Mazmur
א [Alef]
4 Njenengan wis mènèhi aku préntah
Bèn nindakké peraturan-Mu.+
5 Aku péngin banget+
Isa terus manut karo peraturan-Mu,*
6 Bèn aku ora isin+
Wektu mikirké préntah-Mu.
7 Aku bakal muji Njenengan sak tulusé atiku
Wektu aku sinau soal keputusan-Mu sing adil.
8 Aku bakal nindakké kabèh peraturan-Mu.
Aja nganti Njenengan ninggalké aku.
ב [Bet]
9 Piyé carané bèn cah enom uripé tetep resik?
Dhèwèké kudu manut karo omongan-Mu.+
10 Aku saktulusé ati nggolèki tuntunan-Mu.
Aja nganti aku nglanggar préntah-Mu.+
11 Omongan-Mu terus tak éling-éling lan tak anggep berharga+
Bèn aku ora nggawé dosa marang Njenengan.+
12 Oh Yéhuwah, muga-muga Njenengan dipuji.
Tulung ajari aku peraturan-Mu.
13 Aku wis nyritakké
Kabèh préntah sing mbok wènèhké.
14 Aku ngrasa seneng merga ngerti peraturan-Mu,+
Luwih seneng timbang nduwèni kabèh barang sing berharga.+
16 Aku seneng karo hukum-Mu.
Aku ora bakal lali karo omongan-Mu.+
ג [Gimel]
17 Tulung Njenengan apikan karo abdi-Mu iki
Bèn aku isa tetep urip lan nindakké omongan-Mu.+
18 Tulung bantu aku bèn isa ngerti tenan
Hukum-Mu sing luar biasa kuwi.
19 Aku mung wong asing ing negara liya.+
Aja nganti Njenengan ora ngandhani aku préntah-Mu.
20 Aku péngin banget
Ngerti soal hukum-Mu.
21 Njenengan nyenèni wong sing lancang,
Yaiku wong sing dikutuk merga ora manut karo préntah-Mu.+
22 Tulungi aku bèn aku ora diécé lan direndhahké manèh
Merga aku wis nindakké peraturan-Mu.
23 Malah wektu para pemimpin padha ngumpul lan ngèlèk-èlèk aku,
Aku tetep mikirké tenanan* peraturan-Mu.
24 Aku seneng karo peraturan-Mu.+
Kuwi kabèh dadi naséhat kanggo aku.+
ד [Dalet]
25 Aku nggléthak ing debu.+
Tulung lindhungi aku bèn aku ora mati, kaya janji-Mu* marang aku.+
26 Aku nyritakké kabèh tumindakku marang Njenengan, lan Njenengan njawab aku.
Tulung ajari aku préntah-Mu.+
27 Bantu aku bèn paham artiné* peraturan-Mu,
Supaya aku isa mikirké tenanan* tumindak-Mu sing luar biasa.+
28 Aku ora isa turu merga sedhih banget.
Tulung bantu aku bèn tetep kuwat, kaya janji-Mu* marang aku.
29 Tulung bantu aku bèn ora dadi wong sing seneng ngapusi,+
Lan tulung ajari aku hukum-Mu.
30 Aku nduwé tékad bèn tetep setya.+
Aku ngakoni nèk hukum-Mu kuwi bener.
31 Aku terus manut karo peraturan-Mu.+
Oh Yéhuwah, aja nganti aku kecéwa.*+
32 Aku péngin banget manut karo préntah-Mu
Merga Njenengan mènèhi aku pemahaman sing luwih akèh.*
ה [He]
33 Oh Yéhuwah, tulung ajari aku+ peraturan-Mu.
Kuwi bakal terus tak tindakké.+
34 Bantu aku bèn ngerti,
Supaya aku isa manut
Lan saktulusé atiku nindakké hukum-Mu.
35 Aku seneng karo préntah-Mu,+
Mula tuntunen aku bèn kuwi kabèh isa tak tindakké.
37 Bantu aku bèn ora ndelok sing ora ana gunané.+
Tulung lindhungi aku bèn manut karo préntah-Mu supaya aku ora mati.
39 Hukum-Mu kuwi apik,+
Mula tulungi aku bèn aku ora diécé merga aku wedi diécé.
40 Aku péngin banget nindakké peraturan-Mu,
Tulung lindhungi aku bèn aku ora mati merga Njenengan adil.
ו [Waw]
41 Oh Yéhuwah, muga-muga Njenengan nresnani* aku+
Lan nylametké aku, kaya janji-Mu* marang aku,+
42 Bèn aku isa njawab wong sing ngécé aku,
Merga aku percaya karo omongan-Mu.
43 Tulung bantu aku bèn terus ngomongké apa sing bener,
Merga aku berharap* Njenengan nggawé keputusan sing adil.
44 Aku bakal terus manut karo hukum-Mu
Nganti saklawasé.+
45 Aku bakal aman ing endi waé aku lunga+
Merga aku ngupaya manut karo peraturan-Mu.
46 Malah, pas ana ing ngarepé raja, aku bakal tetep nyritakké soal hukum-Mu.
Aku ora bakal ngrasa isin.+
47 Aku seneng karo préntah-Mu,
Aku seneng banget.+
48 Aku bakal ndonga karo ngangkat tanganku merga aku seneng banget karo préntah-Mu,+
ז [Zayin]
50 Kuwi sing nggawé aku tenang senajan susah,+
Merga omongan-Mu wis mbantu aku bèn aku ora mati.
51 Wong sing lancang ngécé aku entèk-entèkan,
Tapi aku tetep ora nglanggar hukum-Mu.+
53 Aku nesu banget karo wong jahat
Sing ora manut karo hukum-Mu.+
55 Oh Yéhuwah, pas bengi aku éling karo jeneng-Mu,+
Bèn aku isa terus manut karo hukum-Mu.
56 Kuwi dadi kebiasaanku
Merga aku péngin manut karo peraturan-Mu.
ח [Het]
57 Yéhuwah kuwi sing tak duwèni.*+
Aku wis janji bakal manut karo omongan-Mu.+
58 Aku njaluk marang Njenengan saktulusé atiku.+
Tulung mesakké aku,+ kaya janji-Mu* marang aku.
59 Aku mikirké apa sing wis tak tindakké,
Bèn aku isa manut karo peraturan-Mu manèh.+
60 Aku cepet-cepet lan ora nunda-nunda
Nindakké préntah-Mu.+
62 Pas tengah wengi, aku tangi merga arep ngucap syukur marang Njenengan+
Merga Njenengan nggawé keputusan sing adil.
64 Oh Yéhuwah, katresnan-Mu* kétok ing kabèh panggonan ing bumi.+
Tulung ajari aku peraturan-Mu.
ט [Tet]
65 Oh Yéhuwah, Njenengan wis apikan karo abdi-Mu iki,
Kaya janji-Mu* marang aku.
66 Tulung ajari aku bèn nduwé pengetahuan lan pertimbangan sing apik+
Merga aku percaya karo préntah-Mu.
67 Mbiyèn sakdurungé aku ngalami kesusahan, aku kerep nggawé kesalahan tanpa sengaja,
Ning saiki aku manut karo omongan-Mu.+
68 Njenengan kuwi apikan,+ lan tumindak-Mu apik.
Tulung ajari aku peraturan-Mu.+
69 Wong sing lancang ngomongké sing ora bener soal aku,
Ning aku saktulusé ati manut karo peraturan-Mu.
71 Ana apiké aku ngalami kesusahan,+
Bèn aku isa luwih ngerti soal peraturan-Mu.
י [Yod]
73 Njenengan* sing nggawé lan mbentuk aku.
Bantu aku bèn ngerti,
Supaya aku isa luwih ngerti soal préntah-Mu.+
74 Wong sing wedi marang* Njenengan ngrasa seneng pas ndelok aku
75 Oh Yéhuwah, aku ngerti nèk keputusan-Mu kuwi adil.+
Njenengan ngukum aku merga Njenengan setya.+
78 Muga-muga wong sing lancang dadi isin,
Merga wong-wong kuwi nglarani aku tanpa alesan.*
Ning, aku bakal mikirké tenanan* peraturan-Mu.+
79 Muga-muga wong sing wedi marang* Njenengan
Lan sing ngerti peraturan-Mu cedhak karo aku manèh.
כ [Kaf]
82 Aku ngentèni janji-Mu kelakon.+
Aku takon, ”Kapan Njenengan bakal nggawé aku tenang?”+
83 Aku kaya wadhah ngombé saka kulit sing garing kena asap,
Tapi aku ora lali karo peraturan-Mu.+
84 Nganti kapan abdi-Mu iki kudu ngentèni?
Kapan Njenengan bakal ngukum wong sing nganiaya aku?+
85 Wong sing lancang lan sing nglanggar hukum-Mu
Nggali lubang kanggo aku bèn aku kecemplung ing kono.
86 Kabèh préntah-Mu isa dipercaya.
Tulungi aku merga wong-wong nganiaya aku tanpa alesan.+
87 Wong-wong kuwi mèh waé matèni aku,
Ning aku tetep manut karo peraturan-Mu.
88 Merga Njenengan nresnani* aku, tulung lindhungi aku bèn aku ora mati,
Supaya aku isa manut karo peraturan sing mbok wènèhké marang aku.
ל [Lamed]
89 Oh Yéhuwah, omongan-Mu bakal terus ana ing swarga+
Nganti saklawasé.
90 Njenengan setya nganti sakterusé.+
Njenengan nggawé bumi ana nganti saklawasé lan tetep ana ing panggonané.+
91 Kabèh kuwi tetep ana nganti saiki merga peraturan-Mu,
Merga kabèh ciptaan-Mu kuwi abdi-Mu.
92 Nèk aku ora seneng karo hukum-Mu,
Aku mesthi wis mati merga kesusahanku.+
93 Aku ora bakal lali karo peraturan-Mu.
Aku isa tetep urip merga Njenengan mènèhi aku peraturan kuwi.+
95 Wong jahat nggolèk kesempatan kanggo matèni aku,
Ning aku terus mikirké peraturan-Mu.
96 Aku wis ndelok nèk kabèh sing sampurna kuwi ana batesé,
Ning préntah-Mu ora ana batesé.*
מ [Mem]
97 Aku seneng banget karo hukum-Mu.+
Kuwi tak pikirké tenanan* saben dina.+
100 Aku luwih wicaksana timbang wong-wong sing wis tuwa
Merga aku manut karo peraturan-Mu.
101 Aku ora bakal nindakké kejahatan+
Merga aku péngin manut karo omongan-Mu.
102 Aku ora nglanggar hukum-Mu
Merga Njenengan wis ngajari aku.
103 Omongan-Mu kuwi nyenengké banget,
Rasané luwih legi timbang madu.+
נ [Nun]
105 Omongan-Mu kuwi kaya lampu sing madhangi aku wektu mlaku
Lan kaya cahaya sing madhangi dalanku.+
106 Aku wis nggawé sumpah nèk bakal nindakké hukum-Mu sing adil,
Lan kuwi mesthi bakal tak tepati.
107 Aku sengsara banget.+
Oh Yéhuwah, tulung lindhungi aku bèn aku ora mati, kaya janji-Mu* marang aku.+
108 Oh Yéhuwah, muga-muga Njenengan seneng nampa pujian sing tak wènèhké dadi persembahan sukaréla,*+
Lan tulung ajari aku hukum-Mu.+
109 Aku terus ngadhepi bahaya sing ngancam nyawaku,
Ning aku ora lali karo hukum-Mu.+
110 Wong jahat masang perangkap kanggo aku,
Tapi aku tetep manut karo peraturan-Mu.+
112 Aku nduwé tékad terus manut karo peraturan-Mu
Sakjegé uripku, nganti aku mati.
ס [Samekh]
114 Njenengan kuwi tamèngku lan sing nglindhungi aku.+
Aku percaya karo* omongan-Mu.+
115 Hé wong jahat,+ aja cedhak-cedhak karo aku,
Bèn aku isa manut préntahé Gusti Allahku.
Aja nganti sing tak harapké ora kelakon merga kuwi bakal nggawé aku kecéwa.*+
118 Njenengan ora gelem nampa wong sing ora manut karo peraturan-Mu,+
Merga wong kuwi munafik lan seneng ngapusi.
119 Njenengan nyingkirké kabèh wong jahat ing bumi kaya nyingkirké sampah.+
Kuwi sebabé aku seneng karo peraturan-Mu.
120 Awakku* ndredheg merga wedi banget marang Njenengan.
Aku wedi nèk ora manut karo hukum-Mu.
ע [Ayin]
121 Aku wis nindakké sing bener lan adil.
Aja nggawé aku dikalahké wong sing nindhes aku.
122 Tulung Njenengan janji nèk bakal nulungi abdi-Mu iki.
Aja nganti wong sing lancang nindhes aku.
125 Aku iki abdi-Mu. Tulung bantu aku bèn nduwé pemahaman+
Supaya aku ngerti peraturan-Mu.
126 Oh Yéhuwah, saiki wis wektuné Njenengan tumindak+
Merga wong-wong wis nglanggar hukum-Mu.
127 Kuwi sebabé aku luwih seneng karo préntah-Mu
Timbang karo emas murni.+
128 Aku nganggep kabèh petunjuk-Mu* kuwi bener.+
Aku sengit karo kabèh tumindak sing salah.+
פ [Pe]
129 Aku manut karo peraturan-Mu
Merga peraturan-Mu kuwi apik banget.
130 Wektu omongan-Mu dijelaské, wong dadi isa éntuk pengetahuan.+
Wong sing ora nduwé pengalaman dadi nduwé pemahaman.+
131 Aku péngin banget ngrungokké préntah-Mu,+
Nganti rasané ora isa ambegan.
132 Tulung gatèkna aku lan mesakké aku,+
Kaya sing wis mbok tindakké marang wong sing nresnani jeneng-Mu.+
133 Tuntunen aku* nganggo omongan-Mu.
Tulung bantu bèn aku ora dikuwasani karo apa sing jahat.+
134 Slametna* aku saka wong sing nindhes aku,
Lan aku bakal terus manut karo peraturan-Mu.
135 Muga-muga Njenengan seneng* karo aku.+
Tulung ajari aku peraturan-Mu.
136 Aku nangis
Merga wong-wong ora manut karo hukum-Mu.+
צ [Tsade]
138 Peraturan sing mbok wènèhké kuwi bener
Lan tenanan isa dipercaya.
139 Semangatku kanggo ngabdi kuwi kaya geni sing murub ing njero awakku,+
Merga aku ndelok mungsuh-mungsuhku ngrèmèhké omongan-Mu.
141 Kanggoné wong liya, aku iki ora penting lan rendhah,+
Tapi aku ora tau lali karo peraturan-Mu.
143 Senajan aku susah lan sengsara,
Aku tetep seneng karo préntah-Mu.
144 Peraturan-Mu kuwi bener nganti saklawasé.
Tulung bantu aku bèn nduwé pemahaman+ supaya aku isa tetep urip.
ק [Qof]
145 Oh Yéhuwah, tulung jawab aku merga aku ndonga sak tulusé atiku.
Aku bakal manut karo peraturan-Mu.
146 Aku ndonga marang Njenengan. Slametna aku.
Aku bakal manut karo peraturan-Mu.
147 Aku tangi sakdurungé matahari terbit merga péngin njaluk tulung,+
Sebab aku percaya karo* omongan-Mu.
149 Rungokna aku merga Njenengan sayang karo* aku.+
Oh Yéhuwah, tulung lindhungi aku bèn aku ora mati merga Njenengan adil.
150 Wong sing tumindaké bejat* marani aku.
Dhèwèké ora gelem manut karo hukum-Mu.
151 Oh Yéhuwah, Njenengan cedhak karo aku.+
Kabèh préntah-Mu kuwi bener.+
152 Kèt mbiyèn aku wis sinau soal peraturan-Mu
Sing mbok gawé kanggo sakterusé.+
ר [Res]
153 Tulung deloken kesusahanku, lan slametna aku+
Merga aku ora lali karo hukum-Mu.
154 Tulung bélanen aku,* lan slametna aku.+
Tulung lindhungi aku bèn aku ora mati, kaya janji-Mu* marang aku.
155 Wong jahat ora bakal dislametké
Merga ora ngupaya manut karo peraturan-Mu.+
156 Oh Yéhuwah, Njenengan gampang mesakké.+
Tulung lindhungi aku bèn aku ora mati, merga Njenengan adil.
157 Mungsuhku lan wong sing nganiaya aku ana akèh,+
Tapi aku ora nglanggar peraturan-Mu.
158 Aku sengit banget nèk ndelok wong sing seneng ngapusi
Merga wong kuwi ora manut karo omongan-Mu.+
159 Oh Yéhuwah, aku seneng banget karo peraturan-Mu.+
Merga Njenengan nresnani* aku, tulung lindhungi aku bèn aku ora mati.
160 Kabèh omongan-Mu kuwi bener,+
Lan keputusan-Mu sing adil bakal ana sakterusé.
ש [Sin] utawa [Syin]
162 Aku ngrasa seneng merga omongan-Mu,+
Kaya wong sing nemu harta karun.
163 Aku sengit banget karo kabèh sing ora bener.+
Aku seneng banget karo hukum-Mu.+
164 Aku muji Njenengan sedina ping pitu
Merga keputusané Njenengan sing adil.
165 Wong sing seneng karo hukum-Mu ngrasa ayem banget.+
Ora ana sing isa nggawé wong kuwi kesandhung.
166 Oh Yéhuwah, aku berharap Njenengan nylametké aku,
Lan aku manut karo préntah-Mu.
167 Aku manut lan seneng banget+
Karo peraturan-Mu.
168 Aku manut karo préntah lan peraturan-Mu,
Merga Njenengan ngerti kabèh sing tak tindakké.+
ת [Taw]
169 Oh Yéhuwah, muga-muga Njenengan ngrungokké wektu aku njaluk tulung.+
Liwat omongan-Mu, Njenengan mbantu aku bèn nduwé pemahaman.+
170 Muga-muga Njenengan ngrungokké dongaku.
Slametna aku, kaya janji-Mu* marang aku.
171 Muga-muga aku isa terus muji Njenengan,+
Merga Njenengan ngajari aku peraturan-Mu.
172 Omongan-Mu bakal tak dadèkké lagu sing tak nyanyèkké,+
Merga kabèh préntah-Mu kuwi bener.
174 Oh Yéhuwah, aku selak péngin mbok slametké.
Aku seneng karo hukum-Mu.+
175 Muga-muga aku isa terus urip bèn isa muji Njenengan.+
Muga-muga hukum-Mu isa terus mbantu aku.