Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé keturunané Korah.+ Maskil.*
44 Oh Gusti Allah, aku wis krungu,
Nènèk moyangku crita karo aku+
Soal kabèh sing wis mbok tindakké ing jamané nènèk moyangku,
Ing jaman mbiyèn.
2 Njenengan ngusir bangsa-bangsa nganggo kekuwatan-Mu.+
3 Nènèk moyangku isa ngrebut tanah kuwi dudu merga pedhangé dhéwé,+
Lan nènèk moyangku isa menang dudu merga kekuwatané dhéwé.+
4 Oh Gusti Allah, Njenengan kuwi Rajaku.+
Tulung préntahna bèn Yakub isa menang.*
5 Nganggo kekuwatan-Mu, aku bakal ngusir mungsuh-mungsuhku.+
Nganggo jeneng-Mu, aku bakal ngalahké wong-wong sing nglawan aku.+
6 Aku ora ngendelké busur panahku,
Lan pedhangku ora isa nggawé aku slamet.+
7 Njenengan sing nylametké aku saka mungsuh-mungsuhku.+
Njenengan sing ngrèmèhké wong-wong sing sengit karo aku.
8 Saka ésuk tekan bengi, aku bakal muji Gusti Allah,
Lan aku bakal ngluhurké jeneng-Mu saklawasé. (Sela)
9 Ning, saiki Njenengan ninggalké lan ngrèmèhké aku,
Lan Njenengan ora ndhukung pasukanku.
10 Njenengan nggawé aku mlayu saka mungsuh-mungsuhku.+
Wong-wong sing sengit karo aku ngrampas kabèh duwèkku sak pénaké dhéwé.
11 Njenengan nyerahké aku marang mungsuh-mungsuhku bèn aku dipatèni kaya domba.
Njenengan nggawé aku mencar ing antarané bangsa-bangsa.+
12 Njenengan ngedol umat-Mu nganggo rega sing murah banget.+
Njenengan blas ora éntuk untung.
13 Njenengan nggawé aku diécé tangga-tanggaku.
Aku diécé lan diguyu karo wong-wong ing sekitarku.
14 Njenengan nggawé aku diécé bangsa-bangsa.+
Ing ngarepku, wong-wong kuwi gèdhèg-gèdhèg karo ngécé aku.
15 Saka ésuk tekan bengi, aku ngrasa direndhahké,
Lan aku isin banget,
16 Merga aku krungu wong-wong kuwi ngécé lan ngrendhahké aku
Lan merga mungsuhku péngin balas dendam.
17 Senajan aku ngalami kabèh kuwi, aku ora lali karo Njenengan
Lan aku ora nglanggar perjanjian-Mu karo aku.+
18 Aku setya karo Njenengan.
Aku ora nglanggar préntah-Mu.
19 Ning, Njenengan nggawé aku kalah ing panggonané asu liar ngumpul.
Njenengan nggawé aku sengsara banget.
20 Nèk aku lali karo jenengé Gusti Allahku
Utawa ndonga marang allah-allah liya,
21 Gusti Allah mesthi bakal ngerti.
Dhèwèké ngerti rahasia sing disimpen ing njero ati.+
22 Merga aku ngabdi marang Njenengan, saben dina aku arep dipatèni.
Aku dianggep kaya domba sing arep dibelèh.+
23 Oh Yéhuwah, ngapa kok Njenengan meneng* waé?+
Tulung Njenengan tumindak. Aja ninggalké aku saklawasé.+
24 Ngapa Njenengan ninggalké aku?*
Ngapa kok Njenengan lali nèk aku susah lan sengsara?
25 Aku direndhahké nganti dadi kaya debu.
Aku nggléthak ing lemah,+ ora isa ngapa-ngapa.
26 Tulungana aku.+