PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Korintus 12
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Korintus

      • Paulus nampa wahyu (1-7a)

      • Paulus diwènèhi ”eri ing njero daging” (7b-10)

      • Ora kalah karo rasul-rasul sing hébat (11-13)

      • Paulus kuwatir karo jemaat ing Korintus (14-21)

2 Korintus 12:1

Réferènsi Silang

  • +Kis 2:17
  • +Kis 22:17, 18

2 Korintus 12:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nggebugi”.

Réferènsi Silang

  • +Gal 4:13

2 Korintus 12:9

Réferènsi Silang

  • +Yés 40:29

2 Korintus 12:10

Réferènsi Silang

  • +Flp 4:13

2 Korintus 12:11

Réferènsi Silang

  • +2Kor 11:23

2 Korintus 12:12

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”tandha”.

Réferènsi Silang

  • +2Kor 6:4
  • +Kis 14:3; 15:12; Rm 15:18, 19

2 Korintus 12:13

Réferènsi Silang

  • +1Kor 9:11, 12; 2Kor 11:9

2 Korintus 12:14

Réferènsi Silang

  • +Kis 20:33
  • +1Kor 4:14

2 Korintus 12:15

Réferènsi Silang

  • +2Kor 1:6; Kol 1:24; 1Tés 2:8; Ibr 13:17

2 Korintus 12:16

Réferènsi Silang

  • +2Kor 11:9

2 Korintus 12:18

Réferènsi Silang

  • +2Kor 8:6

2 Korintus 12:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Kor. 12:1Kis 2:17
2 Kor. 12:1Kis 22:17, 18
2 Kor. 12:7Gal 4:13
2 Kor. 12:9Yés 40:29
2 Kor. 12:10Flp 4:13
2 Kor. 12:112Kor 11:23
2 Kor. 12:122Kor 6:4
2 Kor. 12:12Kis 14:3; 15:12; Rm 15:18, 19
2 Kor. 12:131Kor 9:11, 12; 2Kor 11:9
2 Kor. 12:14Kis 20:33
2 Kor. 12:141Kor 4:14
2 Kor. 12:152Kor 1:6; Kol 1:24; 1Tés 2:8; Ibr 13:17
2 Kor. 12:162Kor 11:9
2 Kor. 12:182Kor 8:6
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • Wacanen ing Terjemahan Donya Anyar (bi7)
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Korintus 12:1-21

2 Korintus

12 Aku kudu bangga. Senajan kuwi ora ana manfaaté kanggo aku, aku bakal ngomong soal wahyu+ lan omongané Gusti sing diduduhké marang aku.+ 2 Aku kenal karo salah siji wong lanang sing dadi muridé Kristus, lan 14 taun wingi ujug-ujug digawa menyang swarga ketelu. Aku ora ngerti apa dhèwèké digawa nganggo badan manungsa utawa ora. Gusti Allah sing ngerti. 3 Aku kenal dhèwèké, ning aku ora ngerti apa dhèwèké digawa nganggo badan manungsa utawa ora. Gusti Allah sing ngerti. 4 Wong kuwi ujug-ujug digawa menyang firdaus lan krungu kata-kata sing ora éntuk diomongké utawa diucapké manungsa. 5 Aku bakal bangga karo wong iki. Ning, soal awakku dhéwé, aku mung bakal bangga karo kelemahanku. 6 Nèk aku arep bangga, aku bakal dadi wong sing masuk akal. Aku bakal ngomongké apa sing bener. Ning, aku ora bakal bangga, bèn kowé ngalem aku menurut apa sing mbok delok lan mbok rungokké saka aku, 7 dudu merga aku wis nampa wahyu sing luar biasa.

Bèn ora dadi sombong, aku diwènèhi eri ing njero daging.+ Rasané kaya ana malaékaté Sétan sing terus ngamplengi* aku bèn aku ora sombong. 8 Wis ping telu aku njaluk marang Gusti bèn eri sing ana ing njero dagingku disingkirké. 9 Ning, Dhèwèké ngomong karo aku, ”Aku wis apikan banget karo kowé, merga wektu kowé lemah, kuwasa-Ku dadi kétok jelas.”+ Mula, aku seneng lan bangga karo kelemahanku bèn kuwasané Kristus terus nglindhungi aku kaya kémah. 10 Dadi, aku ngrasa seneng wektu aku lemah, dirèmèhké, kekurangan, dianiaya, utawa ngadhepi keadaan sing angèl demi Kristus. Wektu aku lemah, aku dadi kuwat.+

11 Aku dadi ora masuk akal. Kowé sing nggawé aku dadi kaya ngéné iki, merga kuduné kowé ngomongké apa sing apik soal aku. Senajan aku dudu sapa-sapa,+ aku blas ora kalah karo rasul-rasulmu sing hébat. 12 Kowé wis ndelok dhéwé buktiné nèk aku iki pancèn rasul, merga aku terus sabar+ lan nindakké akèh mukjijat* sing luar biasa.+ 13 Nèk dibandhingké jemaat liya, kowé ora ana kurangé ta? Sing mbédakké kowé karo jemaat liya yaiku aku ora dadi bebanmu.+ Nèk aku salah, aku njaluk ngapura.

14 Wis ping telu iki aku siap marani kowé, lan aku ora péngin dadi bebanmu. Aku ora péngin hartamu, ning aku péngin ketemu karo kowé.+ Dudu anak-anak+ sing kuduné ngumpulké harta kanggo wong tuwané, ning wong tuwané sing kuduné nindakké kuwi kanggo anak-anaké. 15 Ning, aku bakal seneng mènèhké marang kowé apa waé sing tak duwèni lan nyawaku.+ Aku sayang banget karo kowé. Mula, aku ya pantes mbok sayangi, ta? 16 Senajan ngono, aku ora dadi beban kanggo kowé.+ Ning, kowé malah kandha nèk aku ”licik” lan ”ngapusi” kowé. 17 Aku ora nggolèk untung saka kowé liwat wong-wong sing tak kongkon, ta? 18 Wektu aku njaluk supaya Titus marani kowé, lan aku ngongkon salah siji sedulur bèn ngancani dhèwèké,+ Titus blas ora nggolèk untung saka kowé, ta? Dhèwèké nduwé pikiran lan sikap sing padha kaya aku, ta?

19 Apa kowé mikir nèk aku lagi nggawé pembélaan ing ngarepmu? Aku ora kaya ngono. Aku muridé Kristus, lan aku ngomong jujur ing ngarepé Gusti Allah. Sedulur-sedulur sing tak tresnani, sakjané kabèh sing tak tindakké iki tujuané kanggo nguwatké kowé. 20 Aku kuwatir nèk wektu aku teka mengko, kowé ora kaya sing tak karepké, lan aku ya ora kaya sing mbok karepké. Aku kuwatir ana sing padu, iri, nesu, ngèlèk-èlèk wong, nggosip, sombong, lan ora tertib. 21 Mungkin wektu aku marani kowé manèh, Gusti Allahku bakal nggawé aku isin wektu aku ana ing antaramu. Aku ya bakal sedhih banget merga akèh wong sing mbiyèn nindakké dosa isih durung mertobat saka tumindak sing najis, hubungan sèks sing ora pantes,* lan tumindak kurang ajar.*

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim