Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud.
65 Oh Gusti Allah, Njenengan bakal dipuji ing Gunung Zion.+
Aku bakal nepati janjiku marang Njenengan.+
2 Oh Gusti Allahku, Njenengan kuwi sing ngrungokké donga. Kabèh wong bakal marani Njenengan.+
4 Wong sing mbok pilih lan mbok jak nyedhak marang Njenengan
Bèn isa manggon ing omah-Mu mesthi bakal bahagia.+
5 Oh Gusti Allah sing nylametké aku,
Njenengan bakal njawab nganggo tumindaké Njenengan sing bener lan luar biasa.+
Wong-wong sing manggon ing kabèh bagéan ing bumi,+ termasuk sing ana ing sabrang laut,
Percaya marang Njenengan.
Nganggo kekuwatan-Mu, Njenengan* ndèlèhké gunung ing panggonané.
7 Njenengan nggawé ombak laut sing gemuruh dadi tenang.+
Njenengan ya nggawé bangsa-bangsa sing kisruh dadi tenang.+
8 Wong-wong ing panggonan sing adoh bakal nggumun wektu ndelok tumindak-Mu sing luar biasa.+
Njenengan bakal nggawé wong-wong saka wétan nganti kulon sorak-sorak merga seneng.
9 Njenengan ngopèni bumi,
Nggawé tanahé subur lan ngasilké buah sing akèh.+
Kali saka Gusti Allah kuwi kebak banyu.
Njenengan nyedhiakké panganan kanggo manungsa.+
Ya kaya ngono kuwi Njenengan nggawé bumi dadi subur.
10 Njenengan ngratakké lemahé lan mènèhi banyu ing lemah sing bar dibajak.
Njenengan nggawé lemahé gembur, lan Njenengan mberkahi lemahé bèn metu tunasé.+
11 Njenengan mènèhi berkah sing akèh saben taun.
Ing endi waé Njenengan mara, Njenengan mènèhi apa waé sing apik.*+
12 Ing padhang rumput sing ana ing padhang belantara, ana akèh suket sing seger+
Lan swara seneng ing bukit-bukit.+
Kabèh nyanyi lan sorak-sorak merga seneng.+