PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 25
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Kaimaman

      • Taun Sabat (1-7)

      • Taun Yobèl (8-22)

      • Tanah lan omah dibalèkké marang sing nduwé (23-34)

      • Tumindak marang wong mlarat (35-38)

      • Hukum soal budhak (39-55)

Kaimaman 25:2

Réferènsi Silang

  • +PD 15:16
  • +Km 26:34; 2Bb 36:20, 21

Kaimaman 25:3

Réferènsi Silang

  • +Pa 23:10, 11

Kaimaman 25:9

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Km 16:30; 23:27, 28

Kaimaman 25:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Taun Pembébasan”.

Réferènsi Silang

  • +Yés 61:1, 2; Luk 4:18, 19; Rm 8:20, 21
  • +Km 27:24; Wi 36:4; PT 15:1

Kaimaman 25:11

Réferènsi Silang

  • +Km 25:5

Kaimaman 25:12

Réferènsi Silang

  • +Pa 23:11; Km 25:6

Kaimaman 25:13

Réferènsi Silang

  • +Km 25:29, 30; 27:24

Kaimaman 25:14

Réferènsi Silang

  • +1Sam 12:3; WB 14:31

Kaimaman 25:15

Réferènsi Silang

  • +Km 27:18

Kaimaman 25:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Km 19:13; WB 22:22
  • +Km 25:43; WB 1:7; 8:13
  • +Yés 33:22

Kaimaman 25:18

Réferènsi Silang

  • +PT 12:10; Mzm 4:8; WB 1:33

Kaimaman 25:19

Réferènsi Silang

  • +Mzm 67:6
  • +Km 26:3-5

Kaimaman 25:20

Réferènsi Silang

  • +Km 25:4, 5; Mat 6:25

Kaimaman 25:21

Réferènsi Silang

  • +PD 26:12; PT 28:8; Mal 3:10

Kaimaman 25:23

Réferènsi Silang

  • +1Raj 21:3
  • +Mzm 24:1
  • +1Bb 29:15

Kaimaman 25:25

Réferènsi Silang

  • +Rut 2:20; 4:4-6

Kaimaman 25:27

Réferènsi Silang

  • +Km 25:50

Kaimaman 25:28

Réferènsi Silang

  • +Km 27:24
  • +Km 25:10, 13

Kaimaman 25:29

Réferènsi Silang

  • +Km 25:25-27

Kaimaman 25:32

Réferènsi Silang

  • +Wi 35:2, 8

Kaimaman 25:33

Réferènsi Silang

  • +Km 25:28
  • +Wi 18:20; 35:2, 4; PT 18:1

Kaimaman 25:34

Réferènsi Silang

  • +Wi 35:7; Yos 14:4

Kaimaman 25:35

Réferènsi Silang

  • +PT 15:7; Mzm 41:1; 112:5; WB 3:27; 19:17; Mrk 14:7; Kis 11:29; 1Tim 6:18; 1Yoh 3:17
  • +Pa 22:21; 23:9; Km 19:34; PT 10:18

Kaimaman 25:36

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +WB 8:13
  • +Pa 22:25; PT 23:19; Mzm 15:5; WB 28:8

Kaimaman 25:37

Réferènsi Silang

  • +PT 23:20; Luk 6:34, 35

Kaimaman 25:38

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:2; 1Raj 8:51
  • +Pa 6:7

Kaimaman 25:39

Réferènsi Silang

  • +Pa 21:2; PT 15:12
  • +1Raj 9:22

Kaimaman 25:40

Réferènsi Silang

  • +Km 25:53

Kaimaman 25:41

Réferènsi Silang

  • +Pa 21:3; Km 25:10

Kaimaman 25:42

Réferènsi Silang

  • +Pa 1:13, 14; 19:5; Km 25:55

Kaimaman 25:43

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Pa 3:7; Éf 6:9; Kol 4:1
  • +Km 25:17; Pkh 12:13

Kaimaman 25:45

Réferènsi Silang

  • +Pa 12:38; Yos 9:21

Kaimaman 25:46

Réferènsi Silang

  • +Km 25:39, 43

Kaimaman 25:48

Réferènsi Silang

  • +Km 25:25

Kaimaman 25:49

Réferènsi Silang

  • +Km 25:26, 27

Kaimaman 25:50

Réferènsi Silang

  • +Km 25:10
  • +Km 25:15, 16
  • +PT 15:18

Kaimaman 25:53

Réferènsi Silang

  • +Km 25:40, 43; Kol 4:1

Kaimaman 25:54

Réferènsi Silang

  • +Pa 21:3

Kaimaman 25:55

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:2; Km 25:42

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Km. 25:2PD 15:16
Km. 25:2Km 26:34; 2Bb 36:20, 21
Km. 25:3Pa 23:10, 11
Km. 25:9Km 16:30; 23:27, 28
Km. 25:10Yés 61:1, 2; Luk 4:18, 19; Rm 8:20, 21
Km. 25:10Km 27:24; Wi 36:4; PT 15:1
Km. 25:11Km 25:5
Km. 25:12Pa 23:11; Km 25:6
Km. 25:13Km 25:29, 30; 27:24
Km. 25:141Sam 12:3; WB 14:31
Km. 25:15Km 27:18
Km. 25:17Km 19:13; WB 22:22
Km. 25:17Km 25:43; WB 1:7; 8:13
Km. 25:17Yés 33:22
Km. 25:18PT 12:10; Mzm 4:8; WB 1:33
Km. 25:19Mzm 67:6
Km. 25:19Km 26:3-5
Km. 25:20Km 25:4, 5; Mat 6:25
Km. 25:21PD 26:12; PT 28:8; Mal 3:10
Km. 25:231Raj 21:3
Km. 25:23Mzm 24:1
Km. 25:231Bb 29:15
Km. 25:25Rut 2:20; 4:4-6
Km. 25:27Km 25:50
Km. 25:28Km 27:24
Km. 25:28Km 25:10, 13
Km. 25:29Km 25:25-27
Km. 25:32Wi 35:2, 8
Km. 25:33Km 25:28
Km. 25:33Wi 18:20; 35:2, 4; PT 18:1
Km. 25:34Wi 35:7; Yos 14:4
Km. 25:35PT 15:7; Mzm 41:1; 112:5; WB 3:27; 19:17; Mrk 14:7; Kis 11:29; 1Tim 6:18; 1Yoh 3:17
Km. 25:35Pa 22:21; 23:9; Km 19:34; PT 10:18
Km. 25:36WB 8:13
Km. 25:36Pa 22:25; PT 23:19; Mzm 15:5; WB 28:8
Km. 25:37PT 23:20; Luk 6:34, 35
Km. 25:38Pa 20:2; 1Raj 8:51
Km. 25:38Pa 6:7
Km. 25:39Pa 21:2; PT 15:12
Km. 25:391Raj 9:22
Km. 25:40Km 25:53
Km. 25:41Pa 21:3; Km 25:10
Km. 25:42Pa 1:13, 14; 19:5; Km 25:55
Km. 25:43Pa 3:7; Éf 6:9; Kol 4:1
Km. 25:43Km 25:17; Pkh 12:13
Km. 25:45Pa 12:38; Yos 9:21
Km. 25:46Km 25:39, 43
Km. 25:48Km 25:25
Km. 25:49Km 25:26, 27
Km. 25:50Km 25:10
Km. 25:50Km 25:15, 16
Km. 25:50PT 15:18
Km. 25:53Km 25:40, 43; Kol 4:1
Km. 25:54Pa 21:3
Km. 25:55Pa 20:2; Km 25:42
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
  • 38
  • 39
  • 40
  • 41
  • 42
  • 43
  • 44
  • 45
  • 46
  • 47
  • 48
  • 49
  • 50
  • 51
  • 52
  • 53
  • 54
  • 55
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kaimaman 25:1-55

Kaimaman

25 Terus Yéhuwah kandha manèh marang Musa ing Gunung Sinai, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wektu kowé wis mlebu ing negara sing arep Tak wènèhké marang kowé,+ kowé kudu nindakké hukumé Yéhuwah soal sabat+ lan tanah kuwi aja mbok garap. 3 Enem taun suwéné, kowé éntuk nyebar benih ing ladhangmu, ngethoki wit anggurmu, lan manèn hasil tanah.+ 4 Ning, ing taun kepitu, tanahé aja mbok garap merga kuwi sabat kanggo Yéhuwah. Aja nyebar benih ing ladhang utawa ngethoki wit anggurmu. 5 Aja manèn apa waé sing thukul dhéwé saka biji-bijian sisa panèn, lan aja manèn buah anggur saka wit anggur sing ora mbok kethoki. Tanahé aja mbok garap nganti setaun. 6 Ning, hasil tanah sing thukul saksuwéné taun sabat kuwi éntuk mbok pangan. Kowé, budhakmu lanang lan wédok, buruh upahanmu, lan wong asing sing manggon bareng kowé éntuk mangan kuwi. 7 Ternakmu lan kéwan liar sing ana ing negaramu ya éntuk mangan kuwi. Kabèh hasil tanahé éntuk mbok pangan.

8 ”’Étungen pitung taun sabat, yaiku pitung taun ping pitu. Dadi, jumlahé 49 taun. 9 Bar kuwi, ing dina kesepuluh sasi kepitu, yaiku Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa,*+ kowé kudu nyebul trompèt* sing banter nganti sak negara krungu kabèh. 10 Kowé kudu ngumumké nèk taun ke-50 kuwi suci. Kowé ya kudu ngumumké kebébasan marang kabèh penduduk ing negara kuwi.+ Kuwi bakal dadi taun Yobèl* kanggo kowé. Kabèh hartané wong sing wis diedol kudu dibalèkké manèh marang sing nduwé, lan wong sing wis diedol dadi budhak kudu dibalèkké manèh marang keluargané.+ 11 Taun ke-50 kuwi taun Yobèl kanggo kowé. Kowé aja nyebar benih, aja manèn apa waé sing thukul dhéwé saka biji-bijian sisa panèn, lan aja manèn buah anggur saka wit anggur sing ora mbok kethoki.+ 12 Kuwi taun Yobèl lan kudu mbok anggep suci. Kowé mung éntuk mangan hasil tanah sing thukul dhéwé.+

13 ”’Ing taun Yobèl kuwi, kabèh hartané wong sing wis diedol kudu dibalèkké manèh marang sing nduwé.+ 14 Nèk kowé ngedol utawa tuku apa waé saka wong liya, aja nganti kowé nggawé wong kuwi rugi.+ 15 Wektu kowé tuku tanah saka wong liya, étungen pirang taun sing wis keliwat sakwisé taun Yobèl. Regané tanah kuwi kudu cocog karo jumlah taun sing isih ana kanggo panèn.+ 16 Nèk sisa tauné isih akèh, rega tanahé isa luwih larang. Ning, nèk sisa tauné tinggal sithik, rega tanahé isa luwih murah, merga sing diedol kuwi jumlah panènan sing bakal dihasilké tanah kuwi. 17 Aja nggawé rugi wong liya.+ Kowé kudu wedi marang* Gusti Allahmu.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 18 Nèk kowé manut lan nindakké kabèh peraturan lan hukum-Ku, kowé bakal aman manggon ing tanah kuwi.+ 19 Tanah kuwi bakal ngetokké hasilé.+ Kowé bakal mangan nganti puas lan aman manggon ing kono.+

20 ”’Ning, kowé mungkin kandha, ”Nèk aku ora éntuk nyebar benih utawa manèn, terus apa sing bakal tak pangan ing taun kepitu?”+ 21 Aja kuwatir. Aku bakal mberkahi kowé ing taun keenem, lan hasil panèn saka tanah kuwi bakal cukup kanggo telung taun.+ 22 Ing taun kewolu, kowé bakal nyebar benih. Ning, sakdurungé kuwi isa mbok panèn, kowé bakal mangan hasil panèn taun keenem nganti tekané panèn ing taun kesanga.

23 ”’Tanah ora éntuk mbok edol saklawasé+ merga tanah kuwi duwèk-Ku.+ Kanggo-Ku, kowé kuwi penduduk asing lan penduduk sementara.+ 24 Ing kabèh wilayah ing tanahmu, saben wong nduwé hak kanggo nebus tanahé sing wis diedol.

25 ”’Nèk sedulurmu dadi mlarat nganti kudu ngedol sebagéan tanahé, wong sing nduwé hak kanggo nebus, yaiku seduluré sing paling cedhak, kudu nebus tanah mau.+ 26 Ning, nèk ana sing ora nduwé sedulur sing nduwé hak kanggo nebus, tapi wong kuwi akhiré nduwé cukup dhuwit kanggo nebus tanah kuwi, 27 wong kuwi kudu ngétung nilai hasil panèn tanah kuwi kèt tanah kuwi diedol. Terus, nilai kuwi dikurangi rega awalé. Bar kuwi, wong kuwi kudu mbayar selisihé kuwi marang wong sing mbiyèn tuku tanahé. Terus, tanah kuwi isa dadi duwèké wong kuwi manèh.+

28 ”’Ning, nèk wong kuwi ora nduwé dhuwit kanggo nebus, tanah kuwi bakal tetep dadi duwèké wong sing tuku tanah kuwi nganti taun Yobèl.+ Pas taun Yobèl, tanah kuwi bakal dibalèkké marang wong kuwi lan dadi duwèké manèh.+

29 ”’Nèk ana wong sing ngedol omah ing kutha sing dipageri témbok, wong kuwi nduwé hak kanggo nebus omah kuwi ing wektu setaun kèt omah kuwi diedol. Haké kanggo nebus+ kuwi suwéné mung setaun. 30 Ning, nèk nganti setaun ora ditebus, omah kuwi bakal tetep dadi duwèké wong sing tuku mau lan keturunané kanggo saklawasé. Omah kuwi ora bakal dibalèkké ing taun Yobèl. 31 Ning, nèk omah sing diedol kuwi ana ing kutha sing ora dipageri témbok, kuwi dianggep kaya bagéan saka padhang terbuka. Mula, omah kuwi isa ditebus kapan waé lan bakal dibalèkké ing taun Yobèl.

32 ”’Soal omah-omah ing kutha-kuthané wong Lèwi sing diedol,+ wong Lèwi saklawasé nduwé hak kanggo nebus omah kuwi. 33 Nèk omah-omah ing kutha-kuthané wong Lèwi sing diedol kuwi ora ditebus, omah kuwi kudu dibalèkké ing taun Yobèl+ merga kuwi duwèké wong Lèwi ing antarané wong Israèl.+ 34 Sakliyané kuwi, padhang rumput+ ing sekitaré kutha-kuthané wong Lèwi kuwi ora éntuk diedol merga kuwi kabèh duwèké wong Lèwi nganti saklawasé.

35 ”’Nèk sedulur sing manggon ing cedhakmu dadi mlarat lan ora isa nyukupi kebutuhané dhéwé, kowé kudu mbantu+ dhèwèké kaya nèk kowé mbantu penduduk asing lan penduduk sementara+ supaya dhèwèké tetep urip bareng karo kowé. 36 Kowé kudu wedi marang* Gusti Allahmu.+ Mula, kowé aja njupuk bunga utawa nggolèk bathi saka sedulurmu kuwi,+ lan sedulurmu kuwi bakal tetep urip bareng karo kowé. 37 Wektu kowé ngutangi sedulurmu kuwi, aja njupuk bunga.+ Wektu mènèhi dhèwèké mangan, aja nggolèk bathi. 38 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu, sing nggawa kowé metu saka Mesir+ lan mènèhi kowé tanah Kanaan kanggo nduduhké nèk Aku iki Gusti Allahmu.+

39 ”’Nèk ana sedulur sing manggon ing cedhakmu dadi mlarat lan ngedol awaké marang kowé,+ aja mbok kongkon kerja kaya budhak.+ 40 Anggepen dhèwèké kaya buruh upahan,+ kaya penduduk sementara. Dhèwèké bakal nglayani kowé nganti taun Yobèl. 41 Terus, dhèwèké lan anak-anaké bakal ninggalké kowé lan bali marang keluargané menyang tanahé nènèk moyangé.+ 42 Wong-wong kuwi budhak-Ku sing wis Tak gawa metu saka Mesir.+ Wong-wong kuwi ora éntuk ngedol awaké dadi budhak. 43 Kowé aja nindhes wong-wong kuwi.+ Kowé kudu wedi marang* Gusti Allahmu.+ 44 Budhakmu lanang lan wédok asalé kudu saka bangsa-bangsa ing sekitarmu. Kowé éntuk tuku budhak-budhak kuwi saka bangsa-bangsa ing sekitarmu. 45 Kowé ya éntuk tuku budhak saka penduduk asing sing manggon ing antaramu,+ lan saka keluargané wong-wong kuwi sing lair ing tanahmu. Wong-wong kuwi bakal dadi duwèkmu. 46 Wong-wong kuwi bakal dadi budhakmu nganti saklawasé lan éntuk mbok wariské marang anak-anakmu. Ning, sedulur-sedulurmu, yaiku wong Israèl, ora éntuk mbok tindhes.+

47 ”’Nèk penduduk asing utawa penduduk sementara ing antaramu dadi sugih, padahal sedulurmu dadi mlarat lan kepeksa kudu ngedol awaké marang penduduk asing utawa penduduk sementara kuwi, utawa marang anggota keluargané penduduk asing kuwi, 48 sedulurmu kuwi tetep nduwé hak kanggo ditebus manèh sakwisé dhèwèké wis ngedol awaké. Salah siji seduluré lanang isa nebus dhèwèké,+ 49 pakliké utawa pakdhéné utawa sepupuné lanang isa nebus sedulurmu kuwi, utawa keluargané dhéwé ya isa nebus dhèwèké.

”’Utawa nèk sedulurmu kuwi wis dadi sugih, sedulurmu kuwi isa nebus awaké.+ 50 Sedulurmu kuwi kudu étung-étungan karo wong sing wis tuku dhèwèké soal cacahé taun kèt dhèwèké ngedol awaké nganti tekan taun Yobèl.+ Regané dhèwèké pas diedol kuwi kudu sebandhing karo jumlahé taun kuwi.+ Saksuwéné dhèwèké kerja, dhèwèké kudu dianggep kaya buruh upahan.+ 51 Nèk sisa tauné isih akèh, dhèwèké kudu mbayar rega sing luwih larang kanggo nebus awaké nurut jumlah sisa tauné. 52 Ning, nèk sisa tauné tinggal sithik nganti tekan taun Yobèl, dhèwèké kudu ngétung lan mbayar rega sing luwih murah kanggo nebus awaké. 53 Saksuwéné dhèwèké kerja kanggo majikané, dhèwèké kudu dianggep kaya buruh upahan lan ora éntuk ditindhes.+ 54 Ning, nèk dhèwèké ora isa nebus awaké manut peraturan iki, dhèwèké lan anak-anaké bakal bébas ing taun Yobèl.+

55 ”’Wong Israèl kuwi budhak-Ku. Wong-wong kuwi budhak-Ku sing wis Tak gawa metu saka Mesir.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim