PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 12
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Syisyak nyerang Yérusalèm (1-12)

      • Akhir pamréntahané Réhoboam (13-16)

2 Babad 12:1

Réferènsi Silang

  • +2Bb 11:17
  • +PT 32:15; 2Bb 26:11, 16

2 Babad 12:2

Réferènsi Silang

  • +1Raj 11:40; 14:25

2 Babad 12:3

Réferènsi Silang

  • +Nah 3:9

2 Babad 12:5

Réferènsi Silang

  • +1Raj 12:22-24
  • +PT 28:15; 2Bb 15:2

2 Babad 12:6

Réferènsi Silang

  • +2Bb 33:10, 12

2 Babad 12:7

Réferènsi Silang

  • +1Raj 21:29; 2Bb 34:26, 27

2 Babad 12:8

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”nglayani kerajaan-kerajaan”.

2 Babad 12:9

Réferènsi Silang

  • +1Raj 7:51
  • +1Raj 10:16, 17; 14:25-28

2 Babad 12:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”para pelari”.

2 Babad 12:12

Réferènsi Silang

  • +PD 18:23-25; 1Raj 14:1, 13; 2Bb 19:2, 3
  • +2Bb 33:10, 12
  • +KP 3:22

2 Babad 12:13

Réferènsi Silang

  • +PT 23:3; 1Raj 11:1; 14:21

2 Babad 12:14

Réferènsi Silang

  • +1Sam 7:3; 1Raj 18:21; Mrk 12:30

2 Babad 12:15

Réferènsi Silang

  • +1Raj 12:22-24
  • +2Bb 9:29; 13:22
  • +1Raj 14:30, 31

2 Babad 12:16

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 5:9
  • +Mat 1:7

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 12:12Bb 11:17
2 Bb. 12:1PT 32:15; 2Bb 26:11, 16
2 Bb. 12:21Raj 11:40; 14:25
2 Bb. 12:3Nah 3:9
2 Bb. 12:51Raj 12:22-24
2 Bb. 12:5PT 28:15; 2Bb 15:2
2 Bb. 12:62Bb 33:10, 12
2 Bb. 12:71Raj 21:29; 2Bb 34:26, 27
2 Bb. 12:91Raj 7:51
2 Bb. 12:91Raj 10:16, 17; 14:25-28
2 Bb. 12:12PD 18:23-25; 1Raj 14:1, 13; 2Bb 19:2, 3
2 Bb. 12:122Bb 33:10, 12
2 Bb. 12:12KP 3:22
2 Bb. 12:13PT 23:3; 1Raj 11:1; 14:21
2 Bb. 12:141Sam 7:3; 1Raj 18:21; Mrk 12:30
2 Bb. 12:151Raj 12:22-24
2 Bb. 12:152Bb 9:29; 13:22
2 Bb. 12:151Raj 14:30, 31
2 Bb. 12:162Sam 5:9
2 Bb. 12:16Mat 1:7
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 12:1-16

2 Babad

12 Sakwisé kedudukané Réhoboam dadi raja saya kuwat lan kukuh,+ dhèwèké lan kabèh wong Israèl ora manut manèh karo Hukumé Yéhuwah.+ 2 Ing taun kelima pamréntahané Raja Réhoboam, Syisyak+ raja Mesir nyerang Yérusalèm, merga wong Israèl ora setya karo Yéhuwah. 3 Dhèwèké nggawa kréta 1.200, pasukan 60.000 sing numpak jaran, lan para prajurit saka Mesir sing jumlahé ora isa diétung, yaiku wong Libia, wong Sukiim, lan wong Étiopia.+ 4 Dhèwèké ngrebut kutha-kutha ing Yéhuda sing nduwé bèntèng, lan akhiré dhèwèké tekan Yérusalèm.

5 Nabi Syémaya+ marani Réhoboam lan para pemimpiné Yéhuda sing ngumpul ing Yérusalèm merga wedi karo Syisyak. Nabi Syémaya kandha, ”Iki omongané Yéhuwah, ’Kowé wis ninggalké Aku, mula Aku ya bakal ninggalké kowé+ lan nyerahké kowé marang Syisyak.’” 6 Mula, Raja lan para pemimpin Israèl ngrendhahké dhiri+ lan kandha, ”Yéhuwah kuwi adil.” 7 Wektu Yéhuwah weruh nèk wong-wong kuwi ngrendhahké dhiri, Yéhuwah kandha marang Syémaya, ”Wong-wong kuwi wis ngrendhahké dhiri. Aku ora bakal nyingkirké wong-wong kuwi,+ lan sedhéla manèh Aku bakal nylametké wong-wong kuwi. Aku ora bakal nggunakké Syisyak kanggo ngukum Yérusalèm. 8 Ning, wong-wong kuwi bakal dadi pelayané, supaya wong-wong kuwi ngerti bédané nglayani Aku lan nglayani raja-raja* negara liya.”

9 Mula, Syisyak raja Mesir nyerang Yérusalèm. Dhèwèké njarah harta ing omahé Yéhuwah+ lan ing istanané raja. Dhèwèké njupuk kabèh, termasuk kabèh tamèng emas sing digawé Salomo.+ 10 Mula, Raja Réhoboam nggawé tamèng-tamèng tembaga kanggo gantiné, lan kuwi kabèh dipasrahké marang para kepala penjaga* sing njaga lawang istana. 11 Saben Raja teka ing omahé Yéhuwah, para penjaga bakal teka nggawa tamèng-tamèng kuwi, lan sakwisé kuwi bakal dibalèkké manèh ing panggonané para penjaga. 12 Merga Raja Réhoboam wis ngrendhahké dhiri lan tumindaké wong-wong Yéhuda isih ana sing apik,+ mula Yéhuwah ora nesu manèh karo dhèwèké+ lan ora nyingkirké kabèh wong kuwi.+

13 Raja Réhoboam ngupaya éntuk kuwasa sing luwih gedhé ing Yérusalèm lan tetep mréntah. Réhoboam dadi raja pas umuré 41 taun, lan dhèwèké mréntah saksuwéné 17 taun ing Yérusalèm. Yéhuwah milih kutha kuwi saka antarané kabèh suku Israèl bèn dadi panggonan kanggo jenengé. Ibuné Raja jenengé Naama wong Ammon.+ 14 Ning, Réhoboam nindakké apa sing jahat merga dhèwèké ora nduwé tékad ing atiné kanggo nggolèk tuntunané Yéhuwah.+

15 Sejarahé Réhoboam, saka awal nganti akhir, dicathet ing daftar silsilah sing ditulis Nabi Syémaya+ lan Ido,+ wong sing nyampèkké wahyu. Mesthi ana perang antarané Réhoboam lan Yéroboam.+ 16 Akhiré, Réhoboam mati* lan dikubur ing Kutha Daud.+ Terus, Abiya anaké+ dadi raja nggantèni dhèwèké.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim