Yésaya
43 Yéhuwah kuwi sing nyiptakké Yakub lan sing mbentuk Israèl.+
Dhèwèké ngomong ngéné,
”Aja wedi, merga kowé wis Tak tebus.+
Kowé Tak undang* nganggo jenengmu.
Kowé kuwi duwèk-Ku.
2 Wektu kowé nyabrang laut, kowé bakal Tak tulungi.+
Wektu kowé nyabrang kali, kowé ora bakal kesèrèt.+
Wektu kowé mlaku ngliwati geni, kowé ora bakal gosong
Utawa kobong.
3 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu,
Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci, sing nylametké kowé.
Kowé Tak tebus nganggo Mesir,
Étiopia, lan Séba.
4 Kanggo-Ku, kowé kuwi berharga banget.+
Kowé pantes diajèni, lan Aku sayang karo kowé.+
Nyawamu Tak tebus nganggo wong-wong liya
Lan bangsa-bangsa liya.
5 Aja wedi, merga Aku ndhukung kowé.+
6 Aku bakal ngomong karo tanah ing lor, ’Kowé kudu nyerahké umat-Ku.’+
Aku bakal ngomong karo tanah ing kidul, ’Aja ngalangi umat-Ku mréné.
Gawanen anak-anak-Ku lanang saka panggonan sing adoh, lan gawanen anak-anak-Ku wédok saka ujung-ujungé bumi.+
7 Kabèh wong kuwi disebut nganggo jeneng-Ku.+
Aku wis nggawé lan mbentuk wong-wong kuwi.
Aku nyiptakké wong-wong kuwi bèn Aku dimulyakké.’+
8 Gawanen metu bangsa kuwi, sing nduwé mripat ning ora isa ndelok
Lan sing nduwé kuping ning ora isa ngrungokké.+
9 Kumpulna kabèh bangsa ing sak panggonan,
Lan kumpulna suku-suku bangsa.+
Apa ana allah liya sing isa ngandhani soal iki?
Apa allah kuwi isa ngandhani apa sing bakal kelakon sukmbèn?*+
Mangga nèk arep ngundang seksi-seksi kanggo mbuktèkké nèk allah kuwi bener,
Utawa bèn waé sing liyané krungu lan ngomong, ’Kuwi bener.’”+
10 Yéhuwah ngomong, ”Kowé kuwi seksi-seksi-Ku,+
Abdi-Ku sing wis Tak pilih,+
Bèn kowé isa ngerti lan nduwé iman marang Aku*
Lan ngerti nèk Aku ora berubah.+
Ora ana Gusti Allah sakdurungé Aku,
Lan ora ana Gusti Allah sakwisé Aku.+
11 Aku iki Yéhuwah,+ mung Aku sing isa nylametké kowé.”+
12 Yéhuwah ngomong manèh, ”Aku sing wis nylametké kowé, ngumumké apa sing bakal Tak tindakké, lan ngandhani soal kabèh kuwi
Wektu ora ana allah liya ing antaramu.+
Aku Gusti Allah,+ lan kowé kuwi seksi-seksi-Ku.
13 Aku ora berubah.+
Ora ana sing isa ngrebut apa waé sing Tak cekel.+
Wektu Aku tumindak, apa ana sing isa ngalangi?”+
14 Yéhuwah sing nebus kowé,+ Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,+ ngomong ngéné,
”Aku bakal ngongkon pasukan menyang Babilon lan ngambrukké kabèh gerbangé+
Lan ngalahké wong Khaldéa sing numpak kapal nganti wong-wong kuwi nangis merga susah.+
15 Aku iki Yéhuwah rajamu,+ Gusti Allahmu sing Mahasuci+ lan sing nyiptakké Israèl.”+
17 Dhèwèké nggawé para pasukan, prajurit sing hébat, jaran,+ lan kréta perang padha maju perang.
Dhèwèké ngomong ngéné,
”Wong-wong kuwi bakal ambruk lan ora tangi manèh.+
Wong-wong kuwi bakal mati kaya sumbu sing geniné dipatèni.”
18 ”Sing mbiyèn ora usah mbok éling-éling manèh
Lan ora usah mbok pikirké manèh.
19 Ana sing bakal Tak tindakké,+
Lan saiki kuwi wis mulai Tak tindakké.
Mosok kowé ora ngerti?
Aku bakal nggawé dalan ngliwati padhang belantara.+
Aku ya bakal nggawé kali ngliwati padhang pasir.+
20 Kéwan buas ing padhang belantara bakal ngluhurké Aku.
Asu liar lan manuk unta ya bakal ngluhurké Aku,
Merga Aku wis nyedhiakké banyu ing padhang belantara
Lan nyedhiakké kali ing padhang pasir,+
Bèn banyuné isa diombé umat-Ku sing Tak pilih,+
21 Umat sing Tak bentuk bèn dadi duwèk-Ku
Bèn ngluhurké+ Aku merga apa sing Tak tindakké.
22 Ning kowé, hé Yakub,+ kowé ora njaluk tulung marang Aku,
Merga kowé wis bosen karo Aku, hé Israèl.+
23 Kowé ora mènèhi Aku domba kanggo persembahan bakaran
Lan ora ngluhurké Aku nganggo persembahanmu.
Aku ora tau meksa kowé mènèhké persembahan kanggo Aku.
Aku ya ora njaluk menyan bèn ora nyusahké kowé.+
24 Kowé ora nukokké Aku tebu nganggo dhuwitmu,
Lan kowé ora nggawé Aku puas nganggo gajihé kéwan sing mbok korbanké.+
Ning, kowé malah ngabot-aboti Aku merga dosamu
Lan nyusahké Aku merga kesalahanmu.+
25 Kesalahanmu* Tak hapus+ bèn jeneng-Ku tetep apik.+
Dosamu ora bakal Tak éling-éling.+
26 Ayo ngrembug masalahé awaké dhéwé. Nèk Aku lali, tulung Aku diélingké.
Kowé kudu mènèhi penjelasan bèn kowé isa mbuktèkké nèk kowé bener.
28 Aku nganggep para pemimpin ing panggonan suci kuwi najis.
Aku bakal nggawé Yakub dipatèni
Lan Israèl diécé.+