Mazmur
Lagu sing digawé Daud.
23 Yéhuwah kuwi Gembalaku.+
Aku ora bakal kekurangan apa-apa.+
2 Dhèwèké nggawa aku menyang padhang rumput bèn aku isa turonan.
Dhèwèké nuntun aku menyang panggonan sing akèh banyuné* bèn aku isa lèrèn.+
3 Dhèwèké nggawé aku kuwat manèh.+
Dhèwèké nuntun aku ing dalan sing bener bèn jenengé diluhurké.+
4 Senajan mlaku ing lembah sing peteng banget,+
Aku ora wedi,+
Merga Njenengan nuntun aku+
Lan tongkat-Mu nggawé aku ngrasa aman.
5 Njenengan nyepakké panganan kanggo aku ing ngarepé mungsuh-mungsuhku.+
Njenengan ngolèsi sirahku* nganggo minyak.+
Njenengan ngebaki gelasku.+
6 Sifat apikan lan katresnan-Mu* bakal tak rasakké sakjegé uripku.+
Aku bakal manggon ing omahé Yéhuwah sakjegé uripku.+