Mazmur
א [Alef]
Lan seneng nindakké préntahé kuwi bahagia.+
ג [Gimel]
2 Keturunané bakal dadi kuwat ing bumi.
ד [Dalet]
Keturunané wong sing bener bakal diberkahi.+
ה [He]
3 Ing omahé ana harta lan kekayaan.
ו [Waw]
Tumindaké sing bener bakal diéling-éling nganti sakterusé.
ז [Zayin]
4 Kanggo wong sing bener, dhèwèké kaya cahaya sing madhangi panggonan sing peteng.+
ח [Het]
Dhèwèké bener, apikan,* lan gampang mesakké.+
ט [Tet]
5 Wong sing seneng nyilihké duwèké marang wong liya kuwi bahagia.+
י [Yod]
Dhèwèké mesthi adil.
כ [Kaf]
6 Dhèwèké ora bakal kewalahan wektu ana masalah.+
ל [Lamed]
Wong sing bener bakal diéling-éling nganti saklawasé.+
מ [Mem]
7 Dhèwèké ora bakal wedi karo kabar èlèk.+
נ [Nun]
Dhèwèké yakin lan percaya marang Yéhuwah.+
ס [Samekh]
8 Dhèwèké yakin lan ora wedi.+
ע [Ayin]
Akhiré dhèwèké bakal ndelok mungsuh-mungsuhé kalah.+
פ [Pe]
9 Dhèwèké seneng mènèhi lan seneng mbantu wong mlarat.+
צ [Tsade]
Tumindaké sing bener bakal diéling-éling nganti sakterusé.+
ק [Qof]
Dhèwèké bakal dadi saya kuwat lan dimulyakké.*
ר [Res]
10 Wong jahat bakal nesu wektu ndelok kuwi.
ש [Syin]
Wong jahat kuwi bakal putus asa, saya ora séhat, lan mati.
ת [Taw]
Kepénginané wong jahat ora bakal kelakon.+