PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 20
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Samuèl

      • Syéba mbrontak; Yoab matèni Amasa (1-13)

      • Syéba diuber lan sirahé ditugel (14-22)

      • Para pejabaté Daud (23-26)

2 Samuèl 20:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Utawa mungkin ”kémahmu”.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 20:21
  • +PH 3:26, 27; 2Sam 15:10
  • +2Sam 19:43
  • +1Raj 12:16

2 Samuèl 20:2

Réferènsi Silang

  • +WB 24:21
  • +2Sam 19:15, 41, 42

2 Samuèl 20:3

Réferènsi Silang

  • +2Sam 5:11
  • +2Sam 15:16
  • +2Sam 16:21, 22

2 Samuèl 20:4

Réferènsi Silang

  • +2Sam 17:25; 19:13; 1Bb 2:17

2 Samuèl 20:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”abdiné gustimu”.

  • *

    Utawa ”uberen”.

Réferènsi Silang

  • +1Sam 26:6; 2Sam 10:10; 23:18; 1Bb 18:12
  • +2Sam 20:1
  • +2Sam 15:12

2 Samuèl 20:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, pengawal pribadiné Daud.

  • *

    Mungkin Abisyai.

  • *

    Utawa ”nguber”.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:16
  • +2Sam 8:18; 15:18; 1Raj 1:38

2 Samuèl 20:8

Réferènsi Silang

  • +Yos 18:21, 25; 21:8, 17
  • +2Sam 17:25; 19:13

2 Samuèl 20:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nguber”.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 3:27; 1Raj 2:5

2 Samuèl 20:13

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nguber”.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 20:1

2 Samuèl 20:14

Réferènsi Silang

  • +1Raj 15:20; 2Raj 15:29

2 Samuèl 20:19

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”sing kaya ibu”.

  • *

    Lit.: ”pusakané”.

Réferènsi Silang

  • +Pa 19:5; PT 32:9

2 Samuèl 20:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”ngangkat tangané”.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 20:1
  • +Yos 17:14, 15; PH 2:8, 9

2 Samuèl 20:22

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”sunguné”. Deloken ”Sungu” ing Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Pkh 9:14, 15, 18

2 Samuèl 20:23

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, pengawal pribadiné Daud.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:16; 19:13
  • +2Sam 23:20; 1Bb 27:5
  • +1Bb 12:27
  • +2Sam 8:18; 15:18; 1Raj 1:38, 44

2 Samuèl 20:24

Réferènsi Silang

  • +1Raj 4:6; 12:18
  • +1Raj 4:3

2 Samuèl 20:25

Réferènsi Silang

  • +2Sam 15:27
  • +2Sam 17:15; 19:11; 1Raj 4:4

2 Samuèl 20:26

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”imamé”.

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Sam. 20:12Sam 20:21
2 Sam. 20:1PH 3:26, 27; 2Sam 15:10
2 Sam. 20:12Sam 19:43
2 Sam. 20:11Raj 12:16
2 Sam. 20:2WB 24:21
2 Sam. 20:22Sam 19:15, 41, 42
2 Sam. 20:32Sam 5:11
2 Sam. 20:32Sam 15:16
2 Sam. 20:32Sam 16:21, 22
2 Sam. 20:42Sam 17:25; 19:13; 1Bb 2:17
2 Sam. 20:61Sam 26:6; 2Sam 10:10; 23:18; 1Bb 18:12
2 Sam. 20:62Sam 20:1
2 Sam. 20:62Sam 15:12
2 Sam. 20:72Sam 8:16
2 Sam. 20:72Sam 8:18; 15:18; 1Raj 1:38
2 Sam. 20:8Yos 18:21, 25; 21:8, 17
2 Sam. 20:82Sam 17:25; 19:13
2 Sam. 20:102Sam 3:27; 1Raj 2:5
2 Sam. 20:132Sam 20:1
2 Sam. 20:141Raj 15:20; 2Raj 15:29
2 Sam. 20:19Pa 19:5; PT 32:9
2 Sam. 20:212Sam 20:1
2 Sam. 20:21Yos 17:14, 15; PH 2:8, 9
2 Sam. 20:22Pkh 9:14, 15, 18
2 Sam. 20:232Sam 8:16; 19:13
2 Sam. 20:232Sam 23:20; 1Bb 27:5
2 Sam. 20:231Bb 12:27
2 Sam. 20:232Sam 8:18; 15:18; 1Raj 1:38, 44
2 Sam. 20:241Raj 4:6; 12:18
2 Sam. 20:241Raj 4:3
2 Sam. 20:252Sam 15:27
2 Sam. 20:252Sam 17:15; 19:11; 1Raj 4:4
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Samuèl 20:1-26

2 Samuèl

20 Ana wong lanang Bènyamin sing seneng nggawé masalah, jenengé Syéba+ anaké Bikhri.+ Dhèwèké nyebul trompèt* lan kandha, ”Awaké dhéwé ora nduwé urusan karo Daud. Awaké dhéwé ora bakal éntuk manfaat apa-apa saka dhèwèké. Warisané anaké Isai+ kuwi bèn dipèk dhéwé. Hé wong Israèl,+ kowé kudu nyembah allahmu* dhéwé-dhéwé.” 2 Mula, kabèh wong Israèl padha ninggalké Daud lan ngetutké Syéba anaké Bikhri.+ Ning, wong Yéhuda tetep ngetutké rajané saka Kali Yordan menyang Yérusalèm.+

3 Pas tekan ing istanané ing Yérusalèm,+ Raja Daud ngongkon sepuluh seliré pindhah menyang omah sing dijaga. Sepuluh selir kuwi mbiyèn ditinggal kanggo ngurus istana.+ Dhèwèké nyedhiakké panganan, ning ora turu karo selir-selir kuwi.+ Selir-selir kuwi dikurung nganti sakjegé uripé, lan dadi kaya randha senajan bojoné isih urip.

4 Raja kandha marang Amasa,+ ”Kowé kudu mréné. Tak wènèhi wektu telung dina kanggo nglumpukké wong Yéhuda mréné.” 5 Terus, Amasa nglumpukké wong Yéhuda, ning dhèwèké dhéwé tekané malah telat. 6 Daud ngandhani Abisyai,+ ”Syéba+ anaké Bikhri luwih bahaya timbang Absalom.+ Mula, gawanen para abdiku* lan oyaken* dhèwèké, bèn dhèwèké ora lunga ing kutha-kutha sing ana bèntèngé lan lolos saka awaké dhéwé.” 7 Terus pasukané Yoab,+ wong Khèrèti lan wong Pèlèti,*+ lan kabèh prajurit ngetutké dhèwèké.* Wong-wong kuwi mangkat saka Yérusalèm kanggo ngoyak* Syéba anaké Bikhri. 8 Pas wong-wong kuwi ana ing cedhaké watu gedhé ing Gibéon,+ Amasa+ marani wong-wong kuwi. Yoab nganggo klambi perangé, lan ing pinggangé ana pedhang. Pas dhèwèké maju arep nyerang Amasa, pedhangé tiba.

9 Yoab takon marang Amasa, ”Piyé kabarmu, sedulurku?” Terus Yoab nyekel jénggoté Amasa nganggo tangan tengené, kaya-kaya arep ngambung dhèwèké. 10 Amasa ora nggatèkké nèk Yoab nggawa pedhang ing tangané. Terus Yoab nusuk wetengé Amasa+ nganti ususé metu ing lemah. Yoab ora perlu nusuk manèh, merga ditusuk sepisan waé Amasa wis mati. Bar kuwi, Yoab lan Abisyai seduluré ngoyak* Syéba anaké Bikhri.

11 Salah siji anak buahé Yoab ngadeg ing cedhaké Amasa lan kandha, ”Sing dadi balané Yoab lan sing ndhukung Daud, ayo mèlu Yoab.” 12 Wektu kuwi, Amasa nggléthak ing tengah dalan lan awaké kebak getih. Anak buahé Yoab ndelok kabèh wong padha mandheg pas tekan kono. Mula, dhèwèké mindhah Amasa saka dalan, terus nutupi Amasa nganggo kain. 13 Sakwisé Amasa dipindhah saka dalan, kabèh pasukan ngetutké Yoab lan ngoyak* Syéba+ anaké Bikhri.

14 Syéba lunga ing kabèh dhaérah suku Israèl. Akhiré, dhèwèké tekan Abèl-bèt-maaka.+ Keluargané Bikhri padha ngumpul bareng lan mèlu mlebu ing kutha kuwi ngetutké Syéba.

15 Yoab lan pasukané teka lan ngepung Syéba ing Abèl-bèt-maaka, terus mbangun gundhukan watu kanggo nyerang kutha kuwi merga kutha kuwi diubengi bèntèng. Bar kuwi, kabèh pasukané Yoab padha nggali lemah ing ngisoré témbok bèn témboké rubuh. 16 Terus, ana wong wédok sing wicaksana sing mbengok saka kutha, ”Rungokna aku! Tulung ngomong karo Yoab, ’Kowé kudu mréné merga ana sing arep tak omongké.’” 17 Wektu Yoab mara, wong wédok kuwi takon, ”Apa kowé Yoab?” Yoab njawab, ”Ya.” Terus wong wédok kuwi kandha, ”Rungokna omongané abdimu iki.” Yoab njawab, ”Ya.” 18 Wong wédok kuwi kandha manèh, ”Mbiyèn wong-wong mesthi kandha, ’Nèk nduwé masalah, kowé isa lunga menyang Abèl.’ Masalah kuwi mesthi rampung. 19 Aku dadi wakilé wong Israèl sing seneng rukun lan setya. Njenengan péngin ngremuk kutha sing penting* ing Israèl. Ngapa kok njenengan kudu matèni umaté* Yéhuwah?”+ 20 Yoab njawab, ”Ora mungkin aku ngremuk kutha iki. 21 Dudu kuwi karepku. Ngéné lho, ana wong lanang jenengé Syéba+ anaké Bikhri saka dhaérah pegunungan Éfraim.+ Dhèwèké mbrontak* nglawan Raja Daud lan lunga mréné. Nèk kowé isa nyerahké wong lanang kuwi, aku bakal mundur saka kutha iki.” Terus wong wédok mau njawab, ”Ya, sirahé wong kuwi bakal tak uncalké ing ngarepmu saka témbok iki.”

22 Wong wédok sing wicaksana kuwi cepet-cepet mlebu lan ngandhani wong-wong. Terus, wong-wong nugel sirahé Syéba anaké Bikhri lan nguncalké kuwi marang Yoab. Bar kuwi, Yoab nyebul trompèté* lan pasukané bubar ninggalké kutha. Terus, wong-wong kuwi mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.+ Yoab bali marang Raja ing Yérusalèm.

23 Wektu kuwi, Yoab dadi pemimpiné kabèh pasukan Israèl.+ Bénaya+ anaké Yéhoyada+ dadi pemimpiné wong Khèrèti lan wong Pèlèti.*+ 24 Adoram+ ngawasi wong-wong sing dikongkon kerja kanggo raja, Yéhosyafat+ anaké Ahilud kuwi tukang nyathet. 25 Syéwa kuwi sekretaris, Zadok+ lan Abiatar+ kuwi imam. 26 Ira wong Yair ya dadi pejabaté* Daud.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim