Yésaya
49 Hé wong sing manggon ing pulau-pulau, rungokna aku.
Hé wong sing manggon ing negara sing adoh,+ rungokna aku.
Yéhuwah milih aku sakdurungé aku lair.+
Dhèwèké wis nyebut jenengku pas aku isih ing wetengé ibuku.
2 Dhèwèké nggawé omonganku kaya pedhang sing landhep.
Dhèwèké nglindhungi aku nganggo tangané.+
Dhèwèké nggawé aku kaya panah sing digawé landhep
Lan ndèlèhké aku ing wadhah panahé.
3 Dhèwèké ngomong karo aku, ”Hé Israèl,+ kowé abdi-Ku.
Liwat kowé, Aku bakal nduduhké kemuliaan-Ku.”+
4 Ning, aku ngomong, ”Kerja kerasku ora ana gunané.
Tenagaku entèk kanggo nindakké sing ora ana gunané.
Ning aku yakin nèk Yéhuwah bakal adil karo aku
Lan nèk Gusti Allah+ sing mènèhi aku berkah.*
5 Yéhuwah, sing mbentuk aku ing wetengé ibuku bèn aku dadi abdiné,
Ngongkon aku bèn nggawa Yakub bali marang Dhèwèké
Bèn Israèl dikumpulké marang Dhèwèké.+
Yéhuwah bakal nganggep aku pantes diajèni,
Lan Gusti Allahku bakal nguwatké aku.
6 Dhèwèké ngomong, ”Kowé ora mung abdi-Ku
Sing ngumpulké manèh suku-sukuné Yakub
Lan nggawa bali wong Israèl sing isih urip,
Ning kowé ya Tak dadèkké kaya cahaya sing madhangi bangsa-bangsa,+
Bèn Aku isa nylametké kabèh wong, termasuk sing manggon ing ujung-ujung bumi.”+
7 Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahasuci,+ sing nebus Israèl, ngomong karo wong sing direndhahké,+ yaiku wong sing disengiti bangsa-bangsa lan dadi abdiné para pemimpin,
”Raja-raja bakal ndelok lan ngadeg,
Lan para pemimpin bakal sujud
Merga ngajèni Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,+
Sing isa dipercaya, lan sing wis milih kowé.”+
8 Yéhuwah ngomong ngéné,
”Pas Aku apikan, Aku ngrungokké lan njawab kowé.+
Pas wektuné Aku nylametké, Aku nulungi kowé.+
Aku terus nglindhungi kowé. Kowé bakal Tak dadèkké perjanjian antarané Aku karo bangsa-bangsa,+
Bèn keadaané tanah iki isa dadi kaya mbiyèn manèh,
Bèn tanah warisan sing ora kopèn isa dibalèkké manèh marang sing nduwé,+
9 Bèn isa ngongkon para tahanan, ’Ndang metu,’+
Lan bèn isa ngongkon wong sing ana ing panggonan sing peteng,+ ’Ayo mréné.’
Wong-wong kuwi bakal mangan ing pinggir dalan kaya domba.
Bakal ana padhang rumput ing kabèh dalan* sing diliwati.
10 Wong-wong kuwi ora bakal ngelih* lan ngelak.+
Wong-wong kuwi ya ora bakal kepanasen merga kena matahari.+
11 Aku bakal nggawé gunung-gunung dadi dalan,
Lan dalan-dalan-Ku sing gedhé bakal didhuwurké.+
12 Wong-wong kuwi teka saka panggonan sing adoh.+
Ana sing teka saka lor, saka kulon,
Lan saka tanah Sinim.”+
13 Hé langit lan bumi,+ kowé kudu sorak-sorak.
Gunung-gunung, kowé ya kudu sorak-sorak,+
Merga Yéhuwah menghibur umaté,+
Lan Dhèwèké mesakké karo wong-wong sing susah.+
15 Apa ya mungkin ibu lali karo anaké sing isih nyusu?
Apa ya mungkin ibu ora sayang manèh karo anaké kandhung?
Senajan dhèwèké isa lali, Aku ora bakal lali karo kowé.+
16 Jenengmu wis Tak tulis ing tangan-Ku.
Aku terus ngawasi témbok-témbokmu.
17 Anak-anakmu lanang cepet-cepet mulih.
Wong-wong sing ngremuk lan ngrusak kutha-kuthamu bakal padha lunga.
18 Deloken sekitarmu.
Anak-anakmu padha ngumpul+
Lan marani kowé.
Yéhuwah ngomong, ”Aku sumpah demi Aku sing urip,
Anak-anakmu kuwi bakal dadi kaya perhiasan sing mbok enggo,
Kaya kalung sing dienggo mantèn.
19 Senajan panggonanmu hancur lan ora diopèni, terus negaramu dadi reruntuhan,+
Ning saiki panggonanmu dadi sempit merga kebak wong,+
Lan wong-wong sing ngremuk kutha-kuthamu+ bakal padha lunga.+
20 Sakwisé kélangan anak, kowé nglairké anak-anak liyané.
Anak-anak kuwi bakal ngomong ngéné,
’Panggonan iki sempit banget.
Aku butuh panggonan sing luwih amba bèn isa tak enggoni.’+
21 Terus kowé bakal mbatin,
’Aku iki wong wédok sing bar kélangan anak lan mandhul.
Aku ya dibuwang lan dadi tawanan.
Dadi, anak-anak sing diwènèhké aku iki sakjané anaké sapa?
Sapa sing ngopèni anak iki nganti gedhé?+
22 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngomong ngéné,
”Aku bakal ngangkat tangan-Ku bèn bangsa-bangsa padha ndelok.
Aku bakal mènèhi tandha* kanggo suku-suku bangsa.+
Wong-wong kuwi bakal nggéndhong anak-anakmu lanang.
Wong-wong kuwi ya bakal nggéndhong anak-anakmu wédok ing pundhaké.+
23 Raja-raja bakal ngopèni kowé,+
Lan putri raja bakal dadi pembantumu.
Wong-wong kuwi bakal sujud marang kowé+
Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.
Wong sing berharap marang Aku ora bakal isin.”+
24 Apa wong sing ditangkep wong sing kuwat isa dibébaské?
Apa wong sing ditawan wong sing kejem isa dislametké?
25 Yéhuwah ngomong ngéné,
”Wong sing ditangkep wong sing kuwat bakal dibébaské,+
Lan wong sing ditawan wong sing kejem bakal dislametké.+
Aku bakal nglawan wong sing nglawan kowé,+
Lan Aku bakal nylametké anak-anakmu.
26 Aku bakal nggawé wong sing nindhes kowé mangan dagingé dhéwé
Lan ngombé getihé dhéwé nganti mabuk kaya ngombé anggur sing legi.