PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Pamréntahané Réhoboam (1-12)

      • Wong Lèwi sing setya pindhah menyang Yéhuda (13-17)

      • Keluargané Réhoboam (18-23)

2 Babad 11:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”pilihan”.

Réferènsi Silang

  • +PD 49:27; 2Bb 14:8
  • +1Raj 12:21-24

2 Babad 11:2

Réferènsi Silang

  • +2Bb 12:15

2 Babad 11:4

Réferènsi Silang

  • +1Raj 11:31; 2Bb 10:15

2 Babad 11:6

Réferènsi Silang

  • +PD 35:19; Mat 2:1
  • +Am 1:1

2 Babad 11:7

Réferènsi Silang

  • +2Bb 28:18
  • +1Sam 22:1

2 Babad 11:8

Réferènsi Silang

  • +1Bb 18:1
  • +1Sam 23:14

2 Babad 11:9

Réferènsi Silang

  • +2Bb 32:9
  • +Yos 10:10; Yér 34:7

2 Babad 11:10

Réferènsi Silang

  • +Yos 19:42, 48
  • +Yos 14:14, 15; 2Sam 2:1

2 Babad 11:14

Réferènsi Silang

  • +Wi 35:2, 3
  • +1Raj 12:31, 32

2 Babad 11:15

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Lit.: ”kanggo nglayani kambing”.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 13:33
  • +Km 17:7
  • +1Raj 12:26, 28

2 Babad 11:16

Réferènsi Silang

  • +PT 12:11; 1Bb 22:1; 2Bb 15:8, 9; 30:10, 11

2 Babad 11:18

Réferènsi Silang

  • +1Sam 16:6; 17:13

2 Babad 11:20

Réferènsi Silang

  • +2Sam 13:1; 18:33
  • +1Raj 15:1; 2Bb 12:16; Mat 1:7

2 Babad 11:21

Réferènsi Silang

  • +PT 17:17

2 Babad 11:23

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyebar”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 11:5, 11

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 11:1PD 49:27; 2Bb 14:8
2 Bb. 11:11Raj 12:21-24
2 Bb. 11:22Bb 12:15
2 Bb. 11:41Raj 11:31; 2Bb 10:15
2 Bb. 11:6PD 35:19; Mat 2:1
2 Bb. 11:6Am 1:1
2 Bb. 11:72Bb 28:18
2 Bb. 11:71Sam 22:1
2 Bb. 11:81Bb 18:1
2 Bb. 11:81Sam 23:14
2 Bb. 11:92Bb 32:9
2 Bb. 11:9Yos 10:10; Yér 34:7
2 Bb. 11:10Yos 19:42, 48
2 Bb. 11:10Yos 14:14, 15; 2Sam 2:1
2 Bb. 11:14Wi 35:2, 3
2 Bb. 11:141Raj 12:31, 32
2 Bb. 11:151Raj 13:33
2 Bb. 11:15Km 17:7
2 Bb. 11:151Raj 12:26, 28
2 Bb. 11:16PT 12:11; 1Bb 22:1; 2Bb 15:8, 9; 30:10, 11
2 Bb. 11:181Sam 16:6; 17:13
2 Bb. 11:202Sam 13:1; 18:33
2 Bb. 11:201Raj 15:1; 2Bb 12:16; Mat 1:7
2 Bb. 11:21PT 17:17
2 Bb. 11:232Bb 11:5, 11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 11:1-23

2 Babad

11 Wektu tekan Yérusalèm, Réhoboam langsung nglumpukké keturunané Yéhuda lan Bènyamin,+ yaiku 180.000 prajurit terlatih,* kanggo perang nglawan Israèl bèn kerajaan kuwi bali manèh marang Réhoboam.+ 2 Terus Yéhuwah kandha marang Syémaya+ abdiné Gusti Allah sing bener, 3 ”Omonga marang Réhoboam anaké Salomo raja Yéhuda lan marang kabèh wong Israèl ing Yéhuda lan Bènyamin, 4 ’Iki omongané Yéhuwah, ”Aja maju perang nglawan sedulur-sedulurmu. Kowé kudu bali ing omahmu dhéwé-dhéwé, merga Aku sing nggawé kabèh iki kelakon.”’”+ Wong-wong kuwi padha manut omongané Yéhuwah lan mulih ing omahé. Wong-wong kuwi ora nyerang Yéroboam.

5 Réhoboam manggon ing Yérusalèm lan mbangun kutha-kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda. 6 Dhèwèké mbangun bèntèng ing Bètlehèm,+ Étam, Tékoa,+ 7 Bèt-zur, Soko,+ Adulam,+ 8 Gat,+ Marésyah, Zif,+ 9 Adoraim, Lakhis,+ Azéka,+ 10 Zora, Aiyalon,+ lan Hébron.+ Kuwi kabèh kutha-kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda lan Bènyamin. 11 Terus, dhèwèké nggawé kutha-kutha sing ana bèntèngé kuwi dadi saya kuwat. Dhèwèké nugaské para komandan ing kono lan nyedhiakké panganan, minyak, lan anggur. 12 Dhèwèké nyedhiakké tamèng gedhé lan tombak ing kabèh kutha lan nggawé kutha-kutha kuwi dadi luwih kuwat. Dhèwèké tetep mréntah Yéhuda lan Bènyamin.

13 Para imam lan wong Lèwi sing ana ing kabèh dhaérah Israèl padha mihak Réhoboam. Wong-wong kuwi teka saka kabèh wilayahé wong-wong kuwi. 14 Wong Lèwi padha ninggalké padhang rumputé lan tanahé,+ terus mara ing Yéhuda lan Yérusalèm, merga Yéroboam lan anak-anaké lanang mecat wong-wong kuwi saka tugasé dadi imam kanggo Yéhuwah.+ 15 Terus, Yéroboam nglantik dhéwé imam-imam ing panggonan dhuwur*+ kanggo nglayani roh-roh jahat+ sing bentuké kambing* lan patung anak sapi gawéané.+ 16 Wong-wong saka kabèh suku Israèl sing wis mutuské ing atiné kanggo nglayani Yéhuwah Gusti Allahé Israèl padha ngetutké para imam lan wong Lèwi menyang Yérusalèm kanggo mènèhké korban marang Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 17 Telung taun suwéné, wong-wong kuwi nggawé kerajaan Yéhuda dadi saya kuwat lan ndhukung Réhoboam anaké Salomo, merga wong-wong kuwi niru tumindaké Daud lan Salomo saksuwéné telung taun kuwi.

18 Terus, Réhoboam nikah karo Mahalat, sing bapaké jenengé Yérimot anaké Daud, lan ibuné yaiku Abihail anaké Èliab+ anaké Isai. 19 Mahalat nglairké anak-anak lanang yaiku Yéus, Syémaria, lan Zaham. 20 Bar kuwi, Réhoboam nikah karo Maaka putuné Absalom,+ sing akhiré nglairké Abiya,+ Atai, Ziza, lan Syélomit. 21 Réhoboam nduwé bojo 18, selir 60, anak lanang 28, lan anak wédok 60. Réhoboam luwih sayang karo Maaka putuné Absalom timbang kabèh bojo lan seliré sing liyané.+ 22 Mula, Réhoboam nglantik Abiya anaké Maaka dadi kepala lan pemimpin kanggo sedulur-seduluré, merga dhèwèké péngin ndadèkké Abiya dadi raja. 23 Réhoboam tumindak wicaksana. Dhèwèké ngirim* sebagéan anaké lanang menyang kabèh dhaérah Yéhuda lan Bènyamin, menyang kabèh kutha-kutha sing ana bèntèngé,+ lan mènèhi wong-wong kuwi persediaan sing limpah lan bojo sing akèh.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim