ’Keluargané wong lanang sing sandhalé dicopot’.

11 ”Nèk ana wong lanang loro sing lagi gelut, terus bojoné salah siji wong lanang kuwi péngin nglindhungi bojoné, lan wong wédok kuwi nyekel alat kelaminé wong sing nyerang bojoné, 12 kowé kudu motong tangané wong wédok kuwi. Aja mesakké karo wong wédok kuwi.

13 ”Aja nyimpen rong jenis watu timbangan ing tasmu,+ yaiku sing gedhé lan sing cilik. 14 Aja nganti ana rong jenis takeran*+ ing omahmu, sing gedhé lan sing cilik. 15 Kowé kudu nggunakké timbangan lan takeran sing bener bèn dawa umurmu ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 16 Yéhuwah Gusti Allahmu jijik karo saben wong sing tumindak kaya ngono lan sing ora jujur.+

17 ”Kowé kudu éling karo sing ditindakké wong Amalèk marang kowé wektu kowé lagi ing perjalanan metu saka Mesir.+ 18 Wong-wong kuwi marani kowé lan nyerang wong-wong sing mlaku ing mburimu wektu kowé kesel lan kentèkan tenaga. Wong-wong kuwi ora wedi karo Gusti Allah. 19 Nèk Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbébaské kowé saka kabèh mungsuhmu sing ana ing sekitarmu, ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé,+ kowé kudu matèni kabèh wong Amalèk bèn wong-wong kuwi ora diéling-éling manèh ing bumi iki.+ Kowé aja nganti lali.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim