PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Yéhuda nglanggar perjanjian karo Gusti Allah (1-17)

        • Allah-allahé padha akèhé kaya kutha-kuthané (13)

      • Yérémia kaya anak domba sing arep dibelèh (18-20)

      • Yérémia arep dipatèni karo wong-wong saka kutha asalé (21-23)

Yérémia 11:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Kayané préntah kanggo Yérémia.

Yérémia 11:3

Réferènsi Silang

  • +PT 27:26; 28:15

Yérémia 11:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Iki lambang penindasan sing kejem.

Réferènsi Silang

  • +Pa 24:3
  • +Pa 13:3; PT 4:20
  • +Km 26:3, 12

Yérémia 11:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Dadia kaya ngono”.

Réferènsi Silang

  • +PD 15:18; Pa 3:8; Km 20:24; PT 6:3

Yérémia 11:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 7:13; 25:4; 35:15

Yérémia 11:8

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”utawa ngarahké kupingé”.

Réferènsi Silang

  • +Yés 65:2; Yér 7:24, 26; Yèh 20:8; Za 7:11, 12

Yérémia 11:10

Réferènsi Silang

  • +PH 2:11, 17; 1Sam 8:8; 2Raj 22:17
  • +2Bb 28:22, 23
  • +PT 31:16; 2Raj 17:6, 7; Hos 6:7

Yérémia 11:11

Réferènsi Silang

  • +2Raj 22:16; Yér 6:19; Yèh 7:5
  • +Yés 1:15; Yér 14:12; Yèh 8:18; Mi 3:4

Yérémia 11:12

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”sing digawèkké asap korban”.

Réferènsi Silang

  • +PT 32:37, 38; Yér 2:28

Yérémia 11:13

Réferènsi Silang

  • +Yér 7:9, 10

Yérémia 11:14

Réferènsi Silang

  • +Yér 7:16; 14:11

Yérémia 11:15

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, Yéhuda.

Yérémia 11:17

Réferènsi Silang

  • +Yés 5:2; Yér 2:21
  • +Yér 19:5, 15

Yérémia 11:19

Réferènsi Silang

  • +Yér 18:18

Yérémia 11:20

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”ginjal”.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 28:9; Yér 17:10; 20:12

Yérémia 11:21

Réferènsi Silang

  • +Yér 1:1
  • +Yés 30:10; Am 2:12; 7:16

Yérémia 11:22

Réferènsi Silang

  • +2Bb 36:17; KP 2:21
  • +Yér 18:21

Yérémia 11:23

Réferènsi Silang

  • +Yos 21:8, 18

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 11:3PT 27:26; 28:15
Yér. 11:4Pa 24:3
Yér. 11:4Pa 13:3; PT 4:20
Yér. 11:4Km 26:3, 12
Yér. 11:5PD 15:18; Pa 3:8; Km 20:24; PT 6:3
Yér. 11:7Yér 7:13; 25:4; 35:15
Yér. 11:8Yés 65:2; Yér 7:24, 26; Yèh 20:8; Za 7:11, 12
Yér. 11:10PH 2:11, 17; 1Sam 8:8; 2Raj 22:17
Yér. 11:102Bb 28:22, 23
Yér. 11:10PT 31:16; 2Raj 17:6, 7; Hos 6:7
Yér. 11:112Raj 22:16; Yér 6:19; Yèh 7:5
Yér. 11:11Yés 1:15; Yér 14:12; Yèh 8:18; Mi 3:4
Yér. 11:12PT 32:37, 38; Yér 2:28
Yér. 11:13Yér 7:9, 10
Yér. 11:14Yér 7:16; 14:11
Yér. 11:17Yés 5:2; Yér 2:21
Yér. 11:17Yér 19:5, 15
Yér. 11:19Yér 18:18
Yér. 11:201Bb 28:9; Yér 17:10; 20:12
Yér. 11:21Yér 1:1
Yér. 11:21Yés 30:10; Am 2:12; 7:16
Yér. 11:222Bb 36:17; KP 2:21
Yér. 11:22Yér 18:21
Yér. 11:23Yos 21:8, 18
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 11:1-23

Yérémia

11 Iki omongané Yéhuwah marang Yérémia: 2 ”Hé umat-Ku, rungokna isiné perjanjian iki.

”Sampèkna iki* marang wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm. 3 Ngomonga, ’Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, kandha, ”Wong sing ora manut isiné perjanjian iki bakal dikutuk.+ 4 Perjanjian iki Tak gawé karo nènèk moyangmu pas Aku nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ saka panggonan kanggo nglebur wesi.*+ Isiné yaiku, ’Manuta omongan-Ku, lan kowé kudu nindakké kabèh sing Tak préntahké marang kowé. Mula kowé bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu.+ 5 Dadi, Aku isa nepati sumpah-Ku marang nènèk moyangmu kanggo mènèhi wong-wong kuwi tanah sing akèh susu lan maduné,’+ yaiku tanah sing mbok enggoni nganti saiki.”’”

Terus aku njawab, ”Amin,* Yéhuwah.”

6 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Umumna kabèh omongan iki ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm, ’Rungokna isiné perjanjian iki, lan tindakna kuwi. 7 Pas nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir, Aku wis ngélikké wong-wong kuwi, ”Manuta omongan-Ku.”+ Aku isih terus* ngélikké wong-wong kuwi nganti saiki. 8 Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.* Wong-wong kuwi malah ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Mula, Aku ngukum wong-wong kuwi sesuai karo apa sing ditulis ing perjanjian. Kuwi perjanjian sing wis Tak préntahké bèn ditindakké wong-wong kuwi lan perjanjian sing wis ditolak wong-wong kuwi.’”

9 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm padha sekongkol. 10 Wong-wong kuwi padha nindakké manèh kesalahané nènèk moyangé mbiyèn, sing ora gelem manut omongan-Ku.+ Wong-wong kuwi ya nyembah lan nglayani allah-allah liya.+ Wong Israèl lan wong Yéhuda wis nglanggar perjanjian sing Tak gawé karo nènèk moyangé.+ 11 Kuwi sebabé Yéhuwah kandha, ’Aku bakal nyebabké wong-wong kuwi kena bencana,+ lan ora ana sing isa lolos. Pas wong-wong kuwi njaluk tulung marang Aku, Aku ora bakal ngrungokké.+ 12 Terus, penduduk kutha-kutha Yéhuda lan Yérusalèm bakal lunga marang allah-allah sing biasané diwènèhi korban.* Wong-wong kuwi padha njaluk tulung marang allah-allah kuwi,+ ning allah-allah kuwi ora bakal isa nylametké pas wong-wong kuwi kena bencana. 13 Oh Yéhuda, allah-allahmu akèhé padha kaya kutha-kuthamu. Kowé mbangun mézbah lan mènèhké korban marang Baal,+ brahala sing ora ana gunané kuwi. Mézbah-mézbah kuwi jumlahé padha akèhé kaya dalan-dalan Yérusalèm.’

14 ”Kowé Yérémia, aja ndonga kanggo bangsa iki. Aja sambat utawa ndonga kanggo wong-wong kuwi.+ Nèk wong-wong kuwi ngalami bencana lan njaluk tulung marang Aku, mesthi ora bakal Tak rungokké.

15 Ngapa umat sing Tak tresnani kuwi ana ing omah-Ku,

Padahal akèh sing wis nindakké rencana jahat?

Apa mbok kira nèk mènèhké korban isa nyegah bèn kowé ora ngalami bencana,

Terus bar kuwi kowé* isa seneng-seneng?

16 Yéhuwah tau nyebut kowé wit zaitun sing subur,

Sing indah lan buahé apik.

Ning nganggo swara banter, Dhèwèké ngobong wit kuwi,

Lan mungsuh-mungsuh nugel cabang-cabangé.

17 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan, sing nandur kowé,+ wis kandha nèk kowé bakal ngalami bencana merga kejahatan sing wis ditindakké wong Israèl lan wong Yéhuda. Wong-wong kuwi mènèhké korban marang Baal kanggo nglarani ati-Ku.”+

18 Yéhuwah wis ngandhani aku bèn aku ngerti.

Oh Gusti Allah, wektu kuwi Njenengan nduduhké tumindaké wong-wong kuwi marang aku.

19 Aku kaya anak domba jinak sing digiring arep dibelèh.

Aku ora ngerti nèk wong-wong kuwi nggawé rencana jahat iki marang aku:+

”Ayo ngancurké wit lan buahé.

Ayo matèni dhèwèké, bèn jenengé ora diéling-éling manèh.”

20 Ning, Yéhuwah pemimpiné pasukan ngadili nganggo cara sing adil.

Dhèwèké mriksa ati+ lan pikiran.*

Oh Gusti Allah, tulung ijinké aku ndelok Njenengan mbales wong-wong kuwi

Merga kasusku wis tak pasrahké Njenengan.

21 Kuwi sebabé Yéhuwah kandha marang wong-wong Anatot+ sing péngin matèni aku, sing kandha, ”Aja ngramal nganggo jeneng Yéhuwah.+ Nèk nékad, kowé bakal tak patèni.” 22 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Aku bakal ngukum wong-wong kuwi. Cah-cah lanang bakal dipatèni nganggo pedhang.+ Anak-anaké wong-wong kuwi, sing lanang lan sing wédok, bakal mati merga kelaparan.+ 23 Ora ana sing isih tetep urip, merga Aku bakal nggawé wong-wong Anatot+ kena bencana, yaiku ing taun wong-wong kuwi dihukum.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim