Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nganggo alat musik bersenar. Lagu sing digawé Asaf.+
76 Wong-wong ing Yéhuda kenal Gusti Allah.+
Jenengé terkenal ing Israèl.+
3 Ing kono, Dhèwèké nugel panah sing ana geniné,
Tamèng, pedhang, lan senjata perang.+ (Sela)
4 Njenengan bersinar padhang banget.*
Njenengan luwih hébat timbang gunung sing dadi panggonané kéwan sing diburu.
5 Wong sing kendel wis dijarah.+
Wong-wong kuwi wis mati.*
Kabèh prajurité ora nduwé kekuwatan manèh.+
7 Mung Njenengan sing hébat banget.+
Pas Njenengan nesu, sapa sing isa tahan?+
8 Saka swarga, Njenengan ngumumké penghukuman marang mungsuh-mungsuhé Njenengan.+
Wong-wong ing bumi wedi lan meneng waé+
9 Wektu Gusti Allah nggunakké kekuwatané lan ngukum mungsuh-mungsuhé
Bèn isa nylametké wong sing rendah hati.+ (Sela)
10 Wektu manungsa nesu, kuwi kesempatan bèn Njenengan dipuji.+
Pas manungsa isih nesu, kuwi kesempatan bèn Njenengan dimulyakké.
11 Kowé kudu nggawé janji marang Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kuwi kudu mbok tepati.+
Muga-muga kabèh sing ana ing sekitaré padha nggawa hadiah merga wedi marang* Dhèwèké.+
12 Dhèwèké bakal ngrendhahké para pemimpin sing sombong.
Dhèwèké bakal nggawé raja-raja ing bumi wedi.