-
Mazmur 15:1-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Oh Yéhuwah, sapa sing éntuk dadi tamu ing kémah-Mu?
Sapa sing éntuk manggon ing gunung-Mu sing suci?+
2 Wong sing terus manut* marang Gusti Allah,+
Sing tumindaké bener,+
Lan sing ngomong jujur ing njero atiné.+
3 Dhèwèké ora ngomongké fitnah,+
Ora nindakké sing jahat marang wong liya,+
Lan ora nggawé isin kancané.+
Dhèwèké nepati janjiné* senajan rugi.+
5 Dhèwèké nyilihké dhuwité, ning ora nganggo bunga.+
Dhèwèké ya ora gelem disuap kanggo nudhuh wong sing ora salah.+
Wong sing nindakké kabèh kuwi bakal tetep kukuh.+
-
-
Mazmur 27:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Ana siji sing tak jaluk saka Yéhuwah,
Iki sing tak péngini:
-
-
Mazmur 65:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Wong sing mbok pilih lan mbok jak nyedhak marang Njenengan
Bèn isa manggon ing omah-Mu mesthi bakal bahagia.+
-
-
Mazmur 122:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
122 Aku seneng banget wektu wong-wong kandha,
”Ayo lunga menyang omahé Yéhuwah.”+
-