PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 31
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Wilangan

      • Balas dendam marang wong Midian (1-12)

        • Biléam dipatèni (8)

      • Petunjuk soal rampasan perang (13-54)

Wilangan 31:2

Réferènsi Silang

  • +Mzm 94:1; Yés 1:24; Nah 1:2
  • +Wi 22:7; 25:1-3, 17, 18; 1Kor 10:8; Why 2:14
  • +Wi 27:12, 13; PT 32:48-50

Wilangan 31:5

Réferènsi Silang

  • +Wi 26:51

Wilangan 31:6

Réferènsi Silang

  • +Wi 25:7, 8
  • +Wi 10:2, 9

Wilangan 31:8

Réferènsi Silang

  • +Wi 22:12; 2Ptr 2:15; Why 2:14

Wilangan 31:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”perkémahan sing ana témboké”.

Wilangan 31:12

Réferènsi Silang

  • +Wi 22:1

Wilangan 31:16

Réferènsi Silang

  • +Wi 25:1, 2; Why 2:14
  • +Wi 25:17, 18; PT 4:3; Yos 22:17
  • +Wi 25:9; 1Kor 10:8

Wilangan 31:18

Réferènsi Silang

  • +Wi 31:35

Wilangan 31:19

Réferènsi Silang

  • +Wi 5:2; 19:11, 16
  • +Wi 19:20

Wilangan 31:20

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”mbok sucèkké saka dosa”.

Wilangan 31:23

Réferènsi Silang

  • +Wi 19:9

Wilangan 31:24

Réferènsi Silang

  • +Wi 19:19, 20

Wilangan 31:27

Réferènsi Silang

  • +Yos 22:7, 8; 1Sam 30:24

Wilangan 31:28

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”pajeg”.

Wilangan 31:29

Réferènsi Silang

  • +Wi 18:20, 29

Wilangan 31:30

Réferènsi Silang

  • +PT 12:19
  • +Wi 3:6, 7; 18:2, 3; 1Bb 23:32

Wilangan 31:35

Réferènsi Silang

  • +Wi 31:18

Wilangan 31:41

Réferènsi Silang

  • +Wi 18:8, 19

Wilangan 31:47

Réferènsi Silang

  • +PT 12:19
  • +Wi 3:6, 7; 18:2, 3; 1Bb 23:32

Wilangan 31:48

Réferènsi Silang

  • +Wi 31:4

Wilangan 31:49

Réferènsi Silang

  • +Pa 23:27; Km 26:7, 8

Wilangan 31:52

Cathetan Ngisor

  • *

    1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Wi. 31:2Mzm 94:1; Yés 1:24; Nah 1:2
Wi. 31:2Wi 22:7; 25:1-3, 17, 18; 1Kor 10:8; Why 2:14
Wi. 31:2Wi 27:12, 13; PT 32:48-50
Wi. 31:5Wi 26:51
Wi. 31:6Wi 25:7, 8
Wi. 31:6Wi 10:2, 9
Wi. 31:8Wi 22:12; 2Ptr 2:15; Why 2:14
Wi. 31:12Wi 22:1
Wi. 31:16Wi 25:1, 2; Why 2:14
Wi. 31:16Wi 25:17, 18; PT 4:3; Yos 22:17
Wi. 31:16Wi 25:9; 1Kor 10:8
Wi. 31:18Wi 31:35
Wi. 31:19Wi 5:2; 19:11, 16
Wi. 31:19Wi 19:20
Wi. 31:23Wi 19:9
Wi. 31:24Wi 19:19, 20
Wi. 31:27Yos 22:7, 8; 1Sam 30:24
Wi. 31:29Wi 18:20, 29
Wi. 31:30PT 12:19
Wi. 31:30Wi 3:6, 7; 18:2, 3; 1Bb 23:32
Wi. 31:35Wi 31:18
Wi. 31:41Wi 18:8, 19
Wi. 31:47PT 12:19
Wi. 31:47Wi 3:6, 7; 18:2, 3; 1Bb 23:32
Wi. 31:48Wi 31:4
Wi. 31:49Pa 23:27; Km 26:7, 8
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
  • 38
  • 39
  • 40
  • 41
  • 42
  • 43
  • 44
  • 45
  • 46
  • 47
  • 48
  • 49
  • 50
  • 51
  • 52
  • 53
  • 54
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Wilangan 31:1-54

Wilangan

31 Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Balesen+ wong Midian+ merga tumindaké wong-wong kuwi marang wong Israèl. Bar kuwi, kowé bakal mati.”+

3 Mula Musa kandha marang wong Israèl, ”Wong-wong lanang ing antaramu kudu siap perang nglawan wong Midian lan nindakké préntahé Yéhuwah kanggo mbales wong Midian. 4 Saka saben suku Israèl, utusen prajurit 1.000 kanggo perang.” 5 Mula saka éwonan wong Israèl,+ ana wong 1.000 saka saben suku sing ditugaské kanggo perang. Dadi, jumlahé wong sing siap perang ana 12.000.

6 Terus Musa ngongkon wong-wong kuwi perang, wong 1.000 saka saben suku bareng karo Pinéhas,+ anaké Imam Èléazar, sing nggawa perlengkapan suci lan trompèt-trompèt kanggo mènèhi tandha.+ 7 Wong-wong kuwi maju perang nglawan Midian, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa, lan matèni kabèh wong lanang. 8 Sakliyané kabèh wong lanang kuwi, wong Israèl ya matèni lima raja Midian, yaiku Èwi, Rèkèm, Zur, Hur, lan Réba. Wong Israèl ya matèni Biléam+ anaké Béor nganggo pedhang. 9 Ning wong Israèl nggawa wong-wong wédok lan anak-anaké wong Midian arep didadèkké tawanan. Wong Israèl ya njarah sapi, kambing, domba, ternak, lan hartané wong Midian. 10 Wong Israèl ngobong kabèh kutha sing dienggoni lan perkémahané wong Midian.* 11 Wong-wong kuwi njarah kabèh ternaké wong Midian lan nawan wong Midian. 12 Terus, wong-wong kuwi nggawa tawanan lan jarahan kuwi marang Musa, Imam Èléazar, lan kabèh wong Israèl ing perkémahan ing Padhang Gurun Moab,+ sing ana ing pinggiré Kali Yordan ing cedhaké Yérikho.

13 Terus, Musa, Imam Èléazar, lan kabèh pemimpiné wong Israèl nemoni wong-wong kuwi ing njaba perkémahan. 14 Ning Musa nesu karo wong-wong lanang sing wis dipilih dadi pemimpin pasukan perang kuwi, yaiku para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus sing padha bali saka perang kuwi. 15 Musa kandha, ”Ngapa kok wong wédoké ora mbok patèni? 16 Wong-wong wédok kuwi sing dikongkon Biléam nggodha lan nyebabké wong Israèl ninggalké+ Yéhuwah lan nyembah allah palsu Péor+ nganti umaté Yéhuwah kena wabah penyakit.+ 17 Saiki, patènana kabèh cah lanang lan patènana kabèh wong wédok sing tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang. 18 Ning, kabèh cah wédok sing durung tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang aja mbok patèni.+ 19 Kowé kudu kémah ing njaba perkémahan pitung dina suwéné. Sapa waé sing wis matèni wong lan ndemèk wong mati+ kudu ngresiki awaké+ ing dina ketelu lan kepitu, kowé lan wong sing mbok dadèkké tawanan. 20 Kabèh klambi, barang saka kulit, barang saka kayu, lan kabèh sing digawé saka wulu kambing kudu mbok sucèkké.”*

21 Terus, Imam Èléazar kandha marang para prajurit sing maju perang, ”Iki hukum sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa, 22 ’Emas, pérak, tembaga, wesi, timah putih, timah hitam, 23 lan kabèh sing tahan api kudu diobong bèn dadi resik. Ning, kowé ya kudu ngresiki kuwi kabèh nganggo banyu sing dienggo ngresiki+ bèn kuwi resik nurut Gusti Allah. Kabèh sing ora tahan api kudu dikumbah nganggo banyu. 24 Ing dina kepitu, kowé kudu ngumbah klambimu lan kowé ora bakal najis manèh. Bar kuwi, kowé éntuk mlebu ing perkémahan.’”+

25 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 26 ”Kowé, Imam Èléazar, lan para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Israèl kudu ndaftar jarahan lan ngétung tawanan termasuk manungsa lan kéwan. 27 Jarahan kuwi kudu dibagi loro, kanggo para prajurit sing maju perang lan kanggo wong Israèl liyané.+ 28 Terus, saka bagéan sing diwènèhké marang prajurit sing maju perang, kowé kudu njupuk bagéan* kanggo Yéhuwah. Jupuken siji saka saben 500 wong, sapi, keledai, domba, lan kambing. 29 Jupuken bagéan kuwi lan wènèhna marang Imam Èléazar dadi sumbangan kanggo Yéhuwah.+ 30 Terus, saka bagéan sing diwènèhké marang wong Israèl, jupuken siji saka saben 50 wong, sapi, keledai, kambing, domba, lan kabèh ternak. Terus, wènèhna kuwi marang wong Lèwi+ sing tugas ing tabernakelé Yéhuwah.”+

31 Mula Musa lan Imam Èléazar nindakké kuwi persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 32 Rampasan lan sisa jarahan sing dijupuk para prajurit kuwi ana kambing lan domba sing jumlahé 675.000, 33 sapi 72.000, 34 lan keledai 61.000. 35 Wong wédok sing durung tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang+ ana 32.000. 36 Jatah kanggo prajurit sing perang yaiku kambing lan domba sing jumlahé 337.500. 37 Kambing lan domba sing dadi bagéané Yéhuwah ana 675. 38 Sapiné ana 36.000, lan bagéané Yéhuwah 72. 39 Keledainé ana 30.500, lan bagéané Yéhuwah 61. 40 Wong wédok sing ditawan ana 16.000, lan bagéané Yéhuwah 32. 41 Terus, Musa mènèhké bagéan kuwi marang Imam Èléazar+ dadi sumbangan kanggo Yéhuwah, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

42 Terus, separo bagéan sing dadi jatahé wong Israèl sing wis dipisahké Musa, 43 yaiku kambing lan domba sing jumlahé 337.500, 44 sapi 36.000, 45 keledai 30.500, 46 lan 16.000 wong. 47 Terus, saka jatahé wong Israèl, Musa njupuk siji saka saben 50 wong lan kéwan. Terus, kuwi diwènèhké marang wong Lèwi+ sing tugas ing tabernakelé Yéhuwah,+ kaya préntahé Yéhuwah marang Musa.

48 Bar kuwi, wong-wong lanang sing dipilih dadi pemimpiné éwonan prajurit,+ yaiku para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus, nemoni Musa 49 lan kandha, ”Para abdimu iki wis ngétung para prajurit sing tak pimpin, lan ora ana sing ilang.+ 50 Mula, saben wong ing antaraku arep mènèhi persembahan marang Yéhuwah saka apa sing wis tak tampa, yaiku barang-barang saka emas, gelang sikil, gelang tangan, cincin cap, anting-anting, lan perhiasan liyané bèn dosa-dosaku diapura ing ngarepé Yéhuwah.”

51 Terus, Musa lan Imam Èléazar nampa emas lan kabèh perhiasan kuwi. 52 Emas sing disumbangké wong-wong kuwi marang Yéhuwah jumlahé 16.750 syèkel,* saka para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus. 53 Saben prajurit wis padha njupuk bagéané dhéwé-dhéwé. 54 Musa lan Imam Èléazar nampa emas kuwi saka para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus, terus digawa menyang kémah pertemuan bèn dadi pangéling-éling ing ngarepé Yéhuwah kanggo wong Israèl.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim